Langsung mlebu

Ngapa Kok Yésus Disebut Anaké Gusti Allah?

Ngapa Kok Yésus Disebut Anaké Gusti Allah?

Jawaban ing Alkitab

 Ing Alkitab, Yésus kerep disebut ”Anaké Gusti Allah”. (Yohanes 1:49) Istilah ”Anaké Gusti Allah” nduduhké nèk Gusti Allah kuwi Pencipta, termasuk sing nyiptakké Yésus. (Mazmur 36:9; Wahyu 4:11) Tapi, ing Alkitab ora disebutké nèk Gusti Allah isa nduwé anak kaya manungsa.

 Ing Alkitab ya disebutké nèk para malaékat kuwi ”anak-anaké Gusti Allah”. (Ayub 1:6, cathetan ngisor) Adam, manungsa sing pertama, ya disebut ”anaké Gusti Allah”. (Lukas 3:38) Tapi, Yésus kuwi ciptaané Gusti Allah sing pertama, lan mung Yésus sing diciptakké dhéwé karo Yéhuwah.

 Apa Yésus wis ana ing swarga sakdurungé dilairké ing bumi?

 Ya. Sakdurungé dilairké ing bumi dadi manungsa, dhèwèké kuwi makhluk roh sing ana ing swarga. Yésus ngomong, ”Aku mudhun saka swarga.”​—Yohanes 6:38; 8:23.

 Gusti Allah nyiptakké Yésus sakdurungé nyiptakké liyané. Ing Alkitab disebutké:

  •   ”Dhèwèké kuwi ciptaan sing pertama.”​—Kolose 1:15.

  •   Dhèwèké kuwi ”ciptaané Gusti Allah sing pertama”.​—Wahyu 3:14.

 Menurut ramalan ing Alkitab, Yésus ”wis ana kèt jaman mbiyèn, kèt mbiyèn banget”.​—Mikha 5:2; Matius 2:4-6.

 Yésus ngapa waé wektu ing swarga?

 Yésus nduwé tugas istiméwa ing swarga. Yésus tau ndonga, ”Bapak, aku péngin . . . éntuk kemuliaan kaya sing mbiyèn tak duwèni pas aku karo Njenengan sakdurungé donya ana.”​—Yohanes 17:5.

 Yésus mbantu Bapaké nyiptakké kabèh ciptaan. Yésus kuwi ”tukang sing trampil.” (Wulang Bebasan 8:30) Ing Alkitab disebutké, ”Kabèh diciptakké liwat dhèwèké, embuh kuwi sing ana ing swarga lan ing bumi.”​—Kolose 1:16.

 Gusti Allah nggunakké Yésus kanggo nyiptakké sing liyané, termasuk para malaékat lan alam semesta. (Wahyu 5:11) Kuwi padha kaya arsitèk karo tukangé. Arsitèk nggawé rancangan bangunané, terus tukangé sing mbangun.

 Yésus kuwi juru bicarané Gusti Allah. Pas ing swarga, Yésus disebut ”Sabda”. (Yohanes 1:1) Kuwi artiné Yésus nduwé tugas nyampèkké informasi lan petunjuk kanggo para malaékat.

 Yésus ya dadi juru bicarané Gusti Allah kanggo manungsa. Kétoké Gusti Allah nggunakké Yésus pas mènèhi petunjuk kanggo Adam karo Hawa ing Taman Èden. (Purwaning Dumadi 2:16, 17) Mungkin malaékat sing nuntun bangsa Israèl pas ing padhang belantara kuwi Yésus, lan bangsa kuwi kudu manut karo omongané Yésus.​—Pangentasan 23:20-23. a

a Sing dadi juru bicarané Gusti Allah kuwi ora mung Yésus. Misalé, ana malaékat-malaékat liyané sing ditugasi nyampèkké Taurat kanggo bangsa Israèl.​—Kisah 7:53; Galatia 3:19; Ibrani 2:2, 3.