Kisah Para Rasul 11:1-30

  • Pétrus mènèhi laporan marang para rasul (1-18)

  • Barnabas lan Saul ing Antiokhia Siria (19-26)

    • Murid-murid disebut Kristen kanggo sing pertama kaliné (26)

  • Agabus ngramalké soal kelaparan (27-30)

11  Para rasul lan sedulur-sedulur ing Yudéa krungu nèk wong-wong saka bangsa liya ya wis nampa omongané Gusti Allah.  Mula, wektu Pétrus tekan Yérusalèm, murid-murid sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat+ mulai protès marang* Pétrus.  Wong-wong kuwi kandha, ”Kok isa kowé mara ing omahé wong sing ora disunat lan mangan bareng karo wong-wong kuwi?”  Terus, Pétrus njelaské kabèh sing wis dhèwèké alami. Pétrus kandha,  ”Ing kutha Yopa, wektu aku lagi ndonga, aku éntuk wahyu. Aku ndelok ana kaya kain linèn amba mudhun saka langit lan pucuké papat kaya dicekeli. Kain kuwi mudhun persis ing ngarepku.+  Pas tak deloki tenanan, jebulé ing kono ana kéwan-kéwan sikil papat, kéwan-kéwan liar, kéwan-kéwan sing nggremet* ing lemah, lan manuk-manuk ing langit.  Aku ya krungu ana swara sing kandha, ’Ngadega, Pétrus. Belèhen, terus panganen kéwan-kéwan kuwi.’  Ning, aku njawab, ’Gusti, aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis. Aku ora mungkin mangan kuwi.’  Swara saka langit kuwi ngomong manèh, ’Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.’ 10  Kuwi kelakon nganti ping telu, terus kabèh kuwi langsung keangkat menyang langit. 11  Pas nampa wahyu kuwi, ana wong telu sing teka ing panggonanku nginep. Wong-wong kuwi saka Kaisaréa+ lan dikongkon nggolèki aku. 12  Terus, roh suci ngandhani aku bèn aku lunga bareng wong-wong kuwi tanpa ragu-ragu. Aku dikancani karo sedulur enem lan pas wis tekan, aku karo sedulur-sedulur kuwi mlebu ing omahé Kornélius. 13  ”Kornélius nyritakké nèk ana malaékat sing teka ing omahé lan kandha, ’Kongkonen wong menyang Yopa lan nggolèki wong sing jenengé Simon sing ya disebut Pétrus.+ 14  Dhèwèké bakal ngandhani piyé carané bèn kowé lan keluargamu isa dislametké.’ 15  Ning wektu aku mulai ngomong, wong-wong ing kono nampa roh suci, kaya sing wis awaké dhéwé tampa mbiyèn.+ 16  Pas ndelok kuwi, aku kèlingan apa sing wis tau diomongké Gusti, yaiku, ’Yohanes mbaptis nganggo banyu,+ ning kowé bakal dibaptis nganggo roh suci.’+ 17  Gusti Allah wis mènèhi hadiah marang awaké dhéwé merga awaké dhéwé percaya karo Gusti Yésus Kristus. Lha nèk saiki Gusti Allah ya mènèhi wong-wong kuwi hadiah sing padha kaya sing awaké dhéwé tampa, mosok aku isa ngalang-ngalangi karepé Gusti Allah?”+ 18  Wektu krungu kuwi, murid-murid sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat mau dadi ora protès manèh.* Murid-murid kuwi ngluhurké Gusti Allah lan kandha, ”Saiki wis jelas. Gusti Allah ya mènèhi kesempatan wong-wong sing dudu Yahudi bèn isa mertobat supaya nampa urip.”+ 19  Sakwisé Stéfanus dipatèni,+ murid-murid dianiaya lan mencar ing Fénisia, Siprus, lan Antiokhia. Ning, murid-murid kuwi martakké kabar apik mung marang wong Yahudi.+ 20  Tapi, ana murid-murid saka Siprus lan Kiréné sing teka ing Antiokhia, lan mulai martakké kabar apik soal Gusti Yésus marang wong-wong sing basané Yunani. 21  Yéhuwah* ndhukung murid-murid kuwi. Akèh wong sing percaya lan dadi muridé Gusti.+ 22  Wektu jemaat ing Yérusalèm krungu kabar kuwi, Barnabas+ diutus menyang Antiokhia. 23  Pas wis tekan, Barnabas seneng banget merga ndelok nèk Gusti Allah bener-bener apikan karo murid-murid ing kono. Terus, Barnabas nyemangati sedulur-sedulur ing kono bèn terus manut karo Gusti saktulusé ati.+ 24  Barnabas kuwi wong sing apik, dituntun roh suci, lan nduwé iman sing kuwat. Kuwi sebabé, saya akèh wong dadi percaya marang Gusti.+ 25  Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Tarsus lan nggolèki Saul nganti ketemu.+ 26  Sakwisé ketemu, Barnabas ngejak Saul menyang Antiokhia. Saksuwéné setaun, Barnabas lan Saul ngumpul bareng karo jemaat ing kono lan mulang akèh wong. Ya ing Antiokhia kuwi, liwat tuntunané Gusti Allah murid-murid disebut Kristen kanggo pertama kaliné.+ 27  Wektu kuwi, ana nabi-nabi+ saka Yérusalèm sing teka ing Antiokhia. 28  Salah sijiné yaiku Agabus.+ Liwat tuntunané roh suci, dhèwèké kandha nèk sedhéla manèh bakal ana kelaparan sing parah ing sak donya.+ Kuwi kelakon tenan pas jamané Klaudius. 29  Mula, murid-murid mutuské kanggo ngirim bantuan+ marang sedulur-sedulur ing Yudéa, sesuai karo kesanggupané dhéwé-dhéwé.+ 30  Bantuan kuwi dikirimké marang para pinituwa ing kana liwat Barnabas lan Saul.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”mulai debat karo”.
Utawa ”rèptil”.
Lit.: ”dadi padha meneng”.
Deloken Lamp. A5.