Langsung mlebu

Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

Jawaban ing Alkitab

 Bencana alam kuwi dudu saka Gusti Allah. Malah, Dhèwèké mesakké lan péngin mènèhi penghiburan kanggo wong-wong sing kena bencana saiki. (2 Korintus 1:3) Terus, sukmbèn Gusti Allah ya bakal nyingkirké bencana liwat Kerajaané.

 Apa buktiné nèk bencana alam saiki dudu hukuman saka Gusti Allah?

 Mémang, mbiyèn Gusti Allah tau ngukum wong jahat nganggo bencana alam. Tapi, bencana alam sing ana saiki dudu hukuman saka Gusti Allah. Apa bédané?

  •   Wong apik ya isa kena bencana alam. Tapi nèk Gusti Allah ngukum nganggo bencana alam, sing mati mung sing jahat thok. Contoné, wektu matèni wong-wong ing Sodom lan Gomora, Gusti Allah nylametké Lot lan anaké loro. (Purwaning Dumadi 19:29, 30) Gusti Allah isa ngerti isi atiné kabèh wong lan mung nyingkirké wong sing jahat.​—Purwaning Dumadi 18:23-​32; 1 Samuèl 16:7.

  •   Bencana alam kuwi kelakoné tiba-tiba. Tapi nèk Gusti Allah arep ngukum nganggo bencana alam, Dhèwèké mesthi ngandhani sik. Dadi, wong-wong sing gelem manut préntahé isa slamet.​—Purwaning Dumadi 7:​1-5; Matius 24:38, 39.

  •   Ana bencana alam sing kelakon gara-gara manungsa kuwi dhéwé. Kok isa? Manungsa wis ngrusak lingkungan, lan mbangun ing dhaérah sing kerep kena gempa bumi, banjir, lan bencana liyané. (Wahyu 11:18) Dadi, kuwi dudu salahé Gusti Allah.​—Wulang Bebasan 19:3.

 Apa bencana alam kuwi tandhané akhir jaman?

 Ya. Ing Alkitab wis diramalké nèk ing ”akhir jaman” bakal ana akèh bencana. (Matius 24:3; 2 Timotius 3:1) Contoné, Yésus ngomong, ”Bakal ana kelaparan lan gempa bumi ing endi-endi.” (Matius 24:7) Tapi sukmbèn Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah, termasuk bencana alam.​—Wahyu 21:​3, 4.

 Piyé carané Gusti Allah mbantu wong-wong sing kena bencana alam?

Seksi-Seksi Yéhuwah ndandani omah sing bar kena badai ing Puerto Rico

 Saran ing Alkitab bèn siap wektu ana bencana alam

 Mémang, Alkitab kuwi dudu buku panduan soal bencana alam. Tapi, ing kono ana pathokan sing isa ditrapké. Contoné:

  •   Kudu siap sik sakdurungé. Menurut Alkitab, ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya.” (Wulang Bebasan 22:3) Sakdurungé ana bencana, awaké dhéwé kudu nggawé rencana. Misalé, nyiapké tas darurat lan ngrembug karo keluarga kudu ngumpul ing endi nèk ana bencana.

  •   Luwih ngutamakké nyawa ketimbang harta. Ing Alkitab disebutké, ”Awaké dhéwé ora nggawa apa-apa wektu lair ing donya, lan awaké dhéwé ya ora nggawa apa-apa wektu mati.” (1 Timotius 6:​7, 8) Pas bencana, awaké dhéwé kudu ikhlas ninggalké omah lan sing diduwèni bèn isa slamet. Nyawa kuwi luwih penting.​—Matius 6:​25.