Pangentasan 23:1-33

  • Hukum kanggo wong Israèl (1-19)

    • Soal tumindak jujur lan adil (1-9)

    • Soal sabat lan perayaan liyané (10-19)

  • Wong Israèl dituntun malaékat (20-26)

  • Tanah sing bakal dienggoni lan batas-batasé (27-33)

23  ”Aja nyebarké kabar sing ora bener.+ Aja mènèhi katrangan sing nggawé wong sing ora salah dadi kena cilaka.+ Nèk kowé kaya ngono, kuwi berarti kowé mbantu wong jahat.  Aja nindakké kejahatan mung merga akèh sing tumindak kaya ngono. Wektu mènèhi katrangan, aja mènèhi katrangan sing ora bener mung merga mèlu-mèlu wong akèh. Nèk kowé kaya ngono, kowé nglawan keadilan.  Aja pilih kasih wektu ngurusi kasusé wong mlarat.+  ”Nèk kowé ndelok sapi utawa keledainé mungsuhmu keblasuk, kuwi kudu mbok balèkké marang mungsuhmu.+  Nèk kowé ndelok keledainé wong sing sengit karo kowé tiba merga kabotan beban, aja mbok ejarké waé terus lunga. Kowé kudu mbantu wong kuwi ngedhunké beban sing digawa keledainé.+  ”Aja nggawé keputusan sing ora adil wektu ngurusi kasusé wong mlarat.+  ”Aja mèlu-mèlu mènèhi tudhuhan palsu, lan aja matèni wong sing bener lan wong sing ora salah. Wong sing tumindak jahat ora bakal Tak anggep bener.*+  ”Aja nampa suap, merga suap isa nggawé wong dadi ora perduli karo apa sing bener. Suap ya isa nggawé wong sing bener+ ngubah keputusané.  ”Aja nindhes penduduk asing. Kowé ngerti rasané dadi wong asing, merga mbiyèn kowé ya tau dadi penduduk asing ing tanah Mesir.+ 10  ”Enem taun kowé éntuk nyebar benih lan manèn hasilé.+ 11  Tapi ing taun kepitu, ladhangmu aja mbok urus lan aja mbok tanduri. Apa waé sing thukul dhéwé ing ladhangmu bèn dadi panganané wong mlarat, sisané bèn dipangan kéwan liar. Kebon anggur lan kebon zaitunmu ya kudu ngono. 12  ”Enem dina kowé kudu kerja, tapi ing dina kepitu, kowé ora éntuk kerja bèn sapimu, keledaimu, budhakmu, lan wong asing isa istirahat.+ 13  ”Kowé kudu mastèkké nèk kowé nindakké kabèh sing Tak préntahké marang kowé.+ Aja nyebut jenengé allah-allah liya. Aja nganti kuwi metu saka lambému.+ 14  ”Kowé kudu nggawé perayaan kanggo Aku saben taun ping telu.+ 15  Ing wektu sing wis ditentokké ing sasi Abib,*+ kowé kudu ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ merga ing sasi kuwi kowé metu saka Mesir. Pitung dina suwéné kowé kudu mangan roti tanpa ragi, kaya sing Tak préntahké marang kowé. Aja nganti kowé ora nggawa apa-apa wektu ngadhep Aku.+ 16  Wektu kowé manèn hasil panèn pertama saka ladhangmu,+ kowé kudu ngrayakké Perayaan Panèn.* Pas akhir taun, wektu kowé ngumpulké hasil panèn terakhir saka ladhangmu,+ kowé ya kudu ngrayakké Perayaan Ngumpulké Hasil Panèn.* 17  Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Gusti sing bener, Yéhuwah.+ 18  ”Wektu mènèhké persembahan getih saka kéwan sing dikorbanké, aja mbok wènèhké karo apa waé sing ana raginé. Gajihé korban sing mbok wènèhké kanggo persembahan pas perayaan aja disimpen nganti sésuk ésuké. 19  ”Kowé kudu nggawa hasil panèn pertama sing paling apik saka tanahmu menyang omahé Yéhuwah, Gusti Allahmu.+ ”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.+ 20  ”Aku ngutus malaékat ing ngarepmu+ kanggo nglindhungi kowé lan nuntun kowé menyang panggonan sing wis Tak siapké.+ 21  Kowé kudu ngrungokké omongané lan manut karo dhèwèké. Aja nglawan dhèwèké merga dhèwèké teka nganggo jeneng-Ku, lan dhèwèké ora bakal ngapura salahmu.+ 22  Nèk kowé manut karo omongané malaékat kuwi lan nindakké kabèh sing Tak préntahké, Aku bakal dadi mungsuhé mungsuhmu lan nglawan wong sing nglawan kowé. 23  Malaékat-Ku bakal mlaku ing ngarepmu lan bakal nuntun kowé menyang tanahé wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Kanaan, wong Hèwi, lan wong Yébus. Kabèh bangsa kuwi bakal Tak singkirké.+ 24  Aja sujud marang déwa-déwané, lan aja gelem dipengaruhi bèn nyembah déwa-déwané. Aja mèlu-mèlu kebiasaané wong-wong kuwi.+ Kowé kudu ngremuk patung-patungé lan tugu suciné.+ 25  Kowé kudu nyembah Yéhuwah, Gusti Allahmu,+ lan Aku bakal mberkahi kowé nganggo panganan lan banyu.+ Aku bakal nyingkirké penyakit saka kowé.+ 26  Wong wédok sing ana ing tanahmu ora bakal keguguran utawa mandhul.+ Aku bakal mènèhi kowé umur sing dawa. 27  ”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi wedi karo Aku,+ malah sakdurungé kowé teka. Aku bakal nggawé kabèh bangsa sing nglawan kowé dadi kisruh. Aku bakal nggawé mungsuhmu kalah lan mlayu saka kowé.+ 28  Sakdurungé kowé teka, Aku bakal nggawé para mungsuhmu wedi.*+ Aku bakal ngusir wong Hèwi, wong Kanaan, lan wong Hèt saka ngarepmu.+ 29  Setaun iki, Aku ora bakal ngusir wong-wong kuwi bèn tanah kuwi tetep kopèn lan bèn kéwan liar sing bahaya kanggo kowé ora dadi tambah akèh.+ 30  Aku bakal ngusir wong-wong kuwi sithik-sithik, nganti jumlahmu akèh lan ngebaki tanah kuwi.+ 31  ”Aku bakal nggawé batas-batasé tanahmu. Batas-batasé yaiku saka Laut Merah nganti Laut Tengah,*+ lan saka padhang belantara nganti Kali Éfrat. Aku bakal mbantu kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan kowé bakal ngusir bangsa-bangsa kuwi.+ 32  Aja nganti kowé nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi utawa karo déwa-déwané.+ 33  Wong-wong kuwi ora éntuk manggon ing tanahmu bèn wong-wong kuwi ora nggawé kowé dosa marang Aku. Nèk kowé nyembah déwa-déwané, uripmu mesthi bakal sengsara.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”ora bakal Tak bébaské saka hukuman”.
Deloken Lamp. B15.
Perayaan iki ya disebut Perayaan Sakwisé Pitung Minggu, utawa Péntakosta.
Perayaan iki ya disebut Perayaan Pondok, utawa Perayaan Tabernakel.
Utawa ”putus asa”.
Utawa ”lauté wong Filistin”.