Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Penampilanku Kuduné Piyé?

Penampilanku Kuduné Piyé?

 Ngapa kok kowé kudu mikirké penampilanmu? Saka penampilanmu, wong liya isa ngerti kowé kuwi wongé piyé. Wong dadi mikir apa nèk ndelok penampilanmu?

 Pandhangan sing salah soal penampilan

1. Gampang terpengaruh iklan.

 Cah enom sing jenengé Theresa ngomong, ”Kadhang aku mèlu-mèlu penampilan sing lagi ngetrèn merga kerep ndelok iklan. Aku dadi kepikiran terus, akhiré ya mèlu-mèlu kaya ngono.”

 Sing péngin mèlu-mèlu penampilan sing lagi ngetrèn kuwi ora mung cah wédok. Menurut buku The Everything Guide to Raising Adolescent Boys, ”cah lanang isa waé ya péngin mèlu-mèlu penampilan sing lagi ngetrèn. Makanè ing toko-toko ya diedol barang-barangé cah lanang”.

 Coba pikirna: Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.” (Wulang Bebasan 14:15) Kaya sing disebutké ing ayat kuwi, awaké dhéwé aja gampang terpengaruh karo iklan-iklan. Misalé, nèk kowé ndelok iklan klambi sing kétoké ”kerèn” utawa ”sèksi”, coba dipikir:

  •  ’Nèk penampilanku kaya ngono, sakjané sapa sing untung?’

  •  ’Wong liya dadi mikir apa nèk ndelok penampilanku?’

  •  ’Apa aku wongé mémang kaya ngono?’

 Saran: Selama seminggu iki, coba deloken iklan-iklan sing ana ing toko. Sing diiklanké kuwi penampilan sing kaya apa? Apa kuwi nggawé kowé péngin mèlu-mèlu kaya ngono? Cah enom sing jenengé Karen ngomong, ”Awaké dhéwé mesthi péngin penampilané menarik, klambiné apik, lan awaké kétok ’apik’. Makané toko-toko padha ngedol pakaian sing disenengi cah enom.”

2. Mèlu-mèlu pakaian sing lagi ngetrèn bèn kétok kerèn.

 Cah enom sing jenengé Manuel ngomong, ”Nèk ana penampilan sing lagi ngetrèn, ya kudu diikuti. Nèk ora, mengko dianggep ora kerèn.” Cah enom sing jenengé Anna ngomong, ”Jané ya dudu merga ngikuti trèn, tapi bèn disenengi kanca-kanca.”

 Coba pikirna: Ing Alkitab disebutké, ”Aja dipengaruhi karo ndonya iki manèh.” (Roma 12:2) Sesuai karo ayat kuwi, coba deloken pakaian ing lemarimu, bar kuwi pikirna iki:

  •  ’Aku tuku pakaian iki sakjané merga apa ta?’

  •  ’Apa aku mung gelem nganggo pakaian sing mèreké terkenal?’

  •  ’Apa aku nganggo pakaian iki mung bèn dipuji wong liya?’

 Saran: Wektu milih pakaian, aja mung mikir pakaian kuwi kerèn apa ora, tapi kowé ya kudu nyaman wektu nganggo pakaian kuwi. Nèk nyaman, kowé isa luwih percaya diri.

3. Pakaian ’sing sèksi kuwi luwih apik’.

 Cah enom sing jenengé Jennifer ngomong, ”Jujur waé kadhang aku ya péngin nganggo pakaian sing sèksi lan ketat.”

 Coba pikirna: Ing Alkitab disebutké, ”Aja mung ngutamakké penampilanmu waé. . . . Ning, kowé isa dadi wong sing ayu atiné.” (1 Pétrus 3:3, 4) Sesuai ayat kuwi, sing paling penting kuwi dudu penampilanmu, tapi sipat-sipatmu sing apik.

 Saran: ’Pakaian sing paling apik’ kuwi sing sopan. Mémang mungkin kuwi ora kerèn, tapi coba bayangna iki:

 Apa kowé tau ngobrol karo wong sing terus-terusan nyritakké soal dhèwèké? Kuwi mesthi nggawé kowé ngrasa ora dihargai.

Pakaianmu isa nggawé wong liya mikir nèk kowé péngin digatèkké

 Nèk pakaianmu ora sopan, kowé kaya wong kuwi. Kowé péngin digatèkké. Kuwi ya isa nggawé wong liya mikir nèk kowé ora percaya diri, apa malah terlalu percaya diri. Mungkin wong liya ya nganggep nèk kowé péngin digatèkké terus.

 Nèk kowé ora péngin dianggep kaya ngono, ya pakaianmu kudu sopan. Cah enom sing jenengé Monica ngomong, ”Nganggo klambi sing sopan kuwi ora berarti pakaianmu kaya simbah-simbah. Nèk pakaianmu sopan, kuwi berarti kowé menghargai wong liya lan awakmu dhéwé.”