Mazmur 46:1-11

  • ’Gusti Allah kuwi sing nglindhungi aku’

    • Kabèh sing ditindakké Gusti Allah kuwi luar biasa (8)

    • Gusti Allah ngendhegké perang ing bumi (9)

Kanggo pemimpin musik: Nurut Alamot.* Lagu sing digawé keturunané Korah.+ 46  Gusti Allah kuwi kekuwatanku lan sing nglindhungi aku.+ Dhèwèké siap nulungi wektu aku susah.+   Aku ora bakal wedi senajan bumi goncang,Senajan gunung-gunung rubuh lan kleleb ing dhasar laut,+   Senajan ombaké gedhé lan nganti metu busané,*+Lan senajan gunung-gunung watu goncang merga ombak sing gedhé kuwi. (Sela)   Ana kali sing alirané nggawé seneng wong-wong ing kuthané Gusti Allah,+Tabernakel suci sing agung duwèké Sing Mahaluhur.   Gusti Allah ana ing kutha kuwi,+ mula kutha kuwi ora isa disingkirké. Gusti Allah bakal nulungi kutha kuwi pas matahari arep terbit.+   Bangsa-bangsa ora tentrem, lan kerajaan-kerajaan disingkirké. Wektu Gusti Allah ngomong, bumi dadi goncang.+   Yéhuwah pemimpiné pasukan ndhukung awaké dhéwé.+ Gusti Allahé Yakub kuwi panggonan berlindung* sing aman. (Sela)   Ayo ndelok kabèh sing ditindakké Yéhuwah. Kabèh sing Dhèwèké tindakké ing bumi kuwi luar biasa.   Dhèwèké ngendhegké perang ing bumi.+ Dhèwèké ngremuk busur panah lan tombak. Dhèwèké ngobong kréta-kréta perang.* 10  Dhèwèké kandha, ”Kowé kudu nyerah lan kudu ngerti nèk aku iki Gusti Allah. Aku bakal diluhurké ing antarané bangsa-bangsa.+ Aku bakal diluhurké ing bumi.”+ 11  Yéhuwah pemimpiné pasukan ndhukung awaké dhéwé.+ Gusti Allahé Yakub kuwi panggonan berlindung sing aman.+ (Sela)

Katrangan Tambahan

Utawa ”munthuk; mumpluk”.
Utawa ”panggonan dhuwur”.
Utawa mungkin ”tamèng-tamèng”.