Kisah Para Rasul 7:1-60

  • Stéfanus ngomong ing ngarepé Sanhèdrin (1-53)

    • Sejarah nènèk moyangé Israèl (2-16)

    • Musa mimpin Israèl; Israèl nyembah brahala (17-43)

    • Gusti Allah ora manggon ing panggonan gawéané manungsa (44-50)

  • Stéfanus dibandhemi watu (54-60)

7  Terus, imam agung takon, ”Apa kuwi bener?”  Stéfanus njawab, ”Sedulur-sedulur, bapak-bapak, tulung rungokna aku. Gusti Allah sing hébat wis nemoni nènèk moyangé awaké dhéwé yaiku Abraham wektu Abraham ing Mésopotamia, sakdurungé dhèwèké manggon ing Haran.+  Gusti Allah kandha, ’Kowé kudu ninggalké tanahmu lan sedulurmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.’+  Mula, Abraham lunga saka tanahé wong Khaldéa lan manggon ing Haran. Sakwisé bapaké Abraham mati,+ Gusti Allah ngongkon dhèwèké pindhah saka Haran menyang tanah sing saiki mbok enggoni.+  Gusti Allah ora mènèhi Abraham tanah warisan ing Haran, sak kilan* waé ora. Ning, Gusti Allah janji arep mènèhké tanah iki marang Abraham lan keturunané,*+ senajan wektu kuwi Abraham durung nduwé anak.  Sakliyané kuwi, Gusti Allah ya ngandhani dhèwèké nèk keturunané* bakal dadi wong asing ing negara liya, lan wong-wong kuwi bakal dadi budhak lan ditindhes nganti 400 taun.+  Gusti Allah kandha, ’Negara sing ndadèkké wong-wong kuwi budhaké bakal Tak adili.+ Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bakal metu saka kono lan ngibadah marang Aku ing panggonan iki.’+  ”Gusti Allah ya nggawé perjanjian sunat karo Abraham.+ Abraham nduwé anak Ishak lan dhèwèké nyunat Ishak+ ing dina kewolu.+ Terus, Ishak nduwé anak Yakub, lan Yakub nduwé anak lanang 12 sing dadi nènèk moyangé awaké dhéwé.  Nènèk moyangé awaké dhéwé kuwi dadi iri karo Yusuf+ seduluré, lan ngedol Yusuf menyang Mesir.+ Ning, Gusti Allah nglindhungi Yusuf+ 10  lan mbébaské Yusuf saka kesengsaraané. Gusti Allah ya nggawé Yusuf dadi wong sing wicaksana* lan isa nyenengké atiné Firaun.* Terus, Firaun nglantik Yusuf bèn mréntah Mesir lan ngurus istanané Firaun.+ 11  Ning, wektu kuwi ana kelaparan ing kabèh dhaérah ing Mesir lan Kanaan. Keadaané dadi susah banget, lan nènèk moyangé awaké dhéwé nganti ora nduwé panganan.+ 12  Bar kuwi, Yakub krungu nèk ing Mesir ana akèh panganan.* Mula, dhèwèké ngongkon nènèk moyangé awaké dhéwé mara ing Mesir.+ 13  Wektu nènèk moyangé awaké dhéwé mara manèh, Yusuf ngandhani wong-wong kuwi soal sapa dhèwèké saktenané. Akhiré Firaun dadi ngerti soal keluargané Yusuf.+ 14  Terus, Yusuf ngirim kabar marang Yakub bapaké lan kabèh keluargané bèn ninggalké Kanaan lan pindhah menyang Mesir.+ Jumlahé wong-wong kuwi ana 75.+ 15  Bar kuwi, Yakub pindhah menyang Mesir+ lan akhiré mati ing kana.+ Nènèk moyangé awaké dhéwé ya mati ing kana.+ 16  Balung-balungé nènèk moyang kuwi digawa menyang Syikhèm lan dikubur ing kuburan sing dituku Abraham saka anak-anaké Hamor ing Syikhèm.+ 17  ”Pas wektuné saya cedhak kanggo Gusti Allah nepati janjiné marang Abraham, wong Israèl jumlahé dadi saya akèh banget ing Mesir 18  nganti ana raja liya sing mréntah Mesir, sing ora ngerti apa-apa soal Yusuf.+ 19  Raja iki licik banget marang bangsané awaké dhéwé. Raja kuwi nganiaya lan meksa nènèk moyangé awaké dhéwé mbuwang bayi-bayiné bèn bayi-bayi kuwi mati.+ 20  Ing wektu kuwi Musa lair. Dhèwèké bagus banget* lan nganti telung sasi dhèwèké diopèni wong tuwané ing omahé.