2 Korintus 1:1-24

  • Salam (1, 2)

  • Penghiburan saka Gusti Allah ing keadaan apa waé (3-11)

  • Rencana perjalanané Paulus berubah (12-24)

1  Surat saka Paulus lan Timotius+ seduluré awaké dhéwé. Aku, Paulus, dipilih dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah. Surat iki kanggo jemaaté Gusti Allah sing ana ing Korintus, termasuk kabèh wong suci sing ana ing Akhaya.+  Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.  Muga-muga Gusti Allah, Bapaké Yésus Kristus+ Gustiné awaké dhéwé, dipuji. Dhèwèké kuwi Bapak sing gampang mesakké+ lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé.+  Dhèwèké menghibur* awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan.+ Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi,+ awaké dhéwé isa menghibur wong liya+ sing ngalami kesusahan apa waé.  Awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan merga dadi muridé Kristus, ning awaké dhéwé ya nampa akèh penghiburan merga Kristus.+  Aku ngalami kesusahan bèn kowé éntuk penghiburan lan isa slamet. Nèk aku nampa penghiburan, kuwi ya menghibur kowé. Penghiburan kuwi bakal mbantu kowé sabar ngadhepi kesusahan kaya sing tak alami.  Aku percaya banget karo kowé. Merga kowé ngalami kesusahan kaya aku, kowé ya bakal nampa penghiburan kaya aku.+  Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal kesusahan sing tak alami ing Asia.+ Kesusahan sing tak alami kuwi abot banget lan ora isa tak adhepi nganggo kekuwatanku dhéwé, nganti aku mikir nèk aku mesthi mati.+  Sakjané, aku ngrasa nèk aku mesthi bakal mati. Tapi, kesusahan sing tak alami iki nggawé aku ora ngendelké awakku dhéwé, ning ngendelké Gusti Allah+ sing isa nguripké manèh wong mati. 10  Dhèwèké wis nylametké aku saka bahaya sing nyebabké kematian. Aku yakin nèk sukmbèn Dhèwèké bakal nylametké aku.+ 11  Kowé isa mbantu aku nèk kowé ndongakké aku.+ Nèk akèh sing ndongakké, Gusti Allah bakal njawab donga kuwi lan mbantu aku. Hasilé wong akèh bakal ngucap syukur merga Gusti Allah wis mbantu aku.+ 12  Aku bangga nduwé hati nurani sing resik merga wektu ing antarané wong-wong ing donya iki, khususé wektu aku ana ing antaramu, uripku suci lan ora munafik, kaya sing Gusti Allah wulangké. Aku ora ngendelké kawicaksanané donya iki,+ ning ngendelké Gusti Allah sing apikan banget. 13  Aku mung nulis soal apa waé sing mbok pahami. Aku berharap kowé isa terus paham soal iki 14  kaya wong-wong ing antaramu sing wis paham. Wong-wong kuwi paham nèk aku nggawé kowé bangga. Aku ya bakal bangga karo kowé pas Yésus Gustiné awaké dhéwé teka. 15  Aku yakin soal iki. Wektu kuwi, aku nggawé rencana arep marani kowé sik bèn kowé ngrasa seneng manèh.* 16  Wektu kuwi, aku péngin marani kowé pas aku arep menyang Makédonia. Terus, bar saka Makédonia, aku péngin mampir manèh. Sakwisé kuwi, kowé isa ngancani aku nganti sebagéan perjalananku menyang Yudéa.+ 17  Aku ora asal-asalan wektu nggawé rencana kuwi. Aku nggawé rencana kuwi ora kanggo kepentinganku dhéwé utawa bèn aku isa ngomong ”ya” terus ngomong ”ora”. 18  Padha kaya Gusti Allah isa dipercaya, apa waé sing tak omongké ya isa dipercaya. Aku ora bakal ngomong ”ya” terus ngomong ”ora”. 19  Sakliyané kuwi, aku, Silvanus,* lan Timotius+ martakké soal Yésus Kristus Anaké Gusti Allah. Dhèwèké ora tau ngomong ”ya” terus ngomong ”ora”. Nèk dhèwèké ngomong ”ya”, kuwi mesthi ”ya”. 20  Kabèh janjiné Gusti Allah dadi ”ya” liwat Yésus.+ Kuwi sebabé, awaké dhéwé ngucapké ”Amin” marang Gusti Allah+ liwat dhèwèké, bèn awaké dhéwé isa nggawé Gusti Allah diluhurké. 21  Gusti Allah sing mènèhi jaminan nèk aku lan kowé duwèké Kristus. Gusti Allah ya sing nglantik awaké dhéwé.+ 22  Dhèwèké wis ndèlèhké meterai marang awaké dhéwé.+ Meterai kuwi yaiku roh suci+ sing ana ing atiné awaké dhéwé, lan kuwi dadi jaminan kanggo apa sing bakal teka. 23  Aku durung teka menyang Korintus merga aku ora péngin nggawé kowé dadi saya sedhih. Gusti Allah sing dadi seksiné. 24  Aku dudu majikan sing ngatur-ngatur imanmu.+ Aku mung kanca nyambut gawé sing nggawé kowé seneng. Kowé isa kuwat merga imanmu dhéwé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nguwatké”.
Utawa mungkin ”kowé éntuk manfaat ping loro”.
Jeneng liyané yaiku Silas.