Yésaya 63:1-19

  • Yéhuwah balas dendam karo bangsa-bangsa (1-6)

  • Sing ditindakké Yéhuwah kuwi bukti katresnané (7-14)

  • Donga njaluk ngapura (15-19)

63  Sapa kuwi sing teka saka Édom,+Saka Bozra,+ sing nganggo klambi sing wernané cerah,*Sing nganggo klambi sing apik banget,Lan sing mlakuné kaya wong sing kuwat? ”Kuwi Aku, Gusti Allah sing omongané bener,Sing nylametké nganggo kuwasa sing gedhé.”   Ngapa kok klambi-Mu abang? Ngapa kok klambi-Mu kaya klambiné wong sing ngidak-idak anggur?+   ”Aku dhèwèkan ngidak-idak anggur. Ora ana sing ngancani Aku. Merga nesu, Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku. Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku merga Aku nesu banget.+ Klambi-Ku kecipratan getihé,Lan klambi-Ku dadi reged banget.   Aku wis mutuské nèk arep balas dendam,+Wis tekan wektuné kanggo nebus umat-Ku.   Aku ndelok, tapi ora ana sing mbantu Aku. Aku kagèt merga ora ana sing ndhukung Aku. Aku isa menang* merga kekuwatan-Ku dhéwé.+ Merga nesu, Aku nduwé kekuwatan kanggo tumindak.   Merga nesu, Aku ngidak-idak bangsa-bangsaLan nggawé wong-wong kuwi mabuk.+ Aku ya ngesokké getihé wong-wong kuwi ing lemah.”   Aku bakal nyritakké bukti katresnané* Yéhuwah,Aku bakal muji YéhuwahMerga apa sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.+ Akèh sing wis ditindakké kanggo keturunané Israèl,Merga Dhèwèké apikan banget lan sayang banget karo* umaté.   Dhèwèké ngomong, ”Wong-wong kuwi umat-Ku, anak-anak-Ku lanang sing mesthi bakal setya.”*+ Mula, Dhèwèké nylametké wong-wong kuwi.+   Dhèwèké susah wektu wong-wong kuwi susah,+Lan Dhèwèké ngongkon utusané* nylametké wong-wong kuwi.+ Dhèwèké nebus wong-wong kuwi+ merga sayang lan mesakké karo wong-wong kuwi. Mbiyèn, wong-wong kuwi kaya diangkat lan digéndhong Dhèwèké.+ 10  Tapi, wong-wong kuwi mbrontak+ lan nggawé Gusti Allah sedhih merga ora gelem nampa roh suciné.*+ Mula, Dhèwèké dadi mungsuhé wong-wong kuwi+Lan nglawan wong-wong kuwi.+ 11  Akhiré umaté kèlingan jaman mbiyèn,Yaiku pas jamané Musa abdiné Gusti Allah. Wong-wong kuwi ngomong,”Endi Gusti Allah sing nggawa wong-wong kuwi metu saka laut+ bareng karo wong-wong sing nuntun umaté?+ Endi Gusti Allah sing mènèhi roh suciné marang Musa?+ 12  Endi Gusti Allah sing nuntun Musa nganggo kuwasané sing gedhé*+Lan sing mbelah laut ing ngarepé umaté+Bèn jenengé diéling-éling nganti saklawasé?+ 13  Endi Gusti Allah sing nuntun wong-wong kuwi nyabrang laut sing ombaké gedhéBèn wong-wong kuwi ora kesandhung pas mlakuKaya jaran ing padhang belantara? 14  Kaya ternak sing mudhun ing lembah merga arep lèrèn,Yéhuwah nggawé umaté urip tentrem liwat roh suciné.”+ Ya kaya ngono kuwi Njenengan nuntun umat-MuLan nggawé jeneng-Mu sing hébat* diluhurké.+ 15  Deloken saka swarga,Saka panggonan-Mu sing luar biasa, suci, lan mulya.* Ngapa kok Njenengan ora nggatèkké manèh? Ngapa kok Njenengan ora nggunakké kuwasa-Mu manèh? Ngapa kok Njenengan ora sayang+ lan ora ngrasa mesakké manèh?+ Kabèh kuwi ora tak rasakké manèh. 16  Njenengan kuwi Bapakku+Senajan Abraham ora kenal akuLan Israèl ya ora ngerti sapa aku. Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Bapakku. Njenengan sing wis nebus aku kèt mbiyèn.+ 17  Oh Yéhuwah, ngapa kok Njenengan meneng waé pas* aku ora manut karo préntah-Mu? Ngapa kok Njenengan meneng waé pas* aku ndableg lan ora wedi karo Njenengan?+ Tulung apikan karo abdi-Mu iki,Suku-suku sing dadi duwèk-Mu.+ 18  Mung sedhéla thok tanah kuwi dadi duwèké umat-Mu. Mungsuh-mungsuhku wis ngrusak panggonan-Mu sing suci.+ 19  Wis suwé banget Njenengan ora dadi pemimpinku,Lan aku ora disebut dadi umat-Mu.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”abang banget”.
Utawa ”nylametké”.
Utawa ”katresnan sing langgeng saka”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sing ora bakal dadi pengkhianat”.
Utawa ”malaékat sing ana ing ngarepé”.
Utawa ”merga nggawé roh suciné sedhih”.
Utawa ”sing nggawé lengené sing apik nuntun tangan tengené Musa”.
Utawa ”apik”.
Utawa ”apik”.
Utawa ”Njenengan nyebabké”.
Lit.: ”Njenengan nggawé”.