Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 2: Piyé Carané Bèn Aku Isa Dibaptis?

Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 2: Piyé Carané Bèn Aku Isa Dibaptis?

 Nèk kowé wis akrab karo Gusti Allah lan manut karo préntahé, kowé mungkin dadi péngin dibaptis. Ning, piyé carané bèn kowé isa dibaptis? a

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Apa kudu ngerti kabèh soal Alkitab?

 Ora. Bèn isa dibaptis, kowé ora perlu ngapalké isiné Alkitab kaya mèh ujian. Ning, kowé kudu ”nggunakké kabèh pikiranmu” bèn yakin nèk sing mbok pelajari saka Alkitab kuwi bener. (Roma 12:1) Contoné:

  •   Apa kowé percaya karo Gusti Allah lan ngerti ngapa kudu nyembah Dhèwèké?

     Ayat: ”Sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Dhèwèké kuwi ana lan nèk Dhèwèké mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké.”—Ibrani 11:6.

     Pikirna: ’Ngapa aku kudu percaya Gusti Allah?’ (Ibrani 3:4) ’Ngapa aku kudu nyembah Dhèwèké?’—Wahyu 4:11.

     Keterangan tambahan:Penciptaan atau Evolusi?—Bagian 1: Mengapa Percaya kepada Allah?

  •   Apa kowé percaya nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah?

     Ayat: ”Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah. Kuwi gunané kanggo mulang, ngandhani nèk awaké dhéwé salah, nggawé sing salah dadi bener manèh, lan nglatih awaké dhéwé kanggo nindakké apa sing bener.”—2 Timotius 3:16.

     Pikirna: ’Ngapa aku percaya nèk Alkitab kuwi dudu saka manungsa?’—Yésaya 46:10; 1 Tésalonika 2:13.

     Keterangan tambahan:Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 1: Ngerti Isiné

  •   Apa kowé percaya nèk Yéhuwah sing ngarahké jemaat Kristen?

     Ayat: ”[Gusti Allah] pantes nampa kemuliaan liwat jemaat lan liwat Kristus Yésus nganti saklawasé.”—Éfésus 3:21.

     Pikirna: ’Apa aku percaya nèk sing tak pelajari ing pertemuan ibadah kuwi asalé saka Yéhuwah, dudu saka manungsa?’ (Matius 24:45) ’Meskipun wong tuwaku ora mèlu pertemuan ibadah, apa aku tetep teka (nèk diijinké)?’—Ibrani 10:24, 25.

     Keterangan tambahan:Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?

 Aku kudu piyé?

 Mémang kowé isa waé tetep nggawé kesalahan sakwisé dibaptis, Tapi sing penting kowé kudu berusaha bèn ”nindakké sing apik, aja nganti nindakké sing jahat”. (Mazmur 34:14) Contoné:

 SARAN: Bèn siap dibaptis, coba wacanen buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, pasal 37. Coba isinen lembar kerja ing halaman 308 lan 309.

a Bèn ngerti dibaptis kuwi apa lan ngapa kok kudu nggawé janji ngabdi lan dibaptis, wacanen artikel ”Apa Aku Kudu Dibaptis—Bagéan 1”.