Injil Yohanes 5:1-47

  • Wong lara dimarèkké ing Bètzata (1-18)

  • Yésus diwènèhi wewenang saka Bapaké (19-24)

  • Wong mati bakal krungu swarané Yésus (25-30)

  • Kesaksian-kesaksian soal Yésus (31-47)

5  Sakwisé kuwi, Yésus lunga ing Yérusalèm pas ana perayaané+ wong Yahudi.  Ing Yérusalèm ing cedhaké Gerbang Domba,+ ana kolam sing ing basa Ibrani disebut Bètzata. Ing sekelilingé kolam kuwi, ana serambi lima.  Ing serambi-serambi kuwi, ana akèh wong sing lara, wuta, pincang, lan lumpuh.  *——  Ing kono, ana wong lanang sing wis 38 taun lara.  Yésus ndelok wong kuwi lan ngerti nèk wong kuwi wis lara suwé banget. Mula Yésus takon, ”Apa kowé péngin mari?”+  Wong kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing ngéwangi aku nyemplung ing kolam kuwi pas banyuné obah. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.”  Yésus kandha, ”Ngadega, angkaten klasamu, lan mlakua.”+  Wong sing lara kuwi langsung mari. Terus, dhèwèké ngangkat klasané lan mlaku. Dina kuwi dina Sabat. 10  Mula, wong-wong Yahudi ngomong karo wong kuwi, ”Saiki dina Sabat. Nèk nurut hukum, kowé ora éntuk ngangkat klasamu.”+ 11  Wong kuwi njawab, ”Wong sing marèkké aku ngongkon aku, ’Angkaten klasamu, lan mlakua.’” 12  Wong-wong Yahudi kuwi takon, ”Sapa sing ngongkon kowé ngangkat klasamu lan ngongkon kowé mlaku?” 13  Ning, wong kuwi ora ngerti sapa sing marèkké dhèwèké, merga Yésus wis lunga saka kono lan ana ing antarané wong akèh. 14  Sakwisé kuwi, Yésus ketemu manèh karo wong kuwi ing bait. Yésus kandha, ”Saiki kowé wis mari. Aja nindakké dosa manèh supaya kowé ora ngalami sing luwih parah.” 15  Terus, wong kuwi lunga lan ngandhani wong Yahudi nèk sing marèkké dhèwèké kuwi Yésus. 16  Kuwi sebabé wong Yahudi dadi nentang Yésus, merga Yésus marèkké wong pas dina Sabat. 17  Ning, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku ya terus nyambut gawé.”+ 18  Omongané Yésus kuwi nggawé wong-wong Yahudi dadi saya péngin matèni Yésus. Nurut wong-wong kuwi, Yésus ora mung nglanggar dina Sabat, ning Yésus ya nganggep nèk dhèwèké kuwi padha karo Gusti Allah+ merga nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké.+ 19  Mula, Yésus ngomong ngéné, ”Percayaa, Anak ora isa nindakké apa-apa nurut karepé dhéwé. Anak mung nindakké apa sing ditindakké Bapak. Kabèh sing ditindakké Bapak,+ ya kuwi sing ditindakké Anak. 20  Bapak nresnani Anak+ lan nduduhké kabèh sing wis Dhèwèké tindakké marang Anak. Dhèwèké ya bakal nduduhké perkara-perkara sing luwih hébat marang Anak bèn kowé nggumun.+ 21  Padha kaya Bapak nguripké manèh wong sing wis mati,+ Anak ya bakal nguripké manèh sapa waé sing dhèwèké péngini.+ 22  Bapak ora ngadili sapa-sapa. Ning, kabèh wewenang kanggo ngadili wis diwènèhké marang Anak,+ 23  bèn kabèh wong ngajèni Anak kaya wong-wong kuwi ngajèni Bapak. Wong sing ora ngajèni Anak ya ora ngajèni Bapak sing ngutus Anak.+ 24  Percayaa, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya karo Dhèwèké sing ngutus aku, wong kuwi bakal urip saklawasé.+ Wong kuwi ora bakal diadili, ning wis bébas saka kematian lan nampa urip.+ 25  ”Percayaa, wektuné wis teka, yaiku saiki, wong mati bakal krungu swarané Anaké Gusti Allah. Wong sing ngrungokké lan manut bakal urip. 26  Bapak nduwé kuwasa kanggo mènèhi urip,+ lan Dhèwèké ya wis mènèhi kuwasa marang Anak kanggo mènèhi urip.+ 27  Bapak wis mènèhi dhèwèké kuwasa kanggo ngadili,+ merga dhèwèké kuwi Anaké manungsa.+ 28  Aja nggumun soal kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal krungu swarané+ 29  lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal urip saklawasé,* ning wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diadili.*+ 30  Aku ora isa nindakké apa-apa sak karepku dhéwé. Aku ngadili wong-wong nurut apa sing diomongké Bapak marang aku. Aku adil wektu ngadili,+ merga aku nindakké karepé Bapak sing ngutus aku, dudu nuruti karepku dhéwé.+ 31  ”Nèk sing mènèhi kesaksian soal aku kuwi mung aku dhéwé, wong-wong mungkin ora percaya karo omonganku.+ 32  Ning, ana liyané manèh sing mènèhi kesaksian soal aku, lan aku ngerti nèk kesaksiané Dhèwèké soal aku kuwi bener.+ 33  Kowé wis ngongkon wong nakoni Yohanes, lan Yohanes wis mènèhi kesaksian sing bener.+ 34  Sakjané, aku ora perlu kesaksian saka manungsa. Ning, iki tak omongké bèn kowé isa dislametké. 35  Yohanes kuwi kaya lampu sing murub lan madhangi, ning mung sedhéla thok kowé gelem ngrasakké cahayané.+ 36  Tapi, aku nduwé kesaksian sing luwih kuwat timbang kesaksiané Yohanes nèk aku diutus Bapak. Buktiné, saiki aku lagi nindakké gawéan sing diwènèhké Bapak kanggo tak rampungké.+ 37  Bapak sing ngutus aku ya wis mènèhi kesaksian soal aku.+ Kowé ora tau krungu swarané lan ora tau ndelok wajahé.+ 38  Omongané Gusti Allah ya ora ana ing atimu, merga kowé ora percaya karo utusané. 39  ”Kowé nliti Kitab Suci+ merga kowé mikir nèk kuwi isa mènèhi urip saklawasé. Padahal, Kitab Suci kuwi kan mènèhi kesaksian soal aku.+ 40  Ning, kowé ora gelem marani aku+ bèn isa éntuk urip saklawasé. 41  Aku ora péngin wong liya muji aku, 42  lan aku ngerti nèk kowé ora nresnani Gusti Allah. 43  Aku teka nganggo jenengé Bapakku, ning kowé nolak aku. Nèk wong liya teka nganggo jenengé dhéwé, kowé malah gelem nampa wong kuwi. 44  Piyé kowé isa percaya nèk kowé gelemé mung dipuji karo* manungsa lan ora ngupaya dipuji* siji-sijiné Gusti Allah sing bener?+ 45  Aja mikir nèk aku bakal nyalahké kowé ing ngarepé Bapak. Sing nyalahké kowé kuwi ya Musa+ dhéwé, wong sing mbok endel-endelké kuwi. 46  Sing ditulis Musa kuwi soal aku.+ Mula, nèk kowé percaya karo Musa, kuduné kowé ya bakal percaya karo aku. 47  Ning, nèk kowé ora percaya karo apa sing ditulis Musa, mosok kowé bakal percaya karo omonganku?”

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A3.
Maksudé, kuburané wong sing wis mati sing ora dilalèkké Gusti Allah.
Lit.: ”bakal diuripké kanggo urip saklawasé”.
Lit.: ”bakal diuripké kanggo diadili”.
Lit.: ”mung nggolèk kemuliaan saka”.
Lit.: ”ora ngupaya nggolèk kemuliaan saka”.