2 Timotius 3:1-17

  • Keadaan sing angèl diadhepi lan berbahaya ing akhir jaman (1-7)

  • Niru contoné Paulus (8-13)

  • ”Kowé kudu terus percaya karo kabèh sing wis diwulangké marang kowé” (14-17)

    • Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah (16)

3  Kowé kudu ngerti nèk ing akhir jaman,+ keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya.  Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, nyombongké dhiri, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya,  ora sayang karo keluargané, ora gelem setuju* karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik,  seneng ngianati, ngèyèl, sombong, mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah,  lan ing ngarepé wong liya kétoké ngibadah marang Gusti Allah ning tumindaké ora sesuai karo ibadahé.+ Kowé kudu ngedohi wong-wong sing kaya ngono kuwi.  Ing antarané wong-wong kuwi, ana wong-wong lanang sing licik lan ndhelik-ndhelik mlebu ing omahé wong-wong wédok sing lemah lan akèh dosané bèn isa nguwasani wong-wong wédok kuwi. Wong-wong wédok kuwi dikuwasani karo akèh kepénginan.  Wong-wong wédok kuwi terus sinau, ning ora tau isa nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener.  Kaya Yanès lan Yambrès sing nentang Musa, wong-wong lanang kuwi terus nentang apa sing bener. Pikirané wong-wong kuwi bener-bener rusak, lan wong-wong kuwi ditolak Gusti Allah merga tumindaké ora sesuai karo iman.  Ning, wong-wong kuwi ora bakal isa nindakké apa-apa manèh, merga kabèh wong wis ngerti nèk wong-wong kuwi bodho banget. Kuwi kaya sing dialami karo Yanès lan Yambrès.+ 10  Ning, kowé wis tenanan ngrungokké ajaranku, niru tumindakku lan niru tujuanku.+ Kowé ngerti soal imanku, kesabaranku, katresnanku, lan kesetiaanku. 11  Kowé ya ngerti nèk aku dianiaya lan ngalami kesusahan ing Antiokhia,+ Ikonium,+ lan Listra.+ Aku sabar wektu dianiaya, lan Gusti nylametké aku saka kuwi kabèh.+ 12  Sakjané, kabèh wong sing dadi muridé Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah ya bakal dianiaya.+ 13  Ning, wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat. Wong-wong kuwi bakal ngapusi wong-wong lan diapusi karo wong liya.+ 14  Ning, kowé kudu terus percaya karo kabèh sing wis diwulangké marang kowé. Kowé wis sinau lan diyakinké bèn percaya karo ajaran sing bener kuwi.+ Kowé ya ngerti sapa sing mulang kowé. 15  Kèt bayi,+ kowé wis diwulang soal Kitab Suci+ sing isa nggawé kowé dadi wicaksana lan dislametké nèk kowé nduwé iman marang Kristus Yésus.+ 16  Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah.+ Kuwi gunané kanggo mulang,+ ngandhani nèk awaké dhéwé salah, nggawé sing salah dadi bener manèh, lan nglatih awaké dhéwé kanggo nindakké apa sing bener.+ 17  Dadi, abdiné Gusti Allah isa bener-bener sanggup lan siap nindakké apa waé sing apik.

Katrangan Tambahan

Utawa ”ora gelem rukun”.