Injil Yohanes 6:1-71

  • Yésus mènèhi mangan wong lanang 5.000 (1-15)

  • Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu (16-21)

  • Yésus kuwi ”roti sing mènèhi urip” (22-59)

  • Akèh sing ora trima karo omongané Yésus (60-71)

6  Sakwisé kuwi, Yésus lunga ing sabrangé Laut Galiléa, utawa Tibérias.+  Akèh wong ngetutké Yésus+ merga wis ndelok mukjijaté* Yésus wektu marèkké wong lara.+  Terus, Yésus munggah ing gunung lan lungguh ing kono karo murid-muridé.  Wektu kuwi, Paskah,+ yaiku perayaané wong Yahudi, wis cedhak.  Pas ndelok ana wong akèh sing marani dhèwèké, Yésus ngomong karo Filipus, ”Ing endi ya awaké dhéwé isa tuku roti bèn isa mènèhi wong-wong kuwi mangan?”+  Sakjané, Yésus wis ngerti kudu piyé. Ning, Yésus takon kaya ngono merga péngin nguji Filipus.  Filipus njawab, ”Senajan dhuwit 200 dinar* tak enggo tuku roti, lan senajan rotiné tak bagi sithik-sithik marang saben wong, tetep waé kuwi ora bakal cukup.”  Murid liyané, yaiku Andréas, seduluré Simon Pétrus, ngomong karo Yésus,  ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Ning, apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?”+ 10  Yésus kandha, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh.” Panggonan kuwi akèh suketé, lan wong-wong kuwi lungguh ing kono. Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira wong lanang 5.000.+ 11  Terus, Yésus njupuk roti kuwi, ngucap syukur, lan ngedumké marang wong-wong kuwi. Yésus ya nindakké sing padha kanggo iwak loro mau, lan kabèh wong mangan nganti wareg. 12  Sakwisé wong-wong kuwi wareg, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Klumpukna sisané bèn ora ana sing kebuwang.” 13  Terus, roti barli lima sing dipangan wong-wong kuwi diklumpukké sisané karo murid-murid, lan sisané ana 12 kranjang. 14  Wektu ndelok mukjijaté Yésus kuwi, wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka.”+ 15  Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi bakal meksa dhèwèké dadi raja. Mula, Yésus lunga+ manèh ing gunung dhèwèkan.+ 16  Wektu wis soré, murid-murid lunga ing laut,+ 17  terus numpak prau merga arep nyabrang ing Kapernaum. Pas wis peteng, Yésus isih durung marani murid-muridé.+ 18  Ing laut, ombaké saya gedhé merga anginé banter.+ 19  Sakwisé ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter,* murid-murid ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan mara nyedhaki prau. Murid-murid dadi wedi. 20  Ning, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 21  Terus, murid-murid ngongkon Yésus munggah ing prau. Ora let suwé, prauné tekan ing tujuané.+ 22  Sésuké, wong-wong sing isih ana ing sabrang laut ndelok nèk ing kono ora ana prau. Mauné ing kono ana prau cilik siji tapi wis ditumpaki murid-muridé Yésus. Yésus ora mèlu ing prau kuwi. 23  Terus, ana prau-prau saka Tibérias teka ing cedhak panggonané Gusti Yésus ngucap syukur lan mènèhi wong-wong kuwi mangan. 24  Wektu ngerti nèk Yésus lan murid-muridé ora ana ing kono, wong-wong kuwi numpak prau-prau kuwi lan lunga ing Kapernaum merga arep nggolèki Yésus. 25  Wektu ketemu karo Yésus ing sabrang laut, wong-wong kuwi kandha, ”Guru,*+ kapan njenengan tekan kéné?” 26  Yésus njawab, ”Percayaa, kowé nggolèki aku merga kowé tak wènèhi roti nganti wareg, dudu merga ndelok mukjijatku.*+ 27  Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok, ning nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan isa mènèhi urip saklawasé.+ Anaké Manungsa bakal mènèhi kuwi marang kowé merga Bapak, yaiku Gusti Allah dhéwé, seneng nèk Anak nindakké kuwi.”*+ 28  Mula, wong-wong kuwi takon, ”Apa sing kudu tak tindakké bèn isa nyenengké Gusti Allah?” 29  Yésus njawab, ”Kowé isa nyenengké Gusti Allah nèk kowé nduduhké iman marang wong sing diutus Dhèwèké.”+ 30  Wong-wong kuwi takon manèh, ”Apa mukjijat*+ sing isa mbok duduhké bèn isa tak delok lan bèn aku percaya karo kowé? Apa sing bakal mbok tindakké? 31  Mbiyèn, nènèk moyangku mangan manna ing padhang belantara,+ kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ’Dhèwèké mènèhi panganan saka swarga.’”*+ 32  Terus Yésus kandha, ”Percayaa, Musa ora mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga. Ning, saiki Bapakku mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga. 33  Roti saka Gusti Allah kuwi asalé saka swarga lan isa mènèhi urip kanggo manungsa.”* 34  Wong-wong kuwi kandha, ”Pak, mbok aku terus diwènèhi roti kuwi.” 35  Yésus njawab, ”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing marani aku ora bakal ngelih* manèh, lan sapa waé sing nduduhké iman marang aku ora bakal ngelak manèh.+ 36  Ning kaya sing tak omongké, senajan kowé wis ndelok aku, kowé tetep ora percaya.+ 37  Kabèh wong sing wis dipasrahké Bapak marang aku bakal marani aku. Kabèh wong sing marani aku ya ora bakal tak usir.