Langsung mlebu

PITAKONANE CAH ENOM

Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?

Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?

 Apa sebabé aku ora isa fokus?

 ”Mbiyèn aku seneng maca buku. Ning, saiki aku wis ora tau maca buku manèh.”​—Elaine.

 ”Aku bakal nyepetké kecepatan vidéo sing tak tonton nèk aku ngrasa vidéoné kuwi suwé.”​—Miranda.

 ”Nèk aku lagi fokus nindakké sesuatu, terus HP ku muni, aku langsung mikir, ’Sapa ya sing nge-chat aku?’”—Jane.

 Beberapa wong setuju nèk tèknologi isa nggawé awaké dhéwé angèl kanggo fokus. Penulis lan konsultan manajemén sing jenengé Nicholas Carr nulis, ”Nèk kerep mbukak internèt, otaké awaké dhéwé dadi bingung lan ora isa fokus merga informasi sing ditampa cepet banget.” a

 Ing keadaan telu iki, tèknologi isa nggawé kowé dadi ora fokus.

  •   Wektu ngobrol. Cah wédok sing jenengé Maria ngamati, ”Wektu lagi ngobrol, wong-wong malah nyambi chatting-an, dolanan game, utawa mbukak média sosial sing ana ing HP-né, lan malah ora nggatèkké sing ngejak omong.”

  •   Wektu ing kelas. Buku Digital Kids kandha, ”Ing sekolah, akèh murid-murid sing ora nggunakké HP-né kanggo sinau. Malah HP-né dienggo chatting-an, browsing, utawa mbukak média sosial.”

  •   Wektu sinau. Chris sing umuré 22 taun kandha, ”Angèl banget kanggo ora ndelok HP-ku pas kuwi muni.” Nèk kowé isih sekolah, HP-mu isa nggawé kowé nggarap PR luwih suwé. Sing biasané mung sak jam dadi telung jam utawa malah luwih nèk kowé mung fokus karo HP-mu.

 Intiné: Kowé bakal angèl kanggo fokus nèk kowé terlalu akèh nggunakké tèknologi.

Pikiran sing ora fokus kuwi kaya jaran liar sing ora isa mbok kendhalèni

 Piyé carané bèn aku isa tambah fokus?

  •   Wektu ngobrol. Alkitab kandha, ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.” (Filipi 2:4) Gelem ngrungokké tenanan kuwi nduduhké nèk kowé perduli karo wong liya. Wektu ngobrol, kowé kudu fokus. Aja malah ndeloki HP-mu.

     ”Wektu lagi ngobrol, aja malah dolanan HP. Kowé isa nggatèkké tenanan wektu ana sing ngejak ngobrol. Kuwi nduduhké nèk kowé ngajèni wong kuwi.”​—Thomas.

     SARAN: Kowé isa nyingkirké HP mu wektu lagi ngobrol. Para peneliti kandha nèk HP isa nggawé awaké dhéwé ora fokus.

  •   Wektu ing kelas. Alkitab kandha, ”Gatèkna caramu ngrungokké.” (Lukas 8:18) Nèk ing sekolahmu ngijinké nggawa HP, aja ndelok SMS, dolanan game, utawa chatting-an wektu lagi pelajaran.

     ”Kowé isa luwih nggatèkké ing kelas. Kowé isa nyathet utawa lungguh ing ngarep bèn isa tetep fokus.”​—Karen.

     SARAN: Kowé isa nyathet ing buku ketimbang nganggo komputer. Para peneliti wis nliti nèk kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih fokus lan éling karo apa sing wis disinaoni.

  •   Wektu sinau. Alkitab kandha, ”Mbudidayaa supaya olèh kawicaksanan, marsudia supaya olèh pangretèn.” (Wulang Bebasan 4:5) Kowé kudu sinau tenanan. Aja sinau mung merga bèn lulus ujian.

     ”Tablèt ku tak gawé mode pesawat, lan aku ora ndelok notifikasi bèn isa fokus sinau. Terus, nèk ana sing kudu tak éling-éling, kuwi langsung tak cathet.”​—Chris.

     SARAN: Lingkungan belajarmu kudu resik lan ora berantakan bèn kowé isa fokus sinau.

a Saka buku The Shallows—What the Internet Is Doing to Our Brains.