Purwaning Dumadi 19:1-38

  • Malaékat marani Lot (1-11)

  • Lot lan keluargané kudu lunga (12-22)

  • Sodom lan Gomora dihancurké (23-29)

    • Bojoné Lot dadi patung uyah (26)

  • Lot lan anak-anaké wédok (30-38)

    • Asalé wong Moab lan Ammon (37, 38)

19  Soré-soré, malaékat loro mau tekan ing Sodom, lan Lot lagi lungguh ing gerbangé kutha Sodom. Wektu ndelok para malaékat mau, Lot langsung nemoni, terus sujud.+  Lot kandha, ”Pak, ayo mampir lan nginep ing omahku. Sikilé njenengan bakal tak wisuhi. Sésuk, njenengan isa tangi ésuk-ésuk lan neruské perjalanan.” Para malaékat kuwi njawab, ”Ora, aku tak nginep ing lapangan waé.”  Ning, Lot meksa para malaékat kuwi teka ing omahé. Terus, Lot nyuguhi tamu-tamuné kuwi. Dhèwèké manggang roti tanpa ragi, lan tamu-tamuné padha mangan.  Sakdurungé tamuné Lot kuwi turu, wong-wong lanang ing kutha Sodom, saka sing enom nganti sing tuwa, padha ngepung omahé Lot ramé-ramé.  Wong-wong kuwi bengok-bengok marang Lot, ”Endi wong-wong sing mau teka ing omahmu? Gawanen metu bèn wong-wong kuwi isa tak jak hubungan sèks.”+  Lot metu nemoni wong-wong kuwi ing ngarep lawang, terus lawangé ditutup.  Lot kandha, ”Sedulur-sedulurku, tulung aja jahat karo wong-wong iki.  Aku nduwé anak wédok loro sing isih prawan. Tak gawané metu, terus sak karepmu arep mbok apakké. Ning, wong-wong lanang iki aja mbok apak-apakké, merga wong-wong kuwi teka bèn isa éntuk perlindungan ing omahku.”+  Tapi wong-wong kuwi kandha, ”Minggir! Wani-waniné kowé ngatur-ngatur aku. Kowé kan mung wong asing sing numpang ing kéné. Kowé bakal tak gawé luwih sengsara timbang wong loro kuwi.” Terus, wong-wong kuwi nyurung-nyurung Lot lan maju arep ndhobrak lawang. 10  Mula, tamuné Lot mau narik Lot mlebu ing njero omah, terus nutup lawangé. 11  Tamuné Lot mau nggawé wong-wong sing ana ing ngarep lawang padha wuta, saka sing enom nganti sing tuwa. Wong-wong kuwi dadi kekeselen nggolèki lawangé. 12  Wong lanang loro kuwi kandha marang Lot, ”Apa kowé isih nduwé sedulur liyané? Mantu lanang, anak lanang, anak wédok, lan kabèh sedulurmu gawanen lunga saka kutha iki. 13  Aku bakal ngremuk panggonan iki, merga Yéhuwah+ ngrungokké wong-wong sing sambat soal penduduké kutha iki. Mula, Yéhuwah ngutus aku ngremuk kutha iki.” 14  Terus, Lot nemoni para calon mantuné.* Dhèwèké bola-bali kandha, ”Cepet lunga saka panggonan iki, merga Yéhuwah bakal ngremuk kutha iki.” Ning, para calon mantuné nganggep nèk Lot mung guyon.+ 15  Pas matahari wis arep terbit, para malaékat kuwi ngongkon Lot cepet-cepet lunga lan kandha, ”Cepet gawanen bojomu lan anakmu wédok loro bèn kowé ora mèlu disingkirké merga kesalahané kutha iki.”+ 16  Lot ora ndang cepet-cepet. Ning, merga Yéhuwah mesakké karo dhèwèké,+ wong lanang loro kuwi nyekel tangané Lot, tangané bojoné, lan tangané anaké wédok loro, terus nggawa wong-wong kuwi metu saka kutha.+ 17  Sakwisé wong-wong kuwi tekan ing njaba kutha, salah siji wong lanang mau kandha, ”Mlayua bèn kowé tetep slamet. Aja ndelok mburi,+ lan aja mandheg ing dhaérah iki.+ Mlayua ing dhaérah pegunungan bèn kowé ora mèlu dipatèni.” 18  Terus Lot ngomong karo wong-wong lanang kuwi, ”Yéhuwah,* tulung aja ngongkon aku mrana. 19  Njenengan wis mesakké karo abdi-Mu iki, lan wis apikan* wektu Njenengan nylametké aku.+ Ning, aku ora isa mlayu ing dhaérah pegunungan merga aku wedi kena bencana lan mati.+ 20  Ana kutha cilik ing cedhak kéné, lan aku isa mlayu mrono. Apa aku éntuk mlayu mrono? Kuwi mung kutha cilik. Aku isa slamet ing kono.” 21  Wong lanang kuwi kandha, ”Ya, aku bakal nuruti kowé.+ Aku ora bakal ngremuk kutha sing mbok omongké kuwi.+ 22  Cepet mlayu mrana. Aku ora isa ngremuk kutha iki nèk kowé durung tekan kana.”+ Kuwi sebabé kutha kuwi dijenengi Zoar.*+ 23  Matahari wis terbit wektu Lot tekan Zoar. 24  Terus, Yéhuwah nggawé udan geni lan belérang ing Sodom lan Gomora. Udan kuwi saka langit,+ saka Yéhuwah. 25  Gusti Allah ngremuk kutha-kutha kuwi, malah kabèh dhaérah kuwi, termasuk kabèh penduduk lan tandurané.+ 26  Tapi, bojoné Lot, sing ana ing mburiné Lot, ndelok mburi. Akhiré, bojoné Lot dadi patung uyah.+ 27  Sésuké, Abraham tangi ésuk-ésuk, terus lunga ing panggonan wektu dhèwèké ngadeg lan omongan karo Yéhuwah.+ 28  Wektu ndelok ing arah Sodom lan Gomora lan kabèh dhaérah kuwi, Abraham weruh ana asap kandel sing munggah saka dhaérah kuwi, kaya asap saka tungku sing gedhé banget.+ 29  Gusti Allah éling karo omongané marang Abraham. Mula, wektu ngremuk kutha-kutha ing wilayah kuwi, yaiku kutha-kutha ing cedhaké panggonané Lot, Gusti Allah ngongkon Lot metu saka kono.+ 30  Akhiré, Lot karo anaké wédok loro lunga saka Zoar lan manggon ing dhaérah pegunungan,+ merga dhèwèké wedi manggon ing Zoar.+ Lot karo anaké wédok loro manggon ing guwa. 31  Anaké sing pertama kandha karo adhiné, ”Bapak wis tuwa, lan ing tanah iki ora ana wong lanang sing isa nikah karo awaké dhéwé kaya kebiasaané kabèh wong. 32  Ayo Bapak diombèni anggur waé, terus ayo awaké dhéwé turu* karo Bapak bèn awaké dhéwé isa nduwé anak saka Bapak.” 33  Bengi kuwi, anak-anaké Lot nggawé bapaké mabuk anggur. Terus anak sing pertama mlebu lan turu karo bapaké, ning bapaké ora ngerti kapan anaké turu karo dhèwèké lan kapan anaké tangi. 34  Ésuké, anaké sing pertama ngomong karo adhiné, ”Mau bengi aku wis turu karo Bapak. Ayo bengi iki Bapak diombèni anggur manèh. Terus, kowé mlebu lan turu karo Bapak bèn awaké dhéwé isa nduwé anak saka Bapak.” 35  Mula bengi kuwi, anak-anaké Lot nggawé bapaké mabuk anggur manèh. Terus anak sing nomer loro mlebu lan turu karo bapaké, ning bapaké ora ngerti kapan anaké turu karo dhèwèké lan kapan anaké tangi. 36  Akhiré, anak-anaké Lot meteng merga bapaké. 37  Anak sing pertama nglairké anak lanang sing dijenengi Moab.+ Dhèwèké dadi nènèk moyangé wong Moab.+ 38  Anak sing nomer loro ya nglairké anak lanang sing dijenengi Bèn-ami. Dhèwèké dadi nènèk moyangé wong Ammon.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”para mantuné”. Wong Ibrani nganggep nèk wong sing tunangan kuwi wis nikah.
Lot nyeluk salah siji malaékat kuwi ”Yéhuwah” merga malaékat kuwi wakilé Yéhuwah.
Utawa ”wis nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Artiné ”Cilik”.
Maksudé, nindakké hubungan sèks.