+ 38  Aku mudhun saka swarga+ kuwi ora arep nindakké karepku dhéwé, ning arep nindakké karepé Dhèwèké sing ngutus aku.+ 39  Iki karepé Dhèwèké sing ngutus aku, yaiku supaya kabèh wong sing wis dipasrahké marang aku aja nganti ana sing ilang. Malah sukmbèn,* wong-wong kuwi bakal tak uripké manèh.+ 40  Iki karepé Bapakku, yaiku supaya saben wong sing nampa lan nduduhké iman marang Anak isa urip saklawasé.+ Sukmbèn,* wong kuwi ya bakal tak uripké manèh.”+ 41  Terus, wong Yahudi mulai nggrundel merga Yésus ngomong, ”Aku iki roti sing asalé saka swarga.”+ 42  Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi Yésus anaké Yusuf, ta? Awaké dhéwé kan kenal karo wong tuwané.+ Kok isa dhèwèké ngomong, ’Asalku saka swarga’?” 43  Yésus njawab, ”Ora usah nggrundel. 44  Ora ana wong sing isa marani aku kecuali Bapak, sing ngutus aku, narik wong kuwi.+ Sukmbèn,* wong kuwi bakal tak uripké manèh.+ 45  Ing Tulisané Para Nabi disebutké, ’Kabèh wong bakal diwulang Yéhuwah.’*+ Saben wong sing wis ngrungokké Bapak lan sinau saka Dhèwèké bakal marani aku. 46  Ora ana wong sing tau ndelok Bapak.+ Sing tau ndelok Bapak kuwi mung aku merga asalku saka Gusti Allah.+ 47  Percayaa, sapa waé sing percaya karo aku bakal urip saklawasé.+ 48  ”Aku iki roti sing mènèhi urip.+ 49  Nènèk moyangmu mangan manna ing padhang belantara, ning akhiré tetep mati.+ 50  Tapi, wong sing mangan roti sing sejati, yaiku roti sing asalé saka swarga, ora bakal mati. 51  Aku iki roti sing mènèhi urip sing asalé saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. Sakjané, roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya manungsa* isa urip saklawasé.”+ 52  Terus, wong Yahudi padu dhéwé-dhéwé lan ngomong, ”Kok isa wong iki ngomong nèk arep mènèhké dagingé kanggo dipangan awaké dhéwé?” 53  Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé ora mangan dagingé Anaké manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip.*+ 54  Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal urip saklawasé. Sukmbèn,* wong kuwi ya bakal tak uripké manèh.+ 55  Dagingku kuwi panganan sing sejati, lan getihku kuwi minuman sing sejati. 56  Wong sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal tetep dadi siji karo aku, lan aku dadi siji karo wong kuwi.+ 57  Bapak, yaiku Gusti Allah sing urip, wis ngutus aku. Padha kaya aku urip merga Bapak, wong sing mangan dagingku ya bakal urip merga aku.+ 58  Iki roti sing asalé saka swarga. Sapa waé sing mangan roti iki bakal urip saklawasé.+ Iki ora kaya roti sing dipangan nènèk moyangmu, merga wong-wong kuwi akhiré tetep mati.” 59  Kuwi kabèh diomongké Yésus pas dhèwèké lagi mulang ing sinagogé* ing Kapernaum. 60  Wektu krungu kuwi, akèh muridé kandha, ”Aku ora trima nèk dhèwèké ngomong kaya ngono. Aku wegah ngrungokké omongané.” 61  Yésus ngerti nèk murid-muridé ora trima karo omongané. Mula Yésus kandha, ”Apa iki nggawé kowé tersinggung? 62  Nèk ngono waé kowé tersinggung, lha terus piyé nèk kowé ndelok Anaké manungsa munggah ing panggonan asalé?+ 63  Sing mènèhi urip kuwi roh suci.+ Nèk nganggo upayané dhéwé, manungsa ora bakal isa nindakké kuwi. Apa sing tak omongké marang kowé kuwi asalé saka roh suci lan mènèhi urip.+ 64  Ning, ing antaramu ana sing ora percaya.” Kèt awal, Yésus wis ngerti sapa sing ora percaya lan sapa sing bakal ngianati dhèwèké.+ 65  Yésus ngomong manèh, ”Kuwi sebabé kowé tak kandhani, ora ana wong sing isa marani aku kecuali Bapak narik wong kuwi.”+ 66  Merga omongané Yésus kuwi, akèh muridé bali ing perkara-perkara sing wis ditinggalké+ lan ora gelem mèlu Yésus manèh. 67  Mula, Yésus takon karo rasulé 12, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” 68  Simon Pétrus njawab, ”Gusti, aku arep mèlu sapa?+ Mung omongané njenengan sing isa mènèhi aku urip saklawasé.+ 69  Aku lan rasul-rasul liyané wis ngerti lan percaya nèk njenengan kuwi Abdi sing suci lan utusané Gusti Allah.”+ 70  Yésus njawab, ”Aku sing milih kowé wong 12 iki, ta?+ Ning, salah siji saka antaramu kuwi tukang mitnah.”*+ 71  Sakjané, Yésus lagi ngomongké soal Yudas anaké Simon Iskariot, merga dhèwèké kuwi sing bakal ngianati Yésus. Padahal, Yudas kuwi salah siji saka rasul 12.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ndelok tandha saka”.
Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”kira-kira 25 utawa 30 setadi”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandhaku”.
Utawa ”seneng ndèlèhké meterainé marang Anak”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”saka langit”.
Lit.: ”kanggo donya”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”Malah ing akhir jaman”.
Lit.: ”Ing akhir jaman”.
Lit.: ”Ing akhir jaman”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”donya”.
Lit.: ”ora nduwé urip ing awakmu”.
Lit.: ”Ing akhir jaman”.
Utawa mungkin ”ing ngarepé wong akèh”.
Utawa ”kuwi iblis”.