+ 21  Ning, wektu wong tuwané kepeksa mbuwang dhèwèké,+ anaké wédok Firaun njupuk lan ngopèni dhèwèké kaya anaké dhéwé.+ 22  Mula, Musa nampa pendidikan sing paling apik ing Mesir lan dhèwèké dadi wong sing omongan lan tumindaké nduwé kuwasa.+ 23  ”Pas umuré 40 taun, Musa péngin ngerti piyé keadaané sedulur-seduluré, yaiku wong Israèl.+ 24  Terus pas metu, Musa ndelok ana wong Mesir sing tumindak jahat karo salah siji wong Israèl. Mula, Musa mbéla wong Israèl kuwi lan mbales wong Mesir mau nganti wong kuwi mati. 25  Musa ngira sedulur-seduluré bakal paham nèk Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo nylametké bangsané. Ning, jebulé ora. 26  Sésuké, Musa marani seduluré manèh lan ndelok ana seduluré loro lagi gelut. Musa nyoba ngrukunké wong loro kuwi lan kandha, ’Kowé iki kan seduluran, ta? Ngapa kok kowé gelut?’ 27  Ning, wong sing njotos kancané kuwi malah njorogké Musa lan kandha, ’Sapa sing milih kowé dadi pemimpin lan hakimku? 28  Apa kowé ya arep matèni aku kaya kowé wingi matèni wong Mesir kuwi?’ 29  Wektu krungu kuwi, Musa langsung mlayu ninggalké Mesir lan manggon ing Midian. Ing kana, Musa nikah lan nduwé anak lanang loro.+ 30  ”Sakwisé 40 taun, pas ing padhang belantara cedhak Gunung Sinai, ana malaékat sing nemoni Musa ing geni sing murub saka semak berduri.+ 31  Wektu ndelok kuwi, Musa kagum banget lan dadi péngin ngerti sakjané kuwi apa. Ning pas dicedhaki, dhèwèké krungu swarané Yéhuwah* sing kandha, 32  ’Aku Gusti Allahé nènèk moyangmu, Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’+ Musa dadi ndredheg lan ora wani mara luwih cedhak manèh. 33  Yéhuwah kandha, ’Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing panggonan sing suci. 34  Aku wis ndelok piyé umat-Ku ditindhes ing Mesir, lan Aku wis ngrungokké wong-wong kuwi sambat.+ Aku wis mudhun* lan arep nylametké wong-wong kuwi saka wong Mesir. Saiki, Aku bakal ngutus kowé menyang Mesir.’ 35  Ya Musa iki sing wis ditolak lan diunèkké, ’Sapa sing milih kowé dadi pemimpin lan hakim?’+ Senajan ngono, Gusti Allah nggunakké malaékat+ sing nemoni Musa ing semak berduri kanggo ngandhani Musa supaya mimpin lan mbébaské bangsané. 36  Musa mimpin nènèk moyangé awaké dhéwé metu+ saka Mesir. Musa ya nindakké akèh perkara sing luar biasa lan mukjijat* ing Mesir,+ ing Laut Merah,+ lan ing padhang belantara 40 taun suwéné.+ 37  ”Ya Musa iki sing ngomong karo wong Israèl, ’Gusti Allah bakal milih nabi sing kaya aku saka antaramu.’+ 38  Pas ing padhang belantara, Musa ana bareng karo wong Israèl. Ing kana, ya ana nènèk moyangé awaké dhéwé lan malaékat+ sing tau ngomong karo Musa+ pas ing Gunung Sinai. Musa nampa omongané Gusti Allah sing bakal ana saklawasé, lan kudu disampèkké marang awaké dhéwé.+ 39  Ning, nènèk moyangé awaké dhéwé ora gelem manut karo Musa. Wong-wong kuwi nolak Musa+ lan malah péngin bali menyang Mesir.+ 40  Wong-wong kuwi ngomong karo Harun, ’Tulung gawèkna allah kanggo aku, merga Musa, wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir,+ ora ana kabaré.’ 41  Mula, wong-wong kuwi nggawé patung anak sapi lan mènèhké korban marang patung kuwi. Wong-wong kuwi ya nggawé pésta kanggo ngrayakké apa sing wis digawé kuwi.+ 42  Mula, Gusti Allah ninggalké wong-wong kuwi lan meneng waé pas wong-wong kuwi nyembah kabèh sing ana ing langit.*+ Kuwi kelakon kaya sing wis ditulis ing Tulisané Para Nabi, sing kandha, ’Hé wong Israèl, wektu kowé ing padhang belantara 40 taun suwéné, kowé kan ora mènèhi Aku korban lan persembahan, ta? 43  Sing mbok usung ing endi-endi kuwi kémahé Molokh+ lan ukiran bintang Déwa Réfan. Kuwi patung-patung sing mbok gawé lan mbok sembah. Mula, kowé bakal Tak buwang ing panggonan sing luwih adoh timbang Babilon.’+ 44  ”Nènèk moyangé awaké dhéwé nduwé tabernakel* ing padhang belantara. Tabernakel kuwi digawé sesuai karo préntahé Gusti Allah marang Musa, lan persis karo rancangan sing wis didelok Musa.+ 45  Terus, tabernakel kuwi diwènèhké marang keturunané nènèk moyangé awaké dhéwé. Tabernakel kuwi digawa bareng karo Yosua menyang tanah sing dienggoni bangsa liya+ sing diusir Gusti Allah saka ngarepé nènèk moyangé awaké dhéwé.+ Tabernakel kuwi tetep ana nganti jamané Daud. 46  Daud nggawé Gusti Allah seneng lan dhèwèké njaluk bèn isa éntuk kehormatan mbangun panggonan kanggo Gusti Allahé Yakub.+ 47  Ning jebulé, sing mbangun panggonan kuwi Salomo.+ 48  Senajan ngono, Sing Mahaluhur ora manggon ing panggonan sing digawé manungsa,+ kaya sing ditulis salah siji nabi, yaiku, 49  ”Yéhuwah kandha, ’Swarga kuwi takhta-Ku+ lan bumi kuwi alas sikil-Ku.+ Panggonan kaya apa sing bakal mbok bangun kanggo Aku? Utawa, apa ana panggonan sing pantes kanggo Aku? 50  Aku dhéwé sing nyiptakké kuwi kabèh, ta?’”+ 51  ”Kowé kuwi wong-wong sing ndableg, sing ati lan kupingé ora tanggap. Kowé terus nglawan roh suci, kaya sing ditindakké nènèk moyangmu.+ 52  Apa ana nabi sing ora dianiaya karo nènèk moyangmu?+ Nènèk moyangmu matèni wong-wong sing ngumumké ramalan soal tekané wong sing bener,+ yaiku wong sing saiki wis mbok khianati lan mbok patèni.+ 53  Kowé wis nampa Taurat sing diwènèhké Gusti Allah liwat para malaékat,+ ning kowé ora manut karo kuwi.” 54  Wektu krungu omongané Stéfanus, wong-wong kuwi* dadi nesu banget lan gregeten karo Stéfanus. 55  Ning, Stéfanus sing dituntun roh suci ndhangak lan dhèwèké ndelok kemuliaané Gusti Allah. Stéfanus ya ndelok Yésus ngadeg ing sebelah tengené Gusti Allah.+ 56  Stéfanus kandha, ”Aku ndelok langit kebukak, lan Anaké manungsa+ ngadeg ing sebelah tengené Gusti Allah.”+ 57  Mula, wong-wong kuwi padha bengok-bengok karo nutupi kupingé, terus bareng-bareng ngroyok Stéfanus. 58  Stéfanus disèrèt menyang njaba kutha, terus dibandhemi* watu.+ Seksi-seksi+ palsu ndèlèhké klambi njabané ing cedhak sikilé cah lanang sing jenengé Saul.+ 59  Pas isih dibandhemi,* Stéfanus njaluk marang Yésus, ”Yésus Gustiku, nyawaku tak serahké njenengan.” 60  Terus, karo berlutut, Stéfanus mbengok, ”Yéhuwah,* aja ngukum wong-wong iki merga dosané.”+ Sakwisé ngomongké kuwi, dhèwèké mati.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”sak tapak sikil”.
Lit.: ”benihé”.
Lit.: ”benihé”.
Gelaré raja Mesir.
Utawa ”gandum”.
Utawa ”bagus kanggoné Gusti Allah”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”nggatèkké”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”kabèh pasukan sing ana ing langit”.
Utawa ”kémah sing nduduhké nèk Gusti Allah ngancani wong-wong kuwi”.
Maksudé, anggota Sanhèdrin.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”dibalangi”.
Deloken Lamp. A5.