Wahyu 21:1-27

  • Langit anyar lan bumi anyar (1-8)

    • Kematian ora bakal ana manèh (4)

    • Kabèh dadi anyar (5)

  • Gambaran soal Yérusalèm Anyar (9-27)

21  Terus, aku ndelok langit anyar lan bumi anyar.+ Langit sing lawas lan bumi sing lawas wis ora ana,+ lan laut+ ya wis ora ana.  Aku ya ndelok Yérusalèm Anyar, kutha suci sing mudhun saka swarga yaiku saka Gusti Allah.+ Kutha iki kaya mantèn wédok sing didandani merga arep nyambut calon bojoné.+  Aku krungu swara banter saka takhta kuwi kandha, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa, Gusti Allah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah dhéwé sing bakal ngancani wong-wong kuwi.+  Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi.+ Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara.+ Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.+ Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”  Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ kandha, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.”+ Dhèwèké ya kandha, ”Tulisen iki, merga omongan iki bener lan isa dipercaya.”*  Dhèwèké ya ngomong karo aku, ”Kabèh kuwi wis kelakon. Aku iki Alfa lan Oméga,* sing awal lan sing akhir.+ Aku bakal mènèhké banyu saka mata air kehidupan marang sapa waé sing ngelak, lan wong-wong kuwi ya ora perlu mbayar.+  Wong sing menang bakal nampa* kuwi kabèh. Aku bakal dadi Gusti Allahé, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.  Ning wong sing ora kendel, sing ora nduwé iman,+ sing najis lan njijiki, sing seneng matèni,+ sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ sing nindakké spiritisme,* sing nyembah brahala, lan kabèh wong sing seneng ngapusi+ bakal diuncalké ing danau geni lan belérang sing geniné murub.+ Iki artiné kematian sing keloro.”+  Salah siji malaékat saka malaékat pitu sing nggawa mangkok pitu sing kebak karo bencana pitu sing terakhir+ mara lan ngomong karo aku, ”Ayo tak duduhi mantèn wédok, calon bojoné Anak Domba.”+ 10  Mula, nganggo kuwasané roh suci, malaékat kuwi nggawa aku ing gunung sing gedhé lan dhuwur. Dhèwèké nduduhké marang aku Yérusalèm, kutha suci sing mudhun saka swarga yaiku saka Gusti Allah.+ 11  Kemuliaané kutha kuwi kaya kemuliaané Gusti Allah.+ Kutha kuwi mengkilap kaya watu sing berharga banget, kaya watu yaspis sing bersinar kaya kristal bening.+ 12  Témboké kutha kuwi gedhé lan dhuwur. Kutha kuwi nduwé gerbang 12, lan saben gerbangé dijaga malaékat siji. Ing gerbang 12 kuwi ditulis jeneng-jenengé suku Israèl 12. 13  Ing sebelah wétan ana gerbang telu, ing sebelah lor ana gerbang telu, ing sebelah kidul ana gerbang telu, lan ing sebelah kulon ana gerbang telu.+ 14  Témboké kutha kuwi nduwé watu pondhasi 12, lan ing watu pondhasi 12 kuwi ditulis jeneng-jenengé 12 rasulé+ Anak Domba. 15  Malaékat sing ngomong karo aku nyekel tongkat emas kanggo ngukur kutha kuwi, gerbang-gerbangé, lan témboké.+ 16  Kutha iki bentuké kothak, dawané lan ambané padha. Terus, dhèwèké ngukur kutha kuwi nganggo tongkat kuwi. Dawané, ambané, lan dhuwuré padha, yaiku 12.000 setadi.* 17  Dhèwèké ya ngukur témboké, yaiku 144 hasta.* Ukuran sing dienggo malaékat kuwi padha karo ukuran sing dienggo manungsa. 18  Témboké digawé saka watu yaspis,+ lan kutha kuwi digawé saka emas murni, kaya kaca bening. 19  Pondhasiné kutha kuwi dihias nganggo kabèh jenis watu sing berharga: Sing pertama saka watu yaspis, sing keloro saka watu safir, sing ketelu saka watu kalsédon, sing kepapat saka watu zamrud,* 20  sing kelima saka watu sardonik, sing keenem saka watu sardis,* sing kepitu saka watu krisolit, sing kewolu saka watu bèril, sing kesanga saka watu topas, sing kesepuluh saka watu krisopras, sing ke-11 saka watu lazuardi, lan sing ke-12 saka watu kecubung. 21  Sakliyané kuwi, gerbangé 12 kuwi mutiara 12. Saben gerbangé digawé saka mutiara siji. Dalan utama ing kutha kuwi saka emas murni, kaya kaca bening. 22  Aku ora ndelok bait ing njeroné kutha kuwi, merga sing dadi baité kuwi Yéhuwah* Gusti Allah sing Mahakuwasa+ lan Anak Domba. 23  Kutha kuwi ora perlu dipadhangi matahari utawa bulan merga wis dipadhangi karo kemuliaané Gusti Allah,+ lan Anak Domba kuwi dadi lampuné.+ 24  Cahayané kutha kuwi bakal madhangi dalan-dalan sing diliwati bangsa-bangsa,+ lan raja-raja ing bumi bakal nggawa kemuliaané ing kutha kuwi. 25  Gerbang-gerbangé ora bakal ditutup pas awan, merga ing kono ora ana bengi.+ 26  Kemuliaan lan kehormatané bangsa-bangsa bakal digawa mlebu ing kono.+ 27  Apa waé sing najis lan sapa waé sing seneng ngapusi lan seneng nindakké perkara-perkara sing njijiki ora éntuk mlebu mrono.+ Sing éntuk mlebu mung sing jenengé ditulis ing gulungan kehidupan duwèké Anak Domba.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”lan setya”.
Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf sing pertama lan sing terakhir ing abjad Yunani.
Lit.: ”nampa warisan”.
Kira-kira 2.200 km. 1 setadi = 185 m. Deloken Lamp. B14.
Kira-kira 64 m. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”permata sing wernané ijo”.
Utawa ”permata sing wernané abang”.
Deloken Lamp. A5.