Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku?

Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku?

 Saben keluarga nduwé aturan. Contoné, jam pira kowé kudu bali omah, sepira suwéné kowé éntuk dolanan HP, lan piyé kuduné sikapmu karo wong liya.

 Piyé nèk misalé kowé nglanggar aturané wong tuwamu? Senajan kowé ora isa ngubah keadaané, ning ana sing isa mbok tindakké bèn keadaané ora tambah parah. Artikel iki bakal nduduhké piyé carané.

 Sing aja mbok tindakké

  •   Nèk kowé nglanggar aturan lan ora ana sing ngerti, kowé isa waé péngin ngumpetké kesalahanmu.

  •   Nèk kowé nglanggar aturan lan ana sing ngerti, kowé isa waé nggawé-nggawé alesan utawa malah nyalahké wong liya.

 Loro-loroné dudu cara sing apik. Merga nèk kowé ngumpetké kesalahan utawa nggolèk-nggolèk alesan, wong tuwamu bakal nganggep kowé isih kaya cah cilik.

 ”Nèk kowé ngapusi, masalahmu ora bakal rampung. Malah nèk wong tuwamu ngerti kowé ngapusi, kowé bakal tambah disenèni.”​—Diana.

 Sing kudu mbok tindakké

  •   Ngakoni kesalahanmu. Alkitab kandha, ”Sing sapa ndhelikaké paneraké ora bakal begja.” (Wulang Bebasan 28:13) Wong tuwamu ngerti nèk kowé isa waé nggawé kesalahan. Ning, wong tuwamu péngin kowé isa jujur.

     ”Wong tuwamu bakal luwih gampang ngapurani kowé nèk kowé jujur. Nèk kowé jujur, wong tuwamu bakal luwih percaya karo kowé.”​—Olivia.

  •   Njaluk ngapura. Alkitab kandha, ”Kowé kabèh kudu padha andhap asor.” (1 Pétrus 5:5) Kowé kudu rendah hati wektu njaluk ngapura lan ora nggolèk-nggolèk alesan.

     ”Wong sing seneng nggolèk-nggolèk alesan isa nggawé hati nuraniné dadi ora peka. Dhèwèké ora bakal ngrasa salah wektu nggawé kesalahan.”​—Heather.

  •    Nampa akibaté. Alkitab kandha, ”Nilingna pamerdi [utawa, naséhat].” (Wulang Bebasan 8:33) Kowé kudu nampa hukuman saka wong tuwamu lan aja nggrundel.

     ”Nèk kowé nggrundel wektu éntuk hukuman, wong tuwamu bakal dadi tambah jèngkèl karo kowé. Dadi, cobanen tampa hukumané lan aja mbantah.”​—Jason.

  •   Ngupaya bèn isa dipercaya manèh. Alkitab kandha, ”Nyingkirké kepribadian lawas yaiku uripmu mbiyèn.” (Éfésus 4:22) Kowé kudu terus nindakké apa sing apik bèn wong tuwamu isa percaya manèh karo kowé.

     ”Nèk kowé terus nggawé keputusan sing apik lan ora mbalèni kesalahan sing padha, wong tuwamu bakal percaya manèh karo kowé.”​—Karen.

 SARAN: Kowé isa nindakké luwih saka apa sing dijaluk wong tuwamu kanggo nduduhké nèk kowé isa dipercaya. Contoné, wektu kowé lunga, kowé isa ngabari wong tuwamu wektu kowé arep bali omah senajan durung kewengèn. Kuwi nggawé wong tuwamu ngerti nèk kowé ngupaya bèn isa dipercaya manèh.