Purwaning Dumadi 18:1-33

  • Malaékat telu nemoni Abraham (1-8)

  • Janji nèk Sara bakal nduwé anak; Sara ngguyu (9-15)

  • Sing dijaluk Abraham soal Sodom (16-33)

18  Sakwisé kuwi, Yéhuwah+ nemoni Abraham ing cedhaké wit-wit gedhé ing Mamré+ pas lagi panas-panasé. Wektu kuwi, Abraham lagi lungguh ing cedhak lawang kémahé.  Abraham ndelok ana wong lanang telu sing ngadeg ora adoh saka dhèwèké.+ Abraham langsung mlayu saka lawang kémahé merga arep nemoni wong-wong kuwi. Terus, dhèwèké sujud.  Abraham kandha, ”Yéhuwah,* nèk Njenengan gelem, ayo mampir ing omahku.  Tak jupukké banyu, terus sikilé Njenengan tak wisuhi.+ Njenengan isa istirahat ing ngisor wit.  Merga Njenengan wis mréné, aku péngin nyedhiakké roti kanggo Njenengan, bèn tenagané Njenengan pulih* lan Njenengan isa nglanjutké perjalanan.” Wong-wong kuwi kandha, ”Ya, tak mampir.”  Abraham cepet-cepet nemoni Sara sing ana ing kémah terus kandha, ”Cepet jupuken tepung sing alus telung taker,* terus diulèni, lan gawénen roti.”  Terus, Abraham mlayu marani ternaké lan milih sapi sing apik lan sing dagingé empuk. Sapi kuwi diwènèhké marang pembantuné bèn cepet-cepet dimasak.  Abraham njupuk mentéga, susu, lan daging kuwi, terus diwènèhké tamu-tamuné. Abraham tetep ngadeg ing ngisor wit cedhak kono wektu wong-wong kuwi padha mangan.+  Wong-wong kuwi takon karo Abraham, ”Sara bojomu ing endi?”+ Abraham njawab, ”Ing njero kémah.” 10  Salah siji tamuné kandha, ”Aku mesthi bakal mréné manèh taun ngarep ing wektu sing padha kaya ngéné iki, lan wektu kuwi Sara bojomu bakal nduwé anak lanang.”+ Wektu kuwi, Sara ana ing cedhak lawang kémah, ing mburiné wong kuwi. Dhèwèké krungu omongané wong kuwi. 11  Abraham lan Sara wis tuwa banget.+ Sara ora isa nduwé anak merga wis terlalu tuwa.*+ 12  Mula, Sara ngguyu ing njero ati karo kandha, ”Bapak lan aku wis tuwa. Apa aku isih isa ngrasakké senengé nduwé anak?”+ 13  Terus Yéhuwah ngomong karo Abraham, ”Ngapa Sara ngguyu lan kandha, ’Apa mungkin aku isa nglairké padahal aku wis tuwa?’ 14  Apa ana sing ora mungkin kanggoné Yéhuwah?+ Aku bakal mréné manèh taun ngarep ing wektu sing padha kaya ngéné iki, lan wektu kuwi Sara bakal nduwé anak lanang.” 15  Ning, Sara ora gelem ngaku merga wedi. Dhèwèké kandha, ”Aku ora ngguyu, kok.” Terus Gusti Allah kandha, ”Kowé mau ngguyu.” 16  Tamu-tamu kuwi lunga saka kono, lan Abraham ngeterké wong-wong kuwi nganti setengah perjalanan. Tamu-tamu kuwi ndelok ing arah kutha Sodom.+ 17  Yéhuwah kandha, ”Aku mesthi bakal ngandhani Abraham soal apa sing bakal Tak tindakké.+ 18  Keturunané Abraham mesthi bakal dadi bangsa sing gedhé lan kuwat, lan kabèh bangsa ing bumi mesthi bakal diberkahi liwat dhèwèké.+ 19  Aku wis kenal tenan karo Abraham, lan Aku percaya nèk dhèwèké mesthi bakal ngongkon anak-anaké lanang lan keturunané manut karo préntahé Yéhuwah lan nindakké sing bener lan adil,+ bèn Yéhuwah isa nepati janjiné karo Abraham.” 20  Terus Yéhuwah kandha, ”Akèh sing sambat soal wong-wong ing Sodom lan Gomora,+ lan dosané wong-wong ing kutha kuwi gedhé banget.+ 21  Bakal Tak delok dhisik apa pancèn bener kelakuané wong-wong kuwi kaya sing diomongké wong-wong sing sambat karo Aku. Aku péngin ngerti soal kuwi.”+ 22  Terus, loro saka tamu-tamu kuwi lunga saka kono menyang Sodom, tapi Yéhuwah+ tetep ing kono karo Abraham. 23  Abraham nyedhak lan takon, ”Apa Njenengan bener-bener bakal matèni wong sing bener bareng karo wong sing jahat?+ 24  Nèk ana wong 50 sing bener ing kutha kuwi, apa Njenengan bakal ngremuk kutha kuwi lan ora bakal ngapura kutha kuwi merga sing 50 mau? 25  Ora mungkin Njenengan matèni wong bener bareng karo wong jahat. Ora mungkin wong bener ngalami sing padha karo sing dialami wong jahat.+ Njenengan ora mungkin kaya ngono.+ Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?”+ 26  Terus Yéhuwah kandha, ”Nèk Aku nemokké wong 50 sing bener ing kutha Sodom, Aku bakal ngapura kutha kuwi merga wong-wong mau.” 27  Ning, Abraham kandha manèh, ”Yéhuwah, apa aku éntuk ngomong manèh senajan aku iki mung debu lan awu? 28  Nèk ana 45 sing bener, apa Njenengan bakal ngremuk kutha kuwi?” Terus Gusti Allah kandha, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi nèk Aku nemokké 45 sing bener.”+ 29  Ning, Abraham kandha manèh, ”Nèk ana 40, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi merga sing 40 mau.” 30  Ning, Abraham kandha manèh, ”Yéhuwah, tulung aja nesu,+ ya. Aku péngin takon manèh. Nèk ana 30, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi nèk Aku nemokké 30 sing bener.” 31  Ning, Abraham kandha manèh, ”Yéhuwah, apa aku éntuk takon manèh? Nèk ana 20, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi merga sing 20 mau.” 32  Akhiré Abraham kandha, ”Yéhuwah, tulung aja nesu, ya. Aku péngin takon pisan manèh. Nèk ana sepuluh, piyé?” Gusti Allah njawab, ”Aku ora bakal ngremuk kutha kuwi merga sing sepuluh mau.” 33  Sakwisé rampung omongan karo Abraham, Yéhuwah lunga saka kono+ lan Abraham bali menyang kémahé.

Katrangan Tambahan

Abraham ngundang salah siji malaékat kuwi ”Yéhuwah” merga malaékat kuwi wakilé Yéhuwah.
Lit.: ”bèn atiné njenengan kuwat”.
Lit.: ”telung séa”. 1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Sara wis ora mènstruasi manèh”.