Wulang Bebasan 8:1-36

  • Kawicaksanan kuwi kaya wong sing lagi ngomong (1-36)

    • ’Aku sing paling awal digawé Gusti Allah’ (22)

    • ’Tukang sing trampil sing kerja karo Gusti Allah’ (30)

    • ”Aku seneng banget karo manungsa” (31)

8  Kawicaksanan* kuwi kaya wong sing lagi ngundang-ngundang,*Lan pertimbangan kuwi kaya wong sing lagi bengok-bengok.+   Dhèwèké ngadeg+ ing puncak bukit,Ing pinggir dalan, ing prapatan.   Ing cedhak gerbang-gerbang kutha,Ing dalan mlebu menyang kutha,Dhèwèké bola-bali mbengok kaya ngéné,+   ”Hé wong-wong, aku ngundang* kowé. Aku mbengok marang kowé kabèh.*   Wong-wong sing ora nduwé pengalaman, kowé kudu sinau bèn nduwé pertimbangan sing apik.+ Wong-wong sing bodho, kowé kudu nduwé pemahaman.*   Rungokna, merga sing tak omongké iki penting,Lan lambéku ngomongké apa sing bener.   Cangkemku ngomongké apa sing bener,Lan lambéku sengit karo apa sing jahat.   Kabèh sing tak omongké kuwi bener. Ora ana sing salah utawa ngapusi.   Kanggoné wong sing nduwé pertimbangan, omonganku kuwi jelas,Lan kanggoné wong sing nduwé pengetahuan, omonganku kuwi bener. 10  Kowé kudu milih naséhatku, dudu pérak. Lan kowé kudu milih pengetahuan, dudu emas.+ 11  Kawicaksanan kuwi luwih apik timbang watu sing berharga saka laut.* Kuwi ora isa mbok bandhingké karo kabèh sing mbok péngini. 12  Jenengku kawicaksanan, lan aku manggon bareng karo pertimbangan sing apik. Aku isa mikir lan nduwé pengetahuan.+ 13  Nèk kowé wedi marang* Yéhuwah, kowé bakal sengit karo sing jahat.+ Aku sengit karo sifat sombong,+ angkuh, kejahatan, lan omongan sing ngapusi.+ 14  Aku nduwé naséhat sing apik lan kawicaksanan.+ Aku nduwé pemahaman+ lan kekuwatan.+ 15  Merga aku, raja-raja terus mréntah,Lan para pejabat tinggi nggawé keputusan sing adil.+ 16  Merga aku, para pemimpin terus mréntah,Lan para bangsawan adil wektu ngadili. 17  Aku sayang karo sing sayang karo aku,Lan sing nggolèki aku bakal nemokké aku.+ 18  Aku nduwé kekayaan lan kemuliaan. Aku nduwé keadilan lan harta* sing ana sakterusé. 19  Sing tak wènèhké marang kowé luwih apik timbang emas, malah emas murni,Lan apa sing mbok tampa saka aku luwih apik timbang pérak sing paling apik.+ 20  Aku dituntun karo apa sing bener,Lan aku mesthi nindakké apa sing adil. 21  Aku mènèhi warisan sing akèh marang wong sing sayang karo aku,Lan aku ngebaki gudhangé wong kuwi. 22  Aku sing pertama diciptakké Yéhuwah.+ Aku sing paling awal digawé ing jaman mbiyèn.+ 23  Aku wis ana kèt jaman mbiyèn,+Kèt awal, sakdurungé bumi ana.+ 24  Aku lair sakdurungé laut+ sing jero ana,Sakdurungé banyu sing metu saka mata air ana. 25  Aku lair sakdurungé gunung-gunung anaLan sakdurungé bukit-bukit ana, 26  Sakdurungé Dhèwèké nggawé bumi lan daratan,Malah sakdurungé debu sing pertama ing bumi. 27  Wektu Dhèwèké ngrancang langit,+ aku ana ing kono. Wektu Dhèwèké nggawé batas* antarané langit lan laut,+ 28  Wektu Dhèwèké ndèlèhké* méga ing ndhuwur,Wektu Dhèwèké nggawé mata air ing panggonan sing jero, 29  Wektu Dhèwèké nggawé batas kanggo lautBèn banyuné ora ngliwati batas kuwi,+Wektu Dhèwèké nggawé pondhasi bumi, 30  Aku dadi tukang sing trampil sing kerja karo Dhèwèké.+ Aku nggawé Dhèwèké seneng+ saben dina. Aku terus ngrasa seneng ing ngarepé Dhèwèké.+ 31  Aku seneng banget wektu ndelok bumi digawé bèn isa dienggoni manungsa. Aku seneng banget karo manungsa. 32  Mula, anak-anakku, rungokna aku. Wong sing manut karo omonganku bakal bahagia. 33  Rungokna dhidhikan+ lan dadia wicaksana. Aja nganti ora mbok gatèkké. 34  Wong sing ngrungokké aku bakal bahagia. Saben dina, dhèwèké ésuk-ésuk teka ing omahku* Lan ngentèni ing cedhak lawang omahku. 35  Wong sing nemokké aku bakal terus urip,+Lan Yéhuwah bakal seneng karo dhèwèké. 36  Tapi wong sing ora nggatèkké aku bakal nggawé dhèwèké dhéwé cilaka,Lan wong sing sengit karo aku bakal mati.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk-nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”anak-anaké lanang manungsa”.
Utawa ”ati sing nduwé pemahaman”.
Watu berharga sing dimaksud ing kéné yaiku koral. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”warisan”.
Lit.: ”lingkaran”.
Lit.: ”nggawé kuwat”.
Lit.: ”lawangku”.