Wulang Bebasan 22:1-29

  • Réputasi sing apik luwih apik timbang harta sing akèh (1)

  • Manfaaté ngajari anak kèt cilik (6)

  • Wong kesèd wedi karo singa ing njaba (13

  • Didhidhik bèn ora bodho (15)

  • Wong trampil dadi abdiné raja (29)

22  Mendhing nduwé réputasi* sing apik timbang nduwé harta sing akèh.+ Luwih apik diajèni* timbang éntuk pérak lan emas.   Wong sugih karo wong mlarat kuwi padha. Wong-wong kuwi padha-padha digawé Yéhuwah.+   Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya,Ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.*   Wong sing rendah hati lan wedi marang* YéhuwahBakal éntuk kekayaan, kemuliaan, lan urip.+   Wong sing jahat kuwi uripé kaya kebak eri lan jerat,Ning wong sing nganggep uripé berharga ngedohi kuwi.+   Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener.+ Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.+   Wong sing sugih mréntah wong sing mlarat,Lan wong sing utang dadi budhaké wong sing mènèhi utang.+   Wong sing tumindaké ora bener bakal kena bencana,*+Lan dhèwèké ora bakal isa nggunakké kuwasané kanggo nindhes wong liya manèh.*+   Wong sing seneng mènèhi bakal diberkahi,Merga dhèwèké mbagi panganané kanggo wong mlarat.+ 10  Wong sing seneng ngécé kudu mbok usirBèn ora padu manèh. Dadi ora ana manèh sing padu lan ngrèmèhké wong liya. 11  Wong sing atiné tulus lan sing omongané nyenengkéBakal dadi kancané raja.+ 12  Yéhuwah njaga wong sing wicaksana,*Ning Dhèwèké nggawé rencanané wong sing licik gagal.+ 13  Wong sing kesèd ngomong, ”Ana singa ing njaba. Mengko aku isa dipatèni ing tengah dalan.”+ 14  Omongané wong wédok sing bejat* kaya lubang sing jero.+ Wong sing dianggep salah karo Yéhuwah bakal tiba ing kono. 15  Bocah umumé nindakké apa sing bodho,*+Ning dhidhikan sing tegas* nggawé bocah dadi ora bodho manèh.+ 16  Wong sing ngapusi wong mlarat bèn tambah sugih+ Lan wong sing mènèhi hadiah marang wong sugihBakal dadi mlarat. 17  Rungokna tenanan omongané wong wicaksana,*+Bèn kowé isa ngerti apa sing tak ajarké marang kowé.+ 18  Nèk kuwi mbok simpen ing atimu, kowé bakal bahagia,+Lan kowé bakal terus ngomongké soal kuwi.+ 19  Dina iki aku mènèhi kowé pengetahuan,Bèn kowé isa percaya marang Yéhuwah. 20  Aku kan wis nulis marang kowéSoal naséhat lan pengetahuan, 21  Kanggo ngandhani kowé omongan sing bener lan isa dipercaya,Bèn kowé isa bali lan mènèhi laporan sing bener marang wong sing ngutus kowé. 22  Aja ngrampok wong sing mlarat merga dhèwèké mlarat,+Aja nindhes wong cilik ing gerbang kutha.+ 23  Yéhuwah dhéwé sing njamin nèk wong-wong kuwi bakal éntuk keadilan,+Lan Dhèwèké bakal matèni wong-wong sing wis ngapusi wong-wong kuwi. 24  Aja kekancan karo wong sing gampang nesuUtawa urusan karo wong sing gampang ngamuk, 25  Bèn kowé ora mèlu-mèlu tumindakéLan akhiré kena cilaka.+ 26  Aja nggawé perjanjian karo sapa waéKanggo njamin utangé wong liya.+ 27  Nèk kowé ora isa mbayar,Kasur lan ambènmu* bakal dirampas. 28  Aja mindhah batas tanah sing wis ana kèt jaman mbiyèn,Sing wis ditentokké karo nènèk moyangmu.+ 29  Apa kowé tau ndelok wong sing trampil nyambut gawé? Dhèwèké bakal dadi abdiné raja.+ Dhèwèké ora bakal dadi abdiné wong biasa.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”disenengi”.
Lit.: ”jeneng”.
Utawa ”hukuman”.
Lit.: ”Lan tongkat nesuné ora ana manèh”.
Lit.: ”Wong sing nandur sing ora bener bakal ngundhuh bencana”.
Lit.: ”njaga pengetahuan”.
Lit.: ”sing ora dikenal”. Deloken WB 2:16.
Utawa ”Tumindak kaya wong bodho ana ing atiné cah lanang”.
Lit.: ”tongkat dhidhikan”.
Utawa ”dipanmu”.