Yésaya 61:1-11

  • Dipilih kanggo martakké kabar apik (1-11)

    • ”Wektuné Yéhuwah nduduhké rasa mesakké” (2)

    • ”Kaya wit sing gedhé lan kuwat” (3)

    • Wong asing bakal mbantu (5)

    • ”Imamé Yéhuwah” (6)

61  Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa mènèhi aku roh suciné.+ Yéhuwah milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong sing rendah hati.+ Dhèwèké ngongkon aku nambani* lukané wong sing lara ati,Ngandhani nèk wong sing ditawan bakal dibébaské,Ngandhani nèk para tahanan bakal isa ndelok manèh,+   Ngandhani nèk wis tekan wektuné* Yéhuwah nduduhké rasa mesakké,Ngandhani nèk wis tekan wektuné* Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé,+Menghibur kabèh wong sing sedhih,+   Nggatèkké wong sing sedhih merga Zion,Mènèhi wong-wong kuwi hiasan sirah gantiné awu,Mènèhi wong-wong kuwi minyak bèn ngrasa seneng lan ora sedhih manèh,Lan mènèhi wong-wong kuwi klambi sing isa dienggo pas muji Aku bèn wong-wong kuwi ora putus asa manèh. Wong-wong kuwi bakal nindakké akèh tumindak sing bener. Wong-wong kuwi bakal dadi kaya wit sing gedhé lan kuwat,Sing ditandur Yéhuwah, bèn isa ngluhurké Dhèwèké.+   Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh panggonan sing mbiyèn dadi reruntuhan Lan panggonan sing wis suwé ora dienggoni.+ Wong-wong kuwi bakal ndandani kutha-kutha sing wis hancur,+Sing wis suwé banget ora dienggoni.+   ”Wong asing bakal teka lan ngopèni domba-dombamu. Wong-wong kuwi+ ya bakal dadi petani lan tukang kebon anggurmu.+   Kowé bakal disebut para imamé Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi bakal nyebut kowé para abdiné Gusti Allah. Kowé bakal nggunakké hartané bangsa-bangsa.+ Kowé bakal bangga merga harta sing mbok tampa saka bangsa-bangsa.   Umat-Ku ora bakal ngrasa isin, tapi bakal éntuk berkah ping loro luwih akèh. Wong-wong kuwi ora bakal direndhahké, tapi bakal seneng lan sorak-sorak merga berkah kuwi. Wong-wong kuwi bakal éntuk berkah ping loro luwih akèh ing tanahé.+ Wong-wong kuwi bakal terus ngrasa bahagia.+   Aku, Yéhuwah, seneng karo apa sing adil.+ Aku sengit karo apa sing ora bener lan karo wong sing ngrampok.+ Aku setya, lan Aku bakal mènèhi umat-Ku upah. Aku bakal nggawé perjanjian sing ana saklawasé karo umat-Ku.+   Keturunané* umat-Ku bakal dikenal bangsa-bangsa,+Lan anak putuné bakal dikenal suku-suku bangsa. Kabèh wong sing ndelok wong-wong kuwi bakal ngertiNèk wong-wong kuwi keturunan sing diberkahi Yéhuwah.”+ 10  Aku bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah. Atiku seneng banget merga Gusti Allah.+ Tumindaké kanggo nylametké aku kaya klambi sing dianggokké aku.+ Wektu Dhèwèké kandha nèk aku nindakké sing bener, kuwi kaya nèk Dhèwèké nganggokké aku jubah,Kaya mantèn lanang sing nganggo serban,*+ Lan kaya mantèn wédok sing nganggo perhiasan. 11  Kaya bumi sing ngetokké tunas Lan kaya kebon sing nggawé benih sing disebar ing kono thukul,Ya kaya ngono kuwi Yéhuwah Gusti sing MahakuwasaBakal nindakké apa sing bener+ lan nggawé bangsa-bangsa muji+ Dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”mbalut”.
Lit.: ”tauné”.
Lit.: ”dinané”.
Lit.: ”Benihé”.
Lit.: ”serban sing dienggo imam”.