Wahyu 11:1-19

  • Seksi loro (1-13)

    • Mènèhi ramalan saksuwéné 1.260 dina (3)

    • Dipatèni lan mayaté ora dikubur (7-10)

    • Diuripké manèh sakwisé telung dina setengah (11, 12)

  • Cilaka sing keloro wis liwat, cilaka sing ketelu bakal teka (14)

  • Trompèt kepitu (15-19)

    • Kerajaané Gustiné awaké dhéwé lan Kristusé (15)

    • Wong-wong sing lagi ngrusak bumi bakal disingkirké (18)

11  Terus, aku diwènèhi kayu sing kaya tongkat+ kanggo ngukur lan diwènèhi préntah, ”Ngadega, lan ukuren baité Gusti Allah lan mézbahé. Terus, étungen jumlahé wong-wong sing ngibadah ing kono.  Ning, halaman sing ana ing njaba bait kuwi aja mbok ukur. Bagéan kuwi diliwati waé, merga kuwi wis diwènèhké marang bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi bakal ngidak-idak kutha suci+ suwéné 42 sasi.+  Aku bakal ngutus seksi-Ku loro kanggo mènèhi ramalan saksuwéné 1.260 dina karo nganggo kain goni.”  Seksi loro mau dilambangké karo wit zaitun loro+ lan wadhah lampu loro.+ Seksi loro kuwi ana ing ngarepé Gusti sing nguwasani bumi.+  Nèk ana mungsuh sing arep nyilakani seksi loro kuwi, geni bakal metu saka cangkemé seksi loro kuwi lan nyingkirké mungsuh-mungsuhé. Sapa waé sing arep nyilakani seksi loro kuwi bakal mati nganggo cara kaya ngono.  Seksi loro kuwi nduwé kuwasa kanggo nutup langit+ bèn ora ana udan+ saksuwéné mènèhi ramalan. Kapan waé seksi loro kuwi péngin ngubah banyu dadi getih+ utawa nggawé bencana ing bumi, kuwi isa kelakon merga seksi loro kuwi ya nduwé kuwasa kanggo nindakké kuwi.  Sakwisé seksi loro kuwi rampung nyampèkké berita mau, kéwan buas sing metu saka jurang sing jero banget* bakal nyerang, ngalahké, lan matèni seksi loro kuwi.+  Mayaté seksi loro kuwi bakal nggléthak ing dalan utama ing kutha gedhé, panggonané Gustiné seksi loro kuwi dipatèni ing cagak. Kutha gedhé kuwi dilambangké karo Sodom lan Mesir.  Wong-wong saka akèh golongan, suku, basa, lan bangsa bakal ndelok mayaté seksi loro kuwi telung dina setengah suwéné.+ Wong-wong kuwi ora ngijinké mayaté seksi loro kuwi dikubur. 10  Mauné, wong-wong ing bumi kesiksa merga berita sing disampèkké seksi loro kuwi.* Mula sakwisé seksi loro kuwi* mati, wong-wong kuwi nggawé pésta lan kirim-kiriman hadiah. 11  Sakwisé telung dina setengah, Gusti Allah nguripké manèh seksi loro kuwi.*+ Wektu seksi loro kuwi* ngadeg, wong-wong sing ndelok dadi wedi banget. 12  Terus, ana swara banter saka langit sing ngomong karo seksi loro kuwi,* ”Munggaha mréné.” Seksi loro kuwi* munggah ing langit ing njeroné méga-méga lan didelok karo mungsuh-mungsuhé. 13  Wektu kuwi, ana gempa bumi sing gedhé. Akibaté, sepersepuluh bagéan saka kutha kuwi rubuh, lan ana wong 7.000 sing mati. Wong-wong sing isih urip dadi wedi lan ngluhurké Gusti Allah sing nguwasani swarga. 14  Cilaka sing keloro+ wis liwat. Sedhéla manèh, cilaka sing ketelu bakal teka. 15  Malaékat sing kepitu nyebul trompèté.+ Terus, ana swara-swara banter saka langit sing kandha, ”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé+ lan Kristusé+ saiki wis mréntah donya, lan Dhèwèké bakal mréntah dadi raja saklawasé.”+ 16  Terus, pinituwa 24+ sing lungguh ing takhtané sing ana ing ngarepé Gusti Allah sujud lan nyembah Gusti Allah. 17  Para pinituwa kuwi kandha, ”Oh, Gusti Allah Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana lan sing saiki ana.+ Maturnuwun merga Njenengan wis nggunakké kuwasané Njenengan sing hébat lan mulai mréntah dadi raja.+ 18  Bangsa-bangsa dadi nesu. Mula, Njenengan nduduhké rasa nesuné Njenengan marang bangsa-bangsa kuwi, lan wektu sing ditentokké kanggo ngadili wong mati teka. Kuwi ya wektu kanggo Njenengan mènèhi upah+ marang para abdi-Mu, yaiku para nabi,+ wong-wong suci, lan wong-wong sing wedi marang* jeneng-Mu, termasuk wong biasa utawa wong penting. Wektu kuwi, Njenengan ya bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi.”+ 19  Terus, baité Gusti Allah* ing swarga kebukak, lan aku ndelok pethi perjanjian sing ana ing bait kuwi.+ Terus, ana kilat, bledhèg, swara-swara, gempa bumi, lan udan ès sing deres.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”nabi loro kuwi”.
Lit.: ”nabi loro kuwi”.
Lit.: ”nabi loro kuwi”.
Lit.: ”nabi loro kuwi”.
Lit.: ”nabi loro kuwi”.
Lit.: ”Nabi loro kuwi”.
Maksudé, Ruang Mahasuci ing bait.