Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Aku Kudu Dibaptis?​—Bagéan 3: Piyé Carané Bèn Aku Ora Ragu-Ragu Dibaptis?

Apa Aku Kudu Dibaptis?​—Bagéan 3: Piyé Carané Bèn Aku Ora Ragu-Ragu Dibaptis?

 Piyé nèk bar dibaptis aku malah nggawé dosa?

 Alesané: Mungkin ana keluarga utawa kancamu sing ditokké saka jemaat merga nggawé dosa. (1 Korintus 5:11-13) Kowé wedi nèk bakal kaya ngono.

 ”Aku wedi banget nèk bar aku dibaptis malah nggawé dosa. Wong tuwaku mesthi isin banget.”—Rebekah.

 Ayat: ”Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh . . . . Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi, merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.”—Yésaya 55:7.

 Pikirna: Wong sing nggawé dosa lan ora mertobat mémang bakal ditokké saka jemaat. Tapi nèk mertobat, Yéhuwah mesthi gelem ngampuni.—Mazmur 103:13, 14; 2 Korintus 7:11.

 Terus meskipun kowé ora sampurna, Yéhuwah isa mbantu bèn kowé aja nganti nggawé dosa. (1 Korintus 10:13) Dadi, kowé mesthi isa berusaha bèn ora mèlu-mèlu wong liya.

 ”Aku wedi banget nèk bar dibaptis malah nggawé kesalahan. Tapi bar tak pikir-pikir, nèk ora dibaptis, kuwi ya salah. Dadi, sing penting saiki tak lakoni waé.”—Karen.

 Intiné: Kowé mesthi isa tetep setya kaya umaté Yéhuwah sing liyané.—Filipi 2:12.

 Keterangan tambahan:Bagaimana Aku Bisa Menolak Godaan?

 Piyé nèk mengko aku éntuk tugas liya padahal durung siap?

 Alesané: Ana cah enom sing kudu pisah saka wong tuwa lan kanca-kancané merga péngin luwih akèh nglayani Yéhuwah. Mungkin kowé wedi nèk kudu kaya ngono.

 ”Bar dibaptis mémang isa éntuk luwih akèh tugas. Tapi ora kabèh wong isa kaya ngono.”—Marie.

 Ayat: ”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé. Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.”—Galatia 6:4.

 Pikirna: Aja mbandhingké karo wong liya. Kowé isa ngetrapké saran sing disebutké ing Markus 12:30, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu.”

 Menurut ayat kuwi, kowé kudu nglayani Yéhuwah saktulusé atimu. Dadi, kowé péngin nglayani Yéhuwah kuduné merga péngin nyenengké Dhèwèké, dudu merga péngin nyenengké wong liya. Terus nèk kowé sayang karo Yéhuwah, kowé mesthi bakal berusaha nglayani Dhèwèké sesuai karo kemampuanmu.

 ”Bar dibaptis, mungkin kowé éntuk tugas-tugas liyané. Tapi kuwi ora angèl, malah isa nggawé kowé bahagia. Apa manèh nèk kowé bergaul karo wong-wong sing sayang karo Yéhuwah. Kanca-kancamu kuwi mesthi bakal ndhukung kowé. Tapi nèk ora dibaptis, kowé malah rugi dhéwé.”—Julia.

 Intiné: Nèk mikirké Yéhuwah wis mènèhi apa waé, kowé mesthi dadi péngin mbales Dhèwèké sesuai karo kemampuanmu.—1 Yohanes 4:19.

 Keterangan tambahan:Apakah Aku Orangnya Bertanggung Jawab?

 Piyé nèk aku ngrasa ora pantes nglayani Yéhuwah?

 Alesané: Yéhuwah kuwi Sing Mahakuwasa, dadi kowé ngrasa ora ana apa-apané. Mungkin kowé mikir nèk Yéhuwah ora nggatèkké kowé.

 ”Aku ngrasa nèk Yéhuwah akrab karo aku mung merga wong tuwaku Seksi Yéhuwah.”—Natalie.

 Ayat: ”Ora ana wong sing isa marani aku kecuali Bapak, sing ngutus aku, narik wong kuwi.”—Yohanes 6:44.

 Pikirna: Nèk kowé péngin dibaptis, kuwi bukti nèk Yéhuwah narik kowé dadi kancané. Apa kowé gelem?

 Terus, Yéhuwah ya ngandhani carané bèn isa cedhak karo Dhèwèké. Ing Alkitab disebutké nèk kowé ”nyedhak marang Gusti Allah . . . Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé”.—Yakobus 4:8.

 ”Pas kowé ngrasa ora pantes nglayani Yéhuwah, kowé kudu yakin nèk kuwi ora bener. Yéhuwah kuwi sayang karo kowé. Buktiné kowé isa kenal lan cedhak karo Dhèwèké.”—Selina.

 Intiné: Nèk kowé memenuhi syarat ing Alkitab kanggo dibaptis, kuwi berarti kowé pantes nglayani Yéhuwah. Apa manèh kowé kuduné nglayani Dhèwèké.—Wahyu 4:11.

 Keterangan tambahan:Kenapa Kudu Ndonga?