Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Pacaran—Bagéan 1: Apa Aku Wis Siap Pacaran?

Pacaran—Bagéan 1: Apa Aku Wis Siap Pacaran?

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Apa tujuané pacaran?

 Ana sing nganggep nèk pacaran kuwi mung kanggo seneng-seneng thok. Tapi ing artikel iki, ”pacaran” kuwi maksudé wong lanang lan wong wédok berusaha luwih kenal sakdurungé mutuské arep nikah. Dadi pacaran kuwi ana tujuané, dudu mung merga péngin digatèkké lawan jenis.

 Nèk wis pacaran, kowé kudu nggawé keputusan arep nikah apa putus.

 Intiné: Nèk kowé wis siap pacaran berarti kowé wis siap nikah.

Nèk pacaran tapi tujuané ora kanggo nikah kuwi padha kaya mèlu wawancara kerja tapi ora péngin kerja

 Apa kowé wis siap pacaran?

 Merga pacaran kuwi tujuané nikah, mula kowé kudu mikirké sifat-sifatmu wis apik apa durung. Coba pikirna soal iki:

  •   Sikapmu karo keluarga. Pas ana masalah, piyé sikapmu karo wong tuwamu utawa kakang adhimu? Pas kowé nikah, sikapmu ya bakal kaya ngono karo bojomu.

     Ayat: ”Aja nganti kowé dendam, nesu, ngamuk, nggetak-nggetak, ngrèmèhké, utawa nindakké kabèh sing jahat.”—Éfésus 4:31.

     Pikirna: ’Apa aku wis ngajèni wong tuwaku? Apa aku wis sopan karo kakang adhiku? Pas aku ora setuju karo meréka apa aku langsung nesu-nesu utawa aku isa tetep tenang lan ngrampungké masalahé?’

    Nèk kowé ora akur karo wong tuwamu, isa waé kowé ya ora bakal akur karo bojomu

  •   Gelem berkorban. Nèk wis nikah, kowé kudu mikirké bojomu. Kadhang kepénginanmu ora dituruti lan kowé kudu ngalah.

     Ayat: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”—1 Korintus 10:24.

     Pikirna: ’Apa aku kerep meksa wong liya kanggo nuruti kepénginanku? Apa aku gelem ngrungokké pendapaté wong liya? Apa buktiné nèk aku mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentinganku dhéwé?’

  •   Rendah hati. Nèk rendah hati berarti gelem ngakoni nèk salah lan gelem ngapurani.

     Ayat: ”Awaké dhéwé kerep nggawé salah.”—Yakobus 3:2.

     Pikirna: ’Pas nggawé salah, apa aku gelem ngakoni utawa malah nggolèk-nggolèk alesan? Apa aku gampang nesu utawa gampang tersinggung pas dikèki naséhat karo wong liya?’

  •   Pengeluaran. Suami istri biasané kerep padu soal dhuwit. Nèk saiki kowé wis pinter ngatur pengeluaranmu, sukmbèn nèk wis nikah kowé ora bakal kerep padu soal dhuwit karo bojomu.

     Ayat: ”Nèk ana wong sing arep mbangun omah, mesthiné kan wong kuwi bakal lungguh lan ngétung biayané dhisik, ta? Dadi, dhèwèké isa ngerti dhuwité cukup apa ora kanggo mbangun nganti rampung.”—Lukas 14:28.

     Pikirna: ’Apa aku wongé boros? Apa aku kerep utang? Apa buktiné nèk aku isa ngatur pengeluaranku?’

  •   Akrab karo Gusti Allah. Nèk kowé Seksi-Seksi Yéhuwah, kowé kudu ajeg sinau Alkitab lan teka ngibadah.

     Ayat: ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”—Matius 5:3.

     Pikirna: ’Apa aku berusaha tambah akrab karo Yéhuwah? Apa aku ngutamakké kegiatan rohani, utawa aku nganggep kegiatan liyané luwih penting?’

 Intiné: Nèk kowé berusaha dadi wong sing apik, kowé ya bakal ketemu karo wong sing apik. Wong sing bakal dadi bojomu kuwi pantes éntuk bojo sing apik.