Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Homosèks Kuwi Salah?

Apa Homosèks Kuwi Salah?

 ”Mbiyèn aku tau seneng karo wong lanang. Tak pikir perasaan kuwi mengko bakal ilang, tapi jebulé nganti saiki perasaan kuwi isih ana.”​—David, 23.

 David péngin nyenengké Gusti Allah. Tapi apa isa? Soalé, dhèwèké seneng karo sesama jenis. Piyé pandhangané Gusti Allah soal homosèks?

 Pathokan ing Alkitab

 Pandhangané wong-wong soal homosèks kuwi béda-béda, tergantung karo budaya lan perubahan jaman. Tapi, pandhangané wong Kristen béda karo ”ajaran sing ora bener” lan béda karo pandhangané wong-wong umumé. (Éfésus 4:​14) Pandhangané wong Kristen soal homosèks dhasaré saka Alkitab.

 Ing Alkitab, ana ayat-ayat sing njelaské pandhangané Gusti Allah soal homosèks. Misalé:

  •  ”Aja nindakké hubungan sèks karo wong lanang kaya nèk kowé nindakké hubungan sèks karo wong wédok.”​—Kaimaman 18:22.

  •  ”Wong-wong kuwi péngin tumindak sak karepé dhéwé, . . . wong-wong kuwi nuruti nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni. Sing wédok ora gelem turu karo wong lanang, ning malah turu karo wong sing padha-padha wédoké.”​—Roma 1:​24, 26.

  •  ”Aja ngapusi awakmu dhéwé. Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes, wong sing nyembah brahala, wong sing laku jina, wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang, wong sing nyolong, wong sing srakah, wong sing seneng mabuk, wong sing seneng ngrèmèhké, lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.”​—1 Korintus 6:​9, 10.

 Pathokan-pathokan ing Alkitab mau kanggo kabèh wong, termasuk sing homosèks utawa ora. Nèk nduwé kepénginan sing salah, kuwi kudu dibuwang bèn awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah.​—Kolose 3:5.

 Apa kuwi berarti . . . ?

 Apa kuwi berarti awaké dhéwé sengit karo wong sing homosèks?

 Ora. Menurut Alkitab, awaké dhéwé justru ”kudu rukun karo kabèh wong”. (Ibrani 12:14) Dadi, awaké dhéwé ora éntuk ngécé utawa jahat karo wong sing homosèks.

 Apa kuwi berarti awaké dhéwé perlu nglawan hukum soal perkawinan sesama jenis?

 Menurut Alkitab, wong lanang kuduné nikah karo wong wédok. (Matius 19:​4-6) Nah, hukum soal perkawinan sesama jenis kuwi dhasaré dudu saka Alkitab, tapi merga alesan politik. Padahal wong Kristen kudu nétral soal urusan politik. (Yohanes 18:36) Dadi, awaké dhéwé ora bakal ndhukung utawa nglawan hukum pamréntah soal perkawinan sesama jenis utawa homosèks.

 Tapi piyé nèk . . . ?

 Tapi piyé nèk ana wong sing homosèks? Apa dhèwèké isa berubah?

 Isa. Wong-wong Kristen jaman mbiyèn ya tau ana sing homosèks. Ing Alkitab disebutké, ”Mbiyèn, ing antaramu ana sing nindakké kuwi.” ​—1 Korintus 6:​11.

 Meskipun wis berubah, wong kuwi isih isa mbalik dadi homosèks manèh. Mula ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nganggo kepribadian sing anyar . . . Gusti Allah nggawé kepribadiané awaké dhéwé dadi anyar.” (Kolose 3:​10) Dadi, awaké dhéwé isih kudu terus berusaha bèn ora mbalik dadi homosèks manèh.

 Tapi piyé nèk isih tetep seneng karo sesama jenis padahal dhèwèké wis berusaha?

 Ing Alkitab disebutké nèk ”kowé kudu terus manut karo tuntunané roh suci bèn kowé ora nuruti kepénginan sing salah”.​—Galatia 5:​16.

 Menurut ayat kuwi, awaké dhéwé isih isa nduwé kepénginan sing salah. Tapi, nèk awaké dhéwé teratur sinau Alkitab lan ndonga, awaké dhéwé isa nglawan kepénginan sing salah.

 David, sing disebutké mau, ya ngrasa dikuwatké sakwisé ngetrapké saran-saran kuwi. Dhèwèké ya crita karo wong tuwané. David ngomong, ”Bar crita karo wong tuwaku rasané lega banget. Aku kuduné crita kèt mbiyèn.”

 Dadi jelas, awaké dhéwé isa bahagia nèk manut karo Yéhuwah. Pathokané Yéhuwah ”kuwi bener, nggawé ati dadi seneng”, lan ”nèk manut, mesthi bakal éntuk akèh berkah”.​—Mazmur 19:​8, 11.