1 Pétrus 5:1-14

  • Gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah (1-4)

  • Rendah hati lan waspada (5-11)

    • Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah (7)

    • Iblis kaya singa sing nggero-nggero (8)

  • Penutup (12-14)

5  Aku iki ya pinituwa. Aku ndelok kesusahané Kristus. Aku ya bakal dimulyakké wektu wong-wong sing dipilih dimulyakké.+ Mula, aku njaluk* bèn para pinituwa sing ana ing antaramu nindakké iki:  Kowé kudu dadi gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah+ sing wis dipercayakké marang kowé. Kowé kudu nindakké tugasmu dadi pengawas dudu merga kepeksa, ning merga kowé réla dadi pelayané Gusti Allah.+ Kowé ya kudu semangat wektu nindakké kuwi, ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur,+  ora dadi majikané wong-wong sing dadi duwèké Gusti Allah,+ ning dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah.+  Wektu gembala sing utama+ nduduhké kemuliaané, kowé bakal nampa hadiah* sing mulya sing ora bakal rusak.+  Wong lanang sing luwih enom, kowé kudu manut karo wong lanang sing luwih tuwa.*+ Ning, kowé kabèh kudu rendah hati wektu urusan karo liyané, merga Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong, tapi Dhèwèké bakal apikan banget marang wong sing rendah hati.+  Mula, kowé kudu ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah* sing kuwat, bèn Dhèwèké ngunggulké kowé ing wektu sing ditentokké.+  Kowé kudu masrahké* kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah+ merga Dhèwèké perduli karo kowé.+  Kowé kudu waspada+ lan wicaksana. Iblis mungsuhmu, mlaku mrana-mréné kaya singa sing nggero-nggero, ngupaya bèn isa mangan manungsa.+  Ning, kowé kudu nglawan dhèwèké nganggo iman sing kuwat.+ Kowé wis ngerti nèk kabèh sedulur seimanmu ing donya iki ya ngalami kesengsaraan sing padha.+ 10  Tapi, sakwisé kowé ngalami kesengsaraan sedhéla, Gusti Allah sing apikan banget, sing milih kowé bèn bersatu karo Kristus lan nampa kemuliaan sing ana saklawasé,+ bakal nglatih kowé nganti rampung. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwat.+ Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn tetep setya.+ Dhèwèké bakal ndhukung kowé. 11  Muga-muga Dhèwèké nduwé kuwasa nganti saklawasé. Amin. 12  Liwat Silvanus,*+ sing tak anggep dadi sedulur sing setya, aku nulis surat sing singkat iki kanggo nguwatké kowé lan nggawé kowé yakin nèk Gusti Allah wis apikan banget karo kowé. Kowé kudu ngupaya bèn Gusti Allah tetep apikan banget karo kowé. 13  Sedulur wédok* sing ana ing Babilon, sing dipilih Gusti Allah kaya kowé, ngirim salam kanggo kowé. Markus,+ sing wis kaya anakku dhéwé, ya ngirim salam kanggo kowé. 14  Kowé kudu ramah lan apikan karo wong liya.* Muga-muga kowé kabèh sing dadi muridé Kristus ngrasa ayem.

Katrangan Tambahan

Utawa ”aku mènèhi naséhat”.
Lit.: ”mahkota”.
Utawa ”karo para pinituwa”.
Lit.: ”ing ngisoré tangané Gusti Allah”.
Lit.: ”nguncalké”.
Maksudé, Silas.
”Sedulur wédok” ing ayat iki mungkin maksudé jemaat ing Babilon.
Lit.: ”lan mènèhi ciuman katresnan”.