Mazmur 103:1-22

  • ”Aku arep muji Yéhuwah”

    • Gusti Allah nyingkirké dosané awaké dhéwé (12)

    • Gusti Allah kaya bapak sing mesakké anaké (13)

    • Gusti Allah éling nèk awaké dhéwé iki debu (14)

    • Pamréntahan lan kerajaané Yéhuwah (19)

    • Malaékat nindakké omongané Gusti Allah (20)

Lagu sing digawé Daud. 103  Aku arep muji Yéhuwah. Aku arep muji jenengé sing suci sak tulusé atiku.   Aku arep muji Yéhuwah. Muga-muga aku ora lali karo kabèh sing wis ditindakké Dhèwèké.+   Dhèwèké ngapura kabèh kesalahanku+Lan mbébaské aku saka kesusahanku.+   Dhèwèké nylametké aku* bèn aku ora mati.+ Dhèwèké nresnani* lan mesakké karo aku.+   Dhèwèké nggawé aku puas merga aku éntuk berkah+ sakjegé uripku,Bèn aku tetep enom lan kuwat kaya manuk elang.+   Yéhuwah nindakké sing bener+ lan adilMarang wong sing ditindhes.+   Dhèwèké ngandhani Israèl soal tumindaké+Lan ngandhani Musa soal préntahé.+   Yéhuwah kuwi apikan, gampang mesakké,+Ora gampang nesu, lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+   Dhèwèké ora seneng nggolèk-nggolèk kesalahan.+ Dhèwèké ora terus-terusan nesu.+ 10  Dhèwèké ora ngukum sesuai karo dosané awaké dhéwé+Lan ora mbales sesuai karo kesalahané awaké dhéwé.+ 11  Katresnané* marang wong sing wedi marang* Dhèwèké kuwi+Kaya langit sing luwih dhuwur timbang bumi. 12  Dhèwèké nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget,+Adohé kaya wétan karo kulon. 13  Yéhuwah mesakké karo wong sing wedi marang Dhèwèké,+Kaya bapak sing mesakké karo anaké. 14  Dhèwèké ngerti awaké dhéwé diciptakké saka apa.+ Dhèwèké éling nèk awaké dhéwé iki mung debu.+ 15  Uripé manungsa kuwi kaya suket,+Sing metu kembangé kaya kembang ing ladhang.+ 16  Ning pas kena angin, kuwi ora ana manèh,Kaya ora tau thukul ing kono.* 17  Tapi katresnané Yéhuwah* marang wong sing wedi marang Dhèwèké+Bakal ana saklawasé,*Lan Dhèwèké apikan marang anak putuné wong kuwi,+ 18  Marang wong sing manut karo perjanjiané Gusti Allah,+Lan marang wong sing tenanan nindakké préntahé. 19  Yéhuwah terus mréntah ing swarga saklawasé.+ Kerajaané nguwasani sak kabèhé.+ 20  Pujinen Yéhuwah, hé kowé para malaékaté+ sing kuwat,Sing manut karo préntahé* lan nindakké omongané.+ 21  Pujinen Yéhuwah, hé kowé para pasukané,+Para abdiné sing nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah.+ 22  Pujinen Yéhuwah, hé kowé kabèh ciptaané Gusti AllahSing ana ing dhaérah kekuasaané. Aku arep muji Yéhuwah sak tulusé atiku.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”nylametké nyawaku saka lubang”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Lan panggonané ora kenal karo dhèwèké manèh”.
Utawa ”katresnané Yéhuwah sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”saka saklawasé nganti saklawasé”.
Lit.: ”Sing ngrungokké swara omongané”.