Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Pacaran​—Bagéan 3: Apa Aku Kudu Putus?

Pacaran​—Bagéan 3: Apa Aku Kudu Putus?

 Saiki kowé wis pacaran. Tapi mungkin kowé ragu hubungané isa terus lanjut utawa kudu putus. Ing artikel iki ana saran-saran sing isa mbok pikirké bèn kowé isa nggawé keputusan soal kuwi.

Ing artikel iki

 Nèk ana perbédaan

 Sakwisé saling mengenal, mungkin ana pasangan sing ngrasa nèk ternyata meréka ora cocog. Misalé:

  •   Sing siji seneng ing pantai; sing sijiné luwih seneng ing gunung.

  •   Sing siji seneng ngobrol; sing sijiné menengan.

  •   Sing siji wongé seneng ngapusi; sing sijiné wongé jujur.

 Pikirna telu conto kuwi. Conto sing pertama béda hobiné, conto sing keloro béda sifaté, lan conto sing ketelu béda prinsipé.

 Pikirna: saka perbédaan kuwi, menurutmu endi sing kira-kira mengko isa dadi masalah wektu kowé karo pacarmu nikah? Terus saka telu perbédaan kuwi, endi sing isa diatasi?

 Meskipun wis nikah, pasangan suami istri isa nduwé hobi lan sifat sing béda. Tapi meskipun béda, perkawinané meréka tetep isa bahagia. Élinga, nèk pasangan sing cocog kuwi ora berarti kabèh kudu padha. Ana beberapa suami utawa istri sing berupaya menyesuaikan diri lan akhiré dadi seneng karo hobi pasangané. Malah, pasangan sing sifaté béda kuwi isa saling melengkapi. a

 Tapi, kowé kudu nggolèk pasangan sing kepercayaané padha karo kowé, moralé apik, lan ngerti endi sing bener lan sing salah. Dadi sing penting nèk arep nikah, kalian kudu nduwé prinsip sing padha. Tapi nèk ternyata kalian nduwé prinsip sing béda, ya luwih apik hubungané aja diteruské.

 Nèk soal béda kepercayaan, ing buku Fighting for Your Marriage disebutké, ”Pasangan sing béda kepercayaan biasané luwih gampang cerai.”

 Ayat: ”Aja bersatu karo wong-wong sing ora seiman.”—2 Korintus 6:14.

 Kudu nggawé keputusan

 Ing Alkitab disebutké nèk wong sing nikah bakal ”ngalami akèh kesusahan”. (1 Korintus 7:28) Wektu pacaran isa waé kowé mulai ngrasakké kuwi.

 Nèk béda pendapat, kuwi ora berarti hubunganmu wis gagal. Mula saka saiki isa mikirké: Piyé carané ngatasi béda pendapat nganggo cara sing apik? Kuwi bakal bermanfaat wektu kalian wis nikah.

 Ayat: ”Kowé kudu apikan karo wong liya, nduwé rasa mesakké, lan tulus ngapura wong liya.”—Éfésus 4:32.

 Tapi nèk terus béda pendapat nganti padu, isa waé kuwi tandha nèk kalian ora cocog. Luwih apik ngerti soal kuwi pas pacaran timbang pas wis nikah.

Nèk terus-terusan béda pendapat nganti padu, isa waé kuwi tandha nèk kalian ora cocog

 Inti: Nèk kowé ngrasa ora yakin karo pacarmu, utawa malah durung siap kanggo nikah, kuwi aja disepèlèkké.

 Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré cilaka.”—Wulang Bebasan 22:3.

 Nèk kudu putus

 Mémang, putus kuwi isa nggawé lara ati lan sedhih.Tapi nèk kowé utawa pacarmu isih ragu-ragu karo hubungané kalian, sing luwih apik ya diakhiri waé.

 Tapi, piyé cara sing apik nggo ngakhiri hubungan? Nèk isa aja liwat télépon utawa chat, tapi luwih apik ketemu ing panggonan sing cocog lan ngomongké langsung soal kuwi.

 Ayat: ”Kowé kudu jujur wektu ngomong karo wong liya.”—Zakharia 8:16.

 Nèk putus, apa kuwi berarti kowé wis gagal? Ora. Kowé kudu éling nèk pacaran kuwi tujuané kanggo mengenal calon pasanganmu lan kanggo mbantu kowé mutuské bakal nikah karo dhèwèké apa ora. Dadi nèk putus, kowé isa tetep éntuk pelajaran sing berharga saka pengalamanmu kuwi.

 Pikirna: ’Apa sing isa tak pelajari saka pengalamanku iki? Apa waé sing kudu tak upayakké sakdurungé aku siap kanggo nikah? Apa waé sing kudu tak ubah nèk misalé aku mutuské kanggo pacaran manèh?’

a Sifat-sifat iki isa mempengaruhi hubungan suami istri. Deloken katrangan ing artikel, ”Bantuan untuk Keluarga—Cara Mengatasi Perbédaan” lan ”Bantuan Kanggo Keluarga—Piyé Nèk Bojoné Njenengan Marahi Jèngkèl?