Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa sing Kudu Terus Diupayakké Sakwisé Dibaptis?—Bagéan 1: Ngutamakké Kegiatan Rohani

Apa sing Kudu Terus Diupayakké Sakwisé Dibaptis?—Bagéan 1: Ngutamakké Kegiatan Rohani

 Nèk kowé nduwé omah utawa mobil mesthi selalu mbok rawat bèn ora rusak, ta? Hubunganmu karo Yéhuwah ya kaya ngono. Kudu selalu dijaga bèn kowé karo Yéhuwah isa tetep akrab. Piyé carané kowé isa tetep akrab karo Yéhuwah sakwisé dibaptis?

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Terus sinau Alkitab

 Ayat: ”Nindakké apa sing apik lan nduwé saya akèh pengetahuan sing bener soal Gusti Allah.”—Kolose 1:10.

 Artiné: Sakwisé dibaptis, kowé kudu rutin maca lan ngrenungké Alkitab.—Mazmur 25:4; 119:97.

 Kesulitané: Mungkin kowé males sinau Alkitab utawa mémang ora seneng sinau.

 Sing isa mbok upayakké: Kowé isa sinau luwih akèh soal kisah-kisah Alkitab sing mbok senengi. Terus, nggawéa jadwal mèh sinau apa lan kapan sinauné. Nèk nduwé jadwal sing apik, kowé isa luwih menikmati sinau Alkitabmu. Hasilé, kowé dadi tambah sayang karo Yéhuwah lan luwih seneng sinau Alkitab. Sakliyané kuwi, sinaumu isa luwih bermanfaat lan ora mboseni.Mazmur 16:11.

 Saran: Bèn isa konsèntrasi pas sinau, nggolèka panggonan sing sepi.

 Keterangan tambahan:

 Terus ndonga karo Yéhuwah

 Ayat: ”Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur.”—Filipi 4:6.

 Artiné: Nèk maca Alkitab, kowé lagi ngrungokké Gusti Allah ngomong. Tapi nèk ndonga, kowé lagi ngomong karo Gusti Allah. Pas ndonga, kowé isa njaluk apa sing mbok butuhké lan bersyukur merga berkah-berkah sing mbok tampa.

 Kesulitané: Isa waé dongamu kuwi mung kebiasaan lan ngono-ngono thok. Mungkin kowé ya ngrasa nèk Yéhuwah kuwi ora ngrungokké dongamu.—Mazmur 10:1.

 Sing isa mbok upayakké: Saben dina, pikirna apa waé sing isa mbok dongakké. Nèk ternyata dina kuwi ana akèh sing mèh mbok dongakké tapi keadaané ora cocog, kuwi isa mbok éling-éling sik. Pas keadaané wis cocog, dina kuwi kowé isa ndongakké sing wis mbok pikirké mau. Kowé ya isa ndongakké wong liya.—Filipi 2:4.

 Saran: Nèk kowé ngrasa isi dongamu mung ngono-ngono thok, critakna kuwi karo Yéhuwah. Yéhuwah péngin ngerti kabèh sing mbok rasakké termasuk soal dongamu.—1 Yohanes 5:14.

 Keterangan tambahan:

 Terus nginjil

 Ayat: ”Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi conto sing apik lan dadi guru sing apik . . . bèn kowé isa nylametké awakmu dhéwé lan wong liya sing ngrungokké kowé.”—1 Timotius 4:16.

 Artiné: Nèk kowé crita soal Yéhuwah karo wong liya, imanmu dadi tambah kuwat. Hasilé, kowé lan wong liya isa cedhak karo Yéhuwah lan isa slamet.

 Kesulitané: Kadhang, kowé mungkin ngrasa males kanggo crita soal Alkitab karo wong liya. Mungkin kowé ya ngrasa wedi crita karo kanca-kancamu terutama ing sekolah.

 Sing isa mbok upayakké: Rasul Paulus ngomong,”Nèk aku [martakké kabar apik] merga kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi.” (1 Korintus 9:16, 17) Paulus tetep nginjil meskipun ora gampang merga kuwi wis dadi tanggung jawabé Paulus. Dadi, aja nganti kowé mandheg nginjil mung merga wedi.

 Saran: Kowé isa njaluk bantuan karo sedulur seiman sing sregep lan trampil nginjil, tapi kowé kudu njaluk ijin sik karo wong tuwamu.—Wulang Bebasan 27:17.

 Keterangan tambahan:

 Terus ngibadah

 Ayat: ”Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting.”—Ibrani 10:24, 25.

 Artiné: Tujuané teka ing pertemuan ibadah kuwi kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Kuwi ya ana manfaaté kanggo kowé. Pertama, sedulur-sedulur isa nguwatké kowé. Keloro, kowé ya isa nguwatké sedulur-sedulur, misalé liwat koméntarmu.—Roma 1:11, 12.

 Kesulitané: Kadhang pas ing pertemuan ibadah, isa waé kowé mikirké sing liyané lan ora konsèntrasi. Akibaté kowé dadi ora ngerti apa sing diwulangké. Sakliyané kuwi, mungkin kowé ora gelem teka ngibadah bèn isa nglakoni sing liyané, misalé kanggo nggarap PR.

 Sing isa mbok upayakké: PR-mu mémang kudu tetep digarap, tapi kowé kudu ngupayakké sik bèn isa teka ing pertemuan ibadah. Kowé ya isa berupaya kanggo ngekèki koméntar. Sakwisé pertemuan ibadah, kowé isa muji paling ora siji sedulur sing koméntar utawa éntuk bagéan.

 Saran: Persiapan bahan-bahan kanggo pertemuan ibadah. Bèn ngerti apa waé sing bakal dibahas ing pertemuan ibadah, download aplikasi JW Library® lan bukak bagéan ”Perhimpunan”.

 Keterangan tambahan: