Galatia 6:1-18

  • Mbantu nanggung bebané wong liya (1-10)

    • Apa sing disebar kuwi sing bakal dipanèn (7, 8)

  • Sunat kuwi ora penting (11-16)

    • Ciptaan anyar (15)

  • Penutup (17, 18)

6  Sedulur-sedulur, nèk ana wong sing ora sadhar nèk tumindaké ngarah marang sing salah, kowé sing dituntun roh suci kudu mbantu dhèwèké supaya nindakké sing bener manèh. Kowé kudu alus wektu mbantu wong kuwi.+ Kowé ya kudu ngati-ati+ bèn ora kegodha nindakké sing salah.+  Kowé kudu mbantu nanggung bebané wong liya.+ Kuwi bukti nèk kowé manut karo hukum Kristus.+  Nèk ana wong sing rumangsa penting padahal sakjané ora penting,+ wong kuwi ngapusi dhèwèké dhéwé.  Ning, saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé.+ Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.+  Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.+  Sakliyané kuwi, wong sing diwulang soal omongané Gusti Allah kudu seneng mbagi apa sing apik karo wong sing mulang dhèwèké.+  Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Gusti Allah ora isa diapusi. Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.+  Wong sing nyebar sesuai karo kepénginan sing salah bakal manèn hasil sing ora apik* saka kepénginan sing salah kuwi. Ning, wong sing nyebar sesuai karo tuntunané roh suci bakal manèn urip saklawasé saka roh suci kuwi.+  Mula, aja nyerah nindakké apa sing apik. Nèk awaké dhéwé ora nyerah, awaké dhéwé bakal manèn hasilé nèk wis wektuné.+ 10  Dadi, mumpung isih ana kesempatan,* ayo awaké dhéwé nindakké apa sing apik marang kabèh wong, utamané marang sedulur-sedulur seiman. 11  Aku dhéwé sing nulis surat iki kanggo kowé. Gatèkna sepira gedhéné huruf-hurufé. 12  Kabèh wong sing meksa kowé bèn disunat kuwi mung péngin nyenengké wong liya. Wong-wong kuwi tumindak kaya ngono bèn ora dianiaya merga cagak hukumané* Kristus. 13  Sakjané, wong-wong sing disunat kuwi dhéwé ora nindakké Hukum Musa.+ Ning, wong-wong kuwi péngin kowé disunat supaya isa bangga merga isa meksa kowé bèn disunat. 14  Ning nèk aku, aku ora bakal bangga sakliyané soal Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé sing wis mati ing cagak hukuman.*+ Kanggoku, donya iki wis dihukum mati liwat dhèwèké, ning kanggoné donya iki, aku wis dihukum mati liwat dhèwèké. 15  Disunat utawa ora kuwi ora penting.+ Ning, sing penting kuwi Gusti Allah nggawé kowé dadi ciptaan anyar.+ 16  Muga-muga Gusti Allah apikan marang wong-wong sing manut karo omongan iki. Muga-muga wong kuwi, yaiku Israèl duwèké Gusti Allah, ngrasa tentrem.+ 17  Muga-muga mulai saiki ora ana wong sing nggawé aku susah, merga ing badanku ana tandha sing nduduhké nèk aku iki budhaké Yésus.+ 18  Sedulur-sedulur, muga-muga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé merga kowé terus semangat. Amin.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”Aja gelem diapusi wong liya”.
Lit.: ”manèn kerusakan”.
Lit.: ”ana wektu sing ditentokké”.