Galatia 3:1-29

  • Bédané nindakké Hukum Musa lan nduwé iman (1-14)

    • Wong sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman (11)

  • Janji marang Abraham dudu merga Hukum Musa (15-18)

    • Keturunané Abraham yaiku Kristus (16)

  • Asal lan tujuané Hukum Musa (19-25)

  • Dadi anak-anaké Gusti Allah merga nduwé iman (26-29)

    • Keturunané Abraham kuwi wong-wong sing dadi duwèké Kristus (29)

3  Hé, wong-wong Galatia sing ora masuk akal. Sapa sing wis ngapusi kowé kaya ngéné iki?+ Kowé kan wis nampa keterangan sing jelas soal Yésus Kristus sing dipaku ing cagak, ta?+  Aku arep takon karo kowé: Kowé nampa roh suci merga nindakké hukum utawa merga nduwé iman marