Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Bèn Aku Ora Bermuka Dua?

Piyé Bèn Aku Ora Bermuka Dua?

 Mungkin ana umaté Yéhuwah sing mikir nèk manut karo pathokané Alkitab kuwi marakké uripé ora kepénak. (Mazmur 73:2, 3) Terus, meréka mulai éthok-éthok manut karo pathokan ing Alkitab, padahal sakjané ora.

 Nèk kowé ngrasa kaya ngono, saran-saran ing artikel iki cocog kanggo mbantu kowé bèn ora bermuka dua.

Ing artikel iki bakal dibahas

 Apa maksudé bermuka dua?

 Bermuka dua kuwi maksudé wektu kowé kumpul karo kancamu sing dudu umaté Yéhuwah, tingkah laku lan omonganmu padha kaya meréka. Tapi, pas kumpul karo sedulur seiman, tingkah laku lan omonganmu kaya-kayané manut karo Yéhuwah. Bermuka dua kuwi kaya kowé nganggo topèng.

 ”Nèk kowé bermuka dua, wong-wong ora bakal ngerti sakjané kowé ki wongé piyé. Kowé wis ngapusi kabèh wong.”​—Erin.

 Apa kowé ngerti? Bermuka dua kuwi termasuk ora manut Yéhuwah wektu kowé dhèwèkan.

 ”Aku mulai ndelok gambar lan vidéo sing saru-saru pas umur 14 taun. Wong liya ngertiné aku ora seneng nonton pornografi, padahal sakjané aku nonton.”​—Nolan.

 Ayat: ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Dhèwèké bakal sengit marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné.”​—Matius 6:24.

 Apa wong sing bermuka dua kuwi berarti jahat?

 Durung tentu. Ana wong-wong sing mémang ora gelem manut karo pathokan ing Alkitab. Nèk kowé apa mémang ora gelem manut? Utawa, ana alesan liyané? Misalé:

  •   Mungkin kowé wedi dianggep anèh karo kanca-kancamu merga béda karo meréka.

  •   Mungkin kowé luwih seneng kumpul karo kanca-kanca sekolahmu timbang karo sedulur seiman.

  •   Mungkin kowé ngrasa ora sanggup manut kabèh préntahé Yéhuwah.

 ”Mungkin cah-cah enom sing bermuka dua luwih seneng kumpul karo kanca-kancané sing dudu Seksi Yéhuwah merga luwih cocog karo meréka.”​—David.

 Apa waé alesané, bermuka dua kuwi ora bener. Tapi kenyataané wong-wong sing gelem manut karo Yéhuwah ya isa bermuka dua. Nèk kowé kaya ngono, terus kudu piyé?

 Piyé bèn aku ora bermuka dua?

  1.  1. Pikirna sakjané kowé péngin dadi wong sing kaya apa. Coba renungna, ’Apa aku seneng bermuka dua? Nèk terus-terusan kaya ngono, kira-kira apa akibaté?’

     Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman tetep ana ing kono lan akhiré kena cilaka.”​—Wulang Bebasan 27:12.

  2.  2. Kudu jujur. Critaa karo wong tuwamu, utawa sedulur-sedulur sing wis pengalaman lan manut karo Yéhuwah. Meréka pasti gelem ngrungokké lan mbantu kowé. Meréka ya pasti seneng ndelok upayamu bèn ora bermuka dua manèh.

    Nèk kowé wis terlanjur bermuka dua, njaluka bantuané wong liya

     ”Sing paling angèl kuwi pas aku ngaku salah. Tapi bar kuwi aku ngrasa lega.”​—Nolan.

     Ayat: ”Wong sing nutup-nutupi kesalahané ora bakal berhasil, ning wong sing ngakoni kesalahané lan ora nindakké kuwi manèh bakal dimesakké.”​—Wulang Bebasan 28:13.

  3.  3. Gelem nanggung akibaté. Nèk bermuka dua berarti kowé wis ngapusi wong tuwamu karo sedulur-sedulur ing jemaat. Isa waé meréka dadi ora percaya manèh karo kowé. Wong tuwa utawa para pinituwa ing jemaat mungkin bakal mbatesi beberapa kegiatanmu. Kowé kudu nanggung akibaté lan mulai saiki kudu ”jujur wektu nindakké apa waé”.​—Ibrani 13:18.

     Ayat: ”Rungokna naséhat lan tampanen dhidhikan, bèn sukmbèn kowé isa dadi wicaksana.”​—Wulang Bebasan 19:20.

  4.  4. Percayaa nèk Yéhuwah sayang karo kowé. Merga sayang, Yéhuwah nggatèkké kabèh tingkah lakumu. Nèk kowé bermuka dua, kuwi nggawé Yéhuwah sedhih. Tapi merga ”perduli karo kowé”, Dhèwèké péngin mbantu bèn kowé isa berubah dadi luwih apik.​—1 Pétrus 5:7.

     Ayat: ”Yéhuwah tenanan ndelok kabèh wong ing bumi bèn isa nduduhké kekuwatané marang wong-wong sing ngabdi saktulusé ati.”​—2 Babad 16:9.