Injil Yohanes 13:1-38

  • Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé (1-20)

  • Yésus nduduhké nèk Yudas kuwi wong sing bakal ngianati (21-30)

  • Préntah anyar (31-35)

    • ”Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani” (35)

  • Ramalan soal Pétrus sing ora ngakoni Yésus (36-38)

13  Sakdurungé Perayaan Paskah, Yésus wis ngerti nèk saiki wektuné+ dhèwèké kudu ninggalké donya iki lan bali marang Bapak.+ Yésus nresnani murid-muridé ing donya, lan nganti mati Yésus tetep nresnani murid-muridé.+  Wektu kuwi, Yésus lan murid-muridé lagi mangan. Iblis mengaruhi Yudas Iskariot,+ anaké Simon, kanggo ngianati Yésus.+  Yésus ngerti nèk Bapak wis masrahké kabèh marang dhèwèké. Yésus ya ngerti nèk dhèwèké teka saka Gusti Allah lan bakal bali marang Gusti Allah.+  Kuwi sebabé, Yésus ngadeg lan nyopot klambi njabané. Bar kuwi, Yésus njupuk andhuk lan nggubedké kuwi ing pinggangé.+  Sakwisé ngisèni banyu ing baskom, Yésus mulai ngwijiki sikilé murid-muridé lan ngelapi nganti garing nganggo andhuk sing digubedké ing pinggangé mau.  Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, Pétrus takon, ”Gusti, apa njenengan arep ngwijiki sikilku?”  Yésus njawab, ”Saiki kowé durung ngerti ngapa kok aku nindakké iki. Ning, sukmbèn kowé bakal ngerti.”  Pétrus kandha, ”Aja Gusti. Njenengan ora usah ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu,+ kowé ora isa bareng karo aku.”  Simon Pétrus kandha, ”Nèk ngono aja mung ngwijiki sikilku thok Gusti, ning tangan lan sirahku sisan.” 10  Yésus njawab, ”Wong sing wis adus kuwi badané wis resik, dadi sing perlu diwijiki mung sikilé thok. Kowé pancèn wis resik, ning ing antaramu ana sing ora resik.” 11  Yésus ngerti sapa sing bakal ngianati dhèwèké.+ Kuwi sebabé, Yésus kandha, ”Ing antaramu, ana sing ora resik.” 12  Sakwisé ngwijiki sikilé murid-muridé lan nganggo klambi njabané, Yésus lungguh manèh lan ngomong karo murid-muridé, ”Apa kowé ngerti ngapa kok aku nindakké kuwi marang kowé? 13  Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener.+ 14  Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu,+ kowé ya kudu padha-padha gelem ngwijiki sikilé wong liya.+ 15  Kowé wis tak wènèhi conto, mula kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong liya.+ 16  Percayaa, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus. 17  Saiki kowé wis ngerti soal iki, ning kowé bakal bahagia nèk kuwi mbok tindakké.+ 18  Omonganku mau ora kanggo kabèh sing ana ing kéné, ning mung kanggo wong tertentu. Aku kenal karo wong sing wis tak pilih. Ning, kuwi kelakon supaya apa sing wis ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan.+ Kitab Suci kandha, ’Wong sing mangan bareng karo aku saiki mungsuhi aku.’*+ 19  Saiki pancèn kuwi durung kelakon. Ning, kowé tak kandhani dhisik supaya pas kuwi kelakon, kowé bakal percaya nèk sing dimaksud ing ayat kuwi aku.+ 20  Percayaa, sapa waé sing nampa wong sing tak utus, artiné wong kuwi ya nampa aku.+ Sapa waé sing nampa aku, artiné wong kuwi ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.”+ 21  Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus dadi susah banget. Yésus kandha, ”Percayaa, salah siji saka kowé bakal ngianati aku.”+ 22  Terus, murid-murid delok-delokan merga ora ngerti sapa sing dimaksudké Yésus.+ 23  Salah siji muridé, yaiku murid sing ditresnani Yésus,+ lungguh ing cedhaké* Yésus. 24  Mula, Simon Pétrus ndelok murid kuwi lan takon, ”Sing dhèwèké maksudké sapa?” 25  Terus, murid kuwi méngo marang Yésus lan takon, ”Gusti, sapa wongé?”+ 26  Yésus njawab, ”Dhèwèké kuwi wong sing bakal tak wènèhi roti sing tak celupké.”+ Terus, sakwisé nyelupké roti, Yésus mènèhké roti kuwi marang Yudas, anaké Simon Iskariot. 27  Sakwisé Yudas nampa roti kuwi, Sétan mengaruhi atiné Yudas.+ Mula, Yésus ngomong karo Yudas, ”Ndang tindakna sing wis mbok rencanakké.” 28  Ning, murid-murid sing lagi mangan ing kono ora ana sing ngerti ngapa kok Yésus ngomong kaya ngono karo Yudas. 29  Merga Yudas sing nggawa kothak dhuwit,+ ana sing ngira nèk Yésus ngongkon Yudas tuku apa sing dibutuhké kanggo perayaan utawa mènèhi dhuwit marang wong mlarat. 30  Dadi, sakwisé nampa roti kuwi, Yudas langsung lunga. Wektu kuwi wis bengi.+ 31  Sakwisé Yudas lunga, Yésus kandha, ”Saiki Anaké manungsa dimulyakké,+ lan liwat dhèwèké Gusti Allah ya dimulyakké. 32  Gusti Allah dhéwé sing bakal nggawé Anaké manungsa dimulyakké,+ lan Gusti Allah bakal ndang nindakké kuwi. 33  Kanca-kanca,* wektuku karo kowé mung tinggal sedhéla. Kowé bakal nggolèki aku. Ning, apa sing tau tak omongké marang wong Yahudi saiki ya tak omongké marang kowé, ’Kowé ora bakal isa marani aku+ ing panggonan sing arep tak parani.’ 34  Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha-padha nresnani. Kaya aku wis nresnani kowé,+ kowé ya kudu padha-padha nresnani.+ 35  Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani,+ kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.” 36  Terus, Simon Pétrus takon, ”Gusti, njenengan arep lunga ing endi?” Yésus njawab, ”Saiki, kowé durung isa mèlu aku menyang panggonan sing arep tak parani, ning sukmbèn kowé bakal mèlu aku mrana.”+ 37  Pétrus kandha, ”Gusti, lha ngapa kok saiki aku ora isa mèlu njenengan? Aku bakal ngorbanké uripku kanggo njenengan.”+ 38  Yésus njawab, ”Apa tenan kowé bakal ngorbanké uripmu kanggo aku? Percayaa, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ngangkat tumité marang aku”.
Lit.: ”ing dhadhané”.
Lit.: ”Anak-anak”.