Injil Yohanes 17:1-26

  • Dongané Yésus sing terakhir karo para rasulé (1-26)

    • Kudu kenal karo Gusti Allah bèn isa urip saklawasé (3)

    • Wong Kristen ora padha kaya wong-wong ing donya (14-16)

    • ’Omongané Gusti Allah kuwi sing bener’ (17)

    • ”Aku wis nduduhké jeneng-Mu” (26)

17  Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ndhangak lan ndonga, ”Oh Bapak, saiki wektuné wis teka. Tulung gawénen bèn anak-Mu dimulyakké supaya anak-Mu ya nggawé Njenengan dimulyakké.+  Njenengan wis mènèhi dhèwèké wewenang+ supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé+ marang kabèh wong sing wis mbok wènèhké marang dhèwèké.+  Bèn isa urip saklawasé,+ wong-wong kuwi kudu kenal karo* Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati,+ lan kudu kenal karo Yésus Kristus sing Njenengan utus.+  Aku wis ngluhurké Njenengan ing bumi+ merga aku wis ngrampungké gawéan sing mbok wènèhké marang aku.+  Mula saiki, oh Bapak, aku péngin isa karo Njenengan manèh lan éntuk kemuliaan kaya sing mbiyèn tak duwèni pas aku karo Njenengan sakdurungé donya ana.+  ”Aku wis nggawé jeneng-Mu dikenal karo wong-wong sing wis mbok pisahké saka donya+ lan sing wis mbok wènèhké marang aku. Mbiyèn, wong-wong kuwi duwèk-Mu, ning saiki wis mbok wènèhké marang aku. Wong-wong kuwi wis manut karo omongan-Mu.  Saiki, wong-wong kuwi ngerti nèk kabèh sing tak tindakké lan tak omongké kuwi asalé saka Njenengan  merga aku mung mulang apa sing wis mbok omongké marang aku.+ Wong-wong kuwi wis nampa omongan kuwi, ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Njenengan,+ lan percaya nèk Njenengan sing ngutus aku.+  Mula, aku ndongakké wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, ning kanggo wong-wong sing wis mbok wènèhké marang aku merga wong-wong kuwi duwèk-Mu. 10  Kabèh sing tak duwèni kuwi duwèk-Mu, lan duwèk-Mu kuwi ya duwèkku.+ Aku ya wis dimulyakké wong-wong kuwi. 11  ”Saiki aku arep ninggalké donya+ lan bali marang Njenengan, ning wong-wong kuwi isih ing donya. Mula oh Bapak sing suci, demi jeneng-Mu, yaiku jeneng sing wis tak duduhké marang wong-wong kuwi,+ tulung jaganen wong-wong kuwi supaya wong-wong kuwi bersatu, kaya aku ya bersatu karo Njenengan.+ 12  Wektu aku isih ana karo wong-wong kuwi, aku terus njaga wong-wong kuwi+ demi jeneng-Mu, yaiku jeneng sing wis tak duduhké marang wong-wong kuwi. Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan wong-wong kuwi ora ana sing ilang,+ kecuali mung siji. Wong siji kuwi sing bakal dimusnahké+ supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan.+ 13  Sakdurungé aku bali marang Njenengan lan mumpung aku isih ana ing donya, aku ngomongké kabèh iki supaya wong-wong kuwi bener-bener ngrasakké kebahagiaanku.+ 14  Omongan-Mu wis tak sampèkké marang wong-wong kuwi. Ning, donya sengit karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki,+ kaya aku ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki. 15  ”Aku ora njaluk supaya Njenengan njupuk wong-wong kuwi saka donya, ning supaya Njenengan nglindhungi wong-wong kuwi saka si Iblis.*+ 16  Wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki,+ kaya aku ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.+ 17  Tulung gawénen wong-wong kuwi dadi suci* nganggo omongan-Mu+ merga omongan-Mu kuwi sing bener.+ 18  Kaya Njenengan ngutus aku ing antarané wong-wong ing donya* iki, aku ya ngutus wong-wong kuwi ing antarané wong-wong ing donya iki.+ 19  Aku terus ngupaya bèn tetep suci kanggo manfaaté wong-wong kuwi, yaiku supaya wong-wong kuwi ya digawé suci nganggo apa sing bener. 20  ”Aku ora mung ndongakké wong-wong kuwi thok, ning ya ndongakké wong-wong sing nduwé iman marang aku merga ngrungokké wulangané wong-wong kuwi. 21  Oh Bapak, aku péngin bèn kabèh wong kuwi bersatu,+ lan wong-wong kuwi ya bersatu karo awaké dhéwé,+ kaya Njenengan bersatu karo aku lan aku bersatu karo Njenengan. Dadi, donya isa percaya nèk pancèn Njenengan sing ngutus aku. 22  Aku wis mènèhi wong-wong kuwi kemuliaan sing padha karo kemuliaan sing wis mbok wènèhké aku supaya wong-wong kuwi isa bersatu, kaya aku ya bersatu karo Njenengan.+ 23  Supaya wong-wong kuwi bener-bener bersatu, aku bersatu karo wong-wong kuwi lan aku ya bersatu karo Njenengan. Terus, donya bakal ngerti nèk Njenengan sing ngutus aku lan nèk Njenengan nresnani wong-wong kuwi, kaya Njenengan nresnani aku. 24  Oh Bapak, wong-wong kuwi wis mbok wènèhké aku.+ Mula, aku péngin bèn wong-wong kuwi isa bareng karo aku ing panggonanku lan ndelok kemuliaanku. Kemuliaan kuwi wis mbok wènèhké aku merga Njenengan wis nresnani aku sakdurungé permulaané donya.*+ 25  Oh Bapak sing adil, senajan donya ora kenal karo Njenengan,+ ning aku kenal karo Njenengan.+ Wong-wong sing mbok wènèhké aku kuwi saiki ya wis ngerti nèk Njenengan sing ngutus aku. 26  Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong kuwi lan aku ya bakal terus nindakké kuwi.+ Dadi, wong-wong kuwi isa padha-padha nresnani kaya Njenengan nresnani aku, lan aku ya isa bersatu karo wong-wong kuwi.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kudu nduwé pengetahuan soal”. Kata kerja Yunaniné nduduhké prosès sing terus-terusan.
Lit.: ”si jahat”.
Utawa ”Tulung pisahna wong-wong kuwi”.
Lit.: ”ngutus aku teka ing donya”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.