Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Bèn Ora Nduwé Pikiran Négatif?

Piyé Carané Bèn Ora Nduwé Pikiran Négatif?

 Kowé kuwi wong sing kaya apa?

  •   Optimis

     ”Aku ngupaya bèn tetep santai lan bahagia.”​—Valerie.

  •   Pèsimis

     ”Wektu ngalami sing apik, aku langsung mikir nèk kuwi ora mungkin utawa mesthi ana sing salah.”​—Rebecca.

  •   Masuk akal

     ”Nèk aku dadi wong sing optimis, aku bakal gela wektu kenyataané ora cocog karo kepénginanku. Nèk aku dadi wong sing pèsimis, aku ora bakal isa bahagia. Mula, aku luwih seneng dadi wong sing masuk akal waé.”​—Anna.

 Apa sebabé ora éntuk nduwé pikiran négatif?

 Alkitab kandha nèk ”atiné wong seneng iku prasasat pista ajegan”. (Wulang Bebasan 15:15) Wong sing nduwé pikiran positif biasané luwih bahagia lan nduwé akèh kanca. Mesthiné ora ana sing gelem cedhak-cedhak karo wong sing terus-terusan sedhih lan nduwé pikiran négatif, ta?

 Ning, wong sing terus nduwé pikiran positif waé ya tetep ngadhepi masalah. Contoné:

  •   Kowé mungkin kerep krungu berita soal perang, térorisme, utawa kejahatan liyané.

  •   Kowé mungkin nduwé masalah keluarga.

  •   Kowé ngadhepi masalah merga ora sampurna.

  •   Mungkin ana kanca sing nggawé kowé lara ati.

 Ketimbang ora nggagas masalah-masalah kuwi, utawa malah dadi terus mikirké kuwi, luwih apik nèk kowé nduwé pandhangan sing masuk akal soal masalah-masalah kuwi. Pandhangan sing masuk akal isa mbantu kowé bèn ora terus-terusan nduwé pikiran négatif lan isa nampa kenyataan tanpa ngrasa cilik ati.

Kowé mesthi isa ngadhepi masalahmu sing kaya badai lan percaya nèk kuwi bakal ana solusiné

 Sing isa mbok tindakké

  •   Nduwé pandhangan sing masuk akal soal kesalahanmu.

     Alkitab kandha, ”Sanyatané ing bumi iki ora ana wong kang mursid [utawa, apik]: kang nglakoni panggawé becik lan ora tau nglakoni dosa.” (Kohèlèt 7:20) Manungsa mesthi nindakké kesalahan. Kuwi wajar lan ora berarti kowé ora tau nindakké sing bener.

     Carané dadi wong sing masuk akal: Ngupayaa nindakké sing luwih apik, ning élinga nèk kowé ora sampurna. Cah lanang sing jenengé Caleb ngomong, ”Aku ngupaya ora terus-terusan mikirké kesalahanku. Ning, aku sinau saka kesalahanku bèn aku isa nindakké sing luwih apik.”

  •   Aja mbandhing-bandhingke.

     Alkitab kandha, ”Kita aja sombong, saingan, utawa mèri marang siji lan sijiné.” (Galatia 5:26) Wektu ngerti saka foto-foto ing média sosialé kanca-kancamu nèk kowé ora diundang ing acarané, kowé isa waé dadi nesu lan gela. Kowé isa ngrasa nèk kanca-kancamu ora seneng karo kowé.

     Carané dadi wong sing masuk akal: Aja ngrasa sedhih nèk ora dijak kumpul-kumpul karo kancamu merga apa sing mbok delok ing média sosial kuwi ora isa nyritakké apa sing sakjané kelakon wektu acara kuwi. Ana cah enom sing jenengé Alexis ngomong, ”Ing média sosial, biasané wong mung mamèrké kegiatan-kegiatan sing paling nyenengké kanggo dhèwèké. Nèk sing biasa-biasa waé ora bakal dipamèrké.”

  •   Ngupaya tetep rukun—khususé karo keluarga.

     Alkitab kandha, ”Ngupayaa sak isa-isané kanggo urip rukun karo kabèh wong.” (Roma 12:18) Kowé ora isa ngendhalèni tumindaké wong liya, ning kowé isa ngendhalèni tanggepanmu. Kowé isa ngupaya tetep rukun.

     Carané dadi wong sing masuk akal: Aja nggawé masalah ing keluargamu dadi tambah parah. Kowé kudu seneng rukun karo keluargamu kaya karo kanca-kancamu. Ana cah enom sing jenengé Melinda ngomong, ”Ora ana wong sing sampurna. Mbuh saiki apa sukmbèn, awaké dhéwé mesthi bakal nglarani atiné wong liya. Awaké dhéwé isa milih kanggo nanggepi nganggo cara sing apik utawa ora.”

  •   Bersyukur.

     Alkitab kandha, ”Terusa ngucap sokur.” (Kolose 3:15) Nèk bersyukur, kowé bakal luwih nggatèkké apa sing apik, ketimbang apa sing èlèk, sing kelakon ing uripmu.

     Carané dadi wong sing masuk akal: Pikirna masalahmu. Ning, kowé ya kudu mikirké apa sing isa disyukuri. Ana cah enom sing jenengé Rebecca ngomong, ”Saben dina, aku nulis apa sing isa tak syukuri, siji waé. Kuwi bèn aku terus kèlingan nèk sakjané ana akèh sing apik sing isa tak pikirké.”

  •   Miliha kanca sing apik.

     Alkitab kandha, ”Sesrawungan sing ala ngrusak kebiasaan sing apik.” (1 Korintus 15:33) Nèk bergaul karo wong-wong sing pikirané négatif terus, awaké dhéwé ya bakal kena pengaruhé.

     Carané dadi wong sing masuk akal: Wektu ngalami masalah, kanca-kancamu isa dadi sedhih lan strès. Kowé isa ndhukung kanca-kancamu kuwi. Ning, aja nganti masalahé mengaruhi kowé. Cah enom sing jenengé Michelle ngomong, ”Awaké dhéwé kuduné ora bergaul karo wong sing pikirané négatif. Kuwi kaya rumus matematika. Nèk négatif ditambah négatif, hasilé bakal tambah négatif.”

 Katrangan luwih akèh

 Nurut Alkitab, awaké dhéwé urip ing jaman sing ”angèl diadhepi lan mbebayani”. (2 Timotius 3:1) Apa kowé angèl nduwé pandhangan sing positif wektu ana akèh masalah? Wacanen ”Apa Sebabé Akèh Kasusahan?