Wahyu 4:1-11

  • Wahyu soal Yéhuwah ing swarga (1-11)

    • Yéhuwah lungguh ing takhtané (2)

    • Ana pinituwa 24 ing takhtané (4)

    • Kerub papat (6)

4  Sakwisé kuwi, aku ndelok ana lawang sing kebukak ing swarga. Swara pertama sing tak rungokké kuwi kaya swarané trompèt. Swara kuwi ngomong ngéné, ”Ayo munggah mréné. Kowé bakal tak duduhi apa sing mesthi bakal kelakon.”  Bar kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung nguwasani aku. Terus, aku ndelok ana takhta ing swarga, lan ana sing lungguh ing takhta kuwi.+  Sing lungguh ing takhta kuwi bersinar kaya watu yaspis+ lan watu sardis.* Takhta kuwi diubengi pelangi sing wernané kaya zamrud.*+  Ana takhta 24 sing ngubengi takhta kuwi, lan aku ndelok ana pinituwa 24+ lungguh ing takhta-takhta kuwi. Para pinituwa kuwi nganggo klambi putih lan mahkota emas.  Saka takhta kuwi metu kilat,+ swara, lan bledhèg.+ Ing ngarepé takhta kuwi ana obor pitu sing geniné murub, lan iki nglambangké pitu roh suciné Gusti Allah.+  Ing ngarepé takhta kuwi, ana sing kétok kaya laut sing mengkilap kaya kaca+ utawa kristal. Takhta kuwi ana ing tengah, lan ing sak ubengé ana kerub* papat.+ Bagéan ngarep lan bagéan mburi badané kerub-kerub kuwi kebak mripat.  Kerub sing pertama kétok kaya singa,+ sing keloro kétok kaya sapi lanang,+ sing ketelu+ wajahé kaya manungsa, lan sing kepapat+ kétok kaya manuk elang sing lagi mabur.+  Saben kerub sing jumlahé papat mau nduwé sayap enem, lan kabèh sayapé kebak mripat.+ Awan lan bengi, kerub-kerub kuwi terus-terusan kandha, ”Gusti Allah Yéhuwah,*+ Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana, sing saiki ana, lan sing bakal teka,+ kuwi Mahasuci.”*  Kerub-kerub kuwi mènèhké kemuliaan, kehormatan, lan ucapan syukur marang Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi, sing urip saklawasé.+ Saben kerub-kerub nindakké kuwi, 10  pinituwa 24+ mau sujud nyembah Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi, sing urip saklawasé. Para pinituwa kuwi ya nguncalké mahkotané ing ngarepé takhta kuwi lan kandha, 11  ”Oh Yéhuwah,* Gusti Allahku, mung Njenengan sing pantes nampa kemuliaan,+ kehormatan,+ lan kuwasa+ merga Njenengan sing nyiptakké kabèh.+ Kabèh kuwi diciptakké merga karepé Njenengan.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”permata sing wernané abang”.
Utawa ”permata sing wernané ijo”.
Utawa ”makhluk hidup”. Kerub kuwi malaékat sing kedudukané dhuwur.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”kuwi suci, suci, suci”.
Deloken Lamp. A5.