Mikha 5:1-15

  • Penguasa sing kehébatané tekan ujung bumi (1-6)

    • Penguasa kuwi asalé saka Bètlehèm (2)

  • Keturunané Yakub sing isih urip bakal kaya embun lan singa (7-9)

  • Tanah kuwi bakal digawé resik (10-15)

5  ”Penduduk kutha sing diserang,Kowé saiki mbesèti awakmu. Mungsuh wis ngepung awaké dhéwé.+ Wong-wong nggebugi pipiné hakim Israèl nganggo tongkat.+   Hé Bètlehèm Éfrata,+Ing antarané kutha-kutha* ing Yéhuda, kowé kuwi sing paling cilik. Ning, saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa ing Israèl+ sing bakal nindakké karep-Ku,Dhèwèké wis ana kèt jaman mbiyèn, kèt mbiyèn banget.   Mula, Gusti Allah bakal ninggalké umaté,Nganti wong wédok sing arep nglairké bener-bener nglairké,Lan sedulur-seduluré lanang penguasa kuwi sing isih urip bakal bali manèh marang bangsa Israèl.   Penguasa kuwi bakal tumindak lan angon rakyaté nganggo kekuwatané Yéhuwah+Lan nganggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé sing hébat. Wong-wong kuwi bakal aman manggon ing kono.+ Kehébatané penguasa kuwi bakal nganti tekan ujung bumi.+   Dhèwèké bakal nggawé ayem tentrem.+ Nèk Asiria nyerang tanahé awaké dhéwé lan ngidak-idak menara sing ana bèntèngé,+Awaké dhéwé bakal nglantik gembala pitu, malah pemimpin wolu saka antarané manungsa, kanggo nglawan Asiria.   Wong-wong kuwi bakal nggunakké pedhang kanggo nglawan* Asiria+Lan nglawan tanah Nimrod+ ing perbatasané. Pas Asiria nyerang tanahé awaké dhéwé lan ngidak-idak dhaérahé awaké dhéwé,Penguasa kuwi bakal nylametké awaké dhéwé.+   Keturunané Yakub sing isih urip bakal ana ing antarané akèh wongKaya embun saka Yéhuwah,Kaya udan deres sing nyirami tanduran,Sing ora ngarep-arep manungsaUtawa nunggu-nunggu anaké manungsa.   Keturunané Yakub sing isih urip bakal ana ing antarané akèh bangsa,Ing antarané akèh wong,Kaya singa ing antarané kéwan liar ing hutan,Kaya singa enom ing antarané domba-domba,Sing bakal nyerang lan nyabik-nyabik. Ora ana sing isa nylametké mangsané.   Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu,Lan kabèh mungsuhmu bakal dipatèni.” 10  Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,Aku bakal nyingkirké jaran-jaran lan kréta-krétamu. 11  Aku bakal ngremuk kutha-kutha ing tanahmuLan ngambrukké kabèh bèntèngmu. 12  Aku bakal nyingkirké ilmu gaib sing mbok gunakké,Lan para dhukun bakal ora ana manèh.+ 13  Aku bakal ngremuk patung ukiran lan tugu-tugu sucimu,*Lan kowé ora bakal sujud manèh karo barang-barang sing mbok gawé.+ 14  Aku bakal ngambrukké cagak-cagak sucimu*+Lan ngremuk kutha-kuthamu. 15  Aku bakal nesu banget lan ngukumBangsa-bangsa sing ora manut.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”keluarga-keluarga”.
Utawa ”kanggo angon”.