Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 2: Seneng Maca Alkitab

Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 2: Seneng Maca Alkitab

 Cah enom sing jenengé Will ngomong, ”Awaké dhéwé isa dadi males maca Alkitab nèk ora ngerti carané.”

 Piyé carané bèn seneng maca Alkitab? Deloken saran-saran iki.

 Bayangna critané

 Bayangna kowé ya ana ing crita kuwi. Carané:

  1.   Milih crita sing péngin diwaca. Kowé isa milih crita sing ana ing Injil utawa ing buku Alkitab liyané, utawa milih crita sing ana ing rekaman Alkitab sing diwaca kaya drama ing jw.org.

  2.   Maca critané. Isa diwaca dhéwé utawa bareng-bareng. Ana sing dadi tokohé, terus ya ana sing maca critané.

  3.   Nyoba saran iki:

    •   Critané digambar utawa digawé komik, terus dikèki keterangan gambar.

    •   Pas maca kisahé abdiné Gusti Allah, tulisen sifat-sifaté, sing dialami, karo berkah sing ditampa.

    •   Bayangna kowé dadi penyiar berita, terus kowé wawancara karo tokoh-tokohé. Bar kuwi, critané gawénen kaya laporan berita.

    •   Nèk ana tokoh sing nggawé kesalahan, bayangna piyé hasilé nèk dhèwèké ora nggawé kesalahan kuwi. Contoné, pas Pétrus ora ngaku nèk kenal Yésus. (Markus 14:66-​72) Pas kuwi, kuduné Pétrus njawab apa?

    •   Kisah sing mbok waca ing Alkitab kuwi gawénen drama, terus tulisen apa sing isa ditiru lan sing kuduné ora ditiru saka kisah kuwi.​—Roma 15:4.

      Pas maca Alkitab, bayangna critané

 Kudu dipelajari tenan

 Nèk kisahé dipelajari tenan, kowé isa ngerti luwih akèh soal kisah kuwi. Kadhang, awaké dhéwé isa ngerti luwih akèh mung saka satu atau dua kata.

 Contoné, bandhingna Matius 28:7 karo Markus 16:7.

  •    Ngapa kok ing ayat kuwi Markus nulis ”lan Pétrus” pas nyritakké nèk Yésus arep nemoni murid-muridé?

  •  Petunjuk: Markus ora ndelok dhéwé peristiwa kuwi. Kétoké sing ngandhani dhèwèké kuwi Pétrus.

  •  Pikirna: Pétrus mesthi seneng banget pas ngerti nèk Yésus péngin ketemu dhèwèké. Lha ngapa? (Markus 14:66-​72) Apa buktiné nèk Yésus sayang karo Pétrus? Piyé carané niru Yésus?

 Dadi, kowé isa seneng maca Alkitab nèk critané mbok bayangké lan kisahé mbok pelajari tenan.