Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?

Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?

 Saben taun ana akèh cah enom sing dibaptis. Apa kowé ya péngin dibaptis? Nèk iya, kowé kudu ngerti dhisik apa maksudé nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

 Dibaptis kuwi apa?

 Menurut Alkitab, dibaptis kuwi awaké dilelebké kabèh ing banyu, ora mung diciprati thok. Terus, kuwi ya ana artiné.

  •   Awaké dilelebké ing banyu kuwi maksudé uripé wis ora dienggo golèk senengé dhéwé.

  •   Pas metu saka banyu kuwi maksudé saiki uripé dienggo ngutamakké Gusti Allah.

 Dibaptis kuwi bukti nèk kowé setuju nèk Yéhuwah sing isa nentokké endi sing bener lan sing salah. Terus, kuwi ya bukti nèk kowé gelem nglakoni sing dikarepké Gusti Allah.

 Kanggo dipikirké: Gelem dibaptis kuwi kuduné merga apa? Wacanen 1 Yohanes 4:19 lan Wahyu 4:11.

 Nggawé janji ngabdi kuwi apa?

 Sakdurungé dibaptis, kowé kudu nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah. Piyé carané?

 Kowé kudu ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk mung arep nglayani Yéhuwah saklawasé lan bakal terus manut karo Dhèwèké, ora soal piyé keadaané.

 Pas dibaptis, wong liya dadi ngerti nèk kowé wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, lan saiki uripmu mung dienggo Yéhuwah, ora dienggo nggolèk kesenengané dhéwé.—Matius 16:24.

 Kanggo dipikirké: Ngapa kok isa luwih bahagia nèk nglayani Yéhuwah? Wacanen Yésaya 48:17, 18 lan Ibrani 11:6.

 Ngapa kok kudu dibaptis?

 Yésus ngomong nèk murid-muridé kudu dibaptis. (Matius 28:19, 20) Mulané kabèh wong Kristen ya kudu dibaptis. Malah, menurut Alkitab nèk péngin dislametké ya kudu dibaptis.—1 Pétrus 3:21.

 Tapi, dibaptis kuwi kuduné merga kowé sayang lan péngin terus akrab karo Yéhuwah. Kowé isa niru sing nulis mazmur. Dhèwèké ngomong, ”Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah merga Dhèwèké wis apikan karo aku? . . . Aku bakal muji jenengé Yéhuwah. Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah.”—Mazmur 116:12-14.

 Kanggo dipikirké: Apa buktiné nèk Yéhuwah wis apikan karo kowé, lan piyé carané mbales Dhèwèké? Wacanen Pangandharing Torèt 10:12, 13 lan Roma 12:1.