Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Mènèhi Bantuan Wektu Ana Bencana Alam?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Mènèhi Bantuan Wektu Ana Bencana Alam?

 Ya. Seksi-Seksi Yéhuwah kerep mbantu wektu ana bencana alam. Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu anggotané lan uga wong-wong sing dudu Seksi, merga ngetrapaké ajarané Alkitab ing Galati 6:10, ”Ayo padha gawé becik marang wong kabèh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.” Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya nglipur lan nguwataké sing kena bencana alam.—2 Korinta 1:3, 4.

Ngatur Bantuan

 Wektu ana bencana alam, pinituwa ing jemaat sing dhaérahé kena bencana, ngupaya ngubungi kabèh anggota jemaat kanggo mesthèkaké kabèh slamet lan supaya ngerti bantuan apa sing dibutuhaké. Pinituwa kuwi banjur langsung ngirim laporan menyang kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah ing negara kuwi bab kahanan ing kono lan bantuan apa waé sing wis diupayakaké.

 Yèn jemaat-jemaat sing ana ing dhaérah bencana alam kuwi ora bisa nyukupi apa sing dibutuhaké, Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah ngatur supaya bantuan bisa langsung dikirim. Iki padha kaya apa sing ditindakaké wong Kristen abad kapisan wektu mbantu seduluré sing kurang pangan. (1 Korinta 16:1-4) Kantor cabang ing negara sing kena musibah kuwi banjur nggawé Panitya kanggo Mbantu sing Kena Musibah supaya ngatur lan ngirim bantuan. Seksi-Seksi Yéhuwah saka dhaérah liya uga lila nggunakaké wektu lan bandhané kanggo mbantu sing kena bencana alam.—Wulang Bebasan 17:17.

Ragad

 Sumbangan sing ditampa kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah, salah sijiné digunakaké kanggo mbantu sing kena bencana alam. (Para Rasul 11:27-30; 2 Korinta 8:13-15) Merga kabèh sing mbantu ora dibayar, mula kabèh sumbangané bisa digunakaké kanggo mbantu sing kena bencana alam. Seksi-Seksi Yéhuwah setiti banget nggunakaké dhuwit sumbangan.—2 Korinta 8:20.