Wulang Bebasan 19:1-29

  • Pemahaman nggawé ora gampang nesu (11)

  • Wong wédok sing seneng padu kaya atap bocor (13)

  • Wong wédok wicaksana saka Yéhuwah (14)

  • Ndhidhik anak mumpung ana kesempatan (18)

  • Bakal wicaksana nèk ngrungokké naséhat (20)

19  Luwih apik dadi wong mlarat sing tumindaké bener,+Timbang dadi wong bodho sing seneng ngapusi.+   Wong sing ora nduwé pengetahuan kuwi ora apik,+Lan wong sing kesusu tumindak bakal nggawé dosa.   Merga bodho, ana wong sing nindakké apa sing salah,Lan ing njero atiné, dhèwèké nesu karo Yéhuwah.   Wong sugih akèh kancané,Ning wong mlarat malah ditinggalké kancané dhéwé.+   Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,+Lan wong sing terus-terusan ngapusi ora bakal bébas saka hukuman.+   Akèh wong sing péngin njupuk atiné para pejabat,*Lan kabèh wong péngin dadi kancané wong sing seneng mènèhi hadiah.   Wong mlarat disengiti karo kabèh seduluré.+ Malah dhèwèké ya diedohi kanca-kancané.+ Dhèwèké terus-terusan njaluk tulung, ning ora ana sing perduli.   Wong sing nduwé pertimbangan sing apik sayang karo dhèwèké dhéwé,+Lan wong sing terus nduduhké pertimbangan bakal berhasil.+   Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,Lan wong sing terus-terusan ngapusi mesthi bakal dipatèni.+ 10  Wong sing bodho ora pantes urip méwah,Lan pembantu ora pantes mréntah para pemimpin.+ 11  Pemahaman nggawé wong ora gampang nesu.+ Lan dhèwèké bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.*+ 12  Raja sing nesu kuwi kaya singa* sing nyuwara banter,+Ning raja sing apikan kuwi kaya embun ing tanduran. 13  Kanggoné bojoné, wong wédok sing seneng padu* kuwi kaya atap sing terus-terusan bocor.+ Anak sing bodho nggawé bapaké susah.+ 14  Omah lan kekayaan kuwi warisan saka bapak,Ning wong wédok* sing wicaksana* kuwi saka Yéhuwah.+ 15  Wong sing males senengé turu terus,Lan wong sing kesèd bakal ngelih.*+ 16  Wong sing manut karo préntah bakal terus urip.+ Wong sing ora perduli karo akibat saka tumindaké mesthi bakal mati.+ 17  Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi,+Lan Dhèwèké bakal mbales* tumindaké wong mau.+ 18  Dhidhiken anakmu mumpung isih ana kesempatan.+ Nèk ora, kowé sing bakal tanggung jawab nèk* dhèwèké mati.+ 19  Wong sing gampang nesu bakal kena akibaté. Nèk kowé ngupaya nglindhungi dhèwèké saka akibaté, kuwi kudu mbok tindakké ping bola-bali.+ 20  Rungokna naséhat lan tampanen dhidhikan,+Bèn sukmbèn kowé isa dadi wicaksana.+ 21  Wong isa nggawé akèh rencana,Ning rencanané* Yéhuwah sing bakal kelakon.+ 22  Wong sing nduduhké katresnan* bakal disenengi wong liya.+ Luwih apik dadi wong mlarat timbang seneng ngapusi. 23  Wong sing wedi marang* Yéhuwah bakal terus urip.+ Wong sing kaya ngono turuné bakal pénak, lan dhèwèké ora bakal kena bahaya.+ 24  Wong sing kesèd mung ndèlèhké tangané ing mangkok,Lan saking kesèdé, dhèwèké wegah nglebokké panganan ing cangkemé.+ 25  Kowé kudu nggebug wong sing seneng ngécé,+ bèn wong sing ora nduwé pengalaman dadi isa mikir lan ora mèlu-mèlu tumindaké,+Lan kowé kudu ngandhani wong sing nduwé pemahaman bèn pengetahuané dadi luwih akèh.+ 26  Wong sing kasar karo bapaké lan ngusir ibunéKuwi anak sing ngisin-isini lan ngrusak réputasiné* dhéwé.+ 27  Anakku, nèk kowé ora gelem ngrungokké dhidhikan manèh,Kowé bakal kélangan pengetahuan sing wis mbok duwèni. 28  Seksi palsu ngrèmèhké keadilan,+Lan wong jahat ngrasa seneng wektu nindakké sing jahat, kaya wong sing ngrasa seneng wektu mangan.+ 29  Wong sing seneng ngécé mesthi bakal dihukum,+Lan wong sing bodho mesthi bakal digebugi gegeré.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”atiné wong sing seneng mènèhi”.
Utawa ”pelanggaran”.
Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.
Utawa ”seneng muni-muni”.
Utawa ”bojo”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”ngupahi”.
Utawa ”Nèk ora, kowé péngin”.
Utawa ”naséhaté; tujuané”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”jenengé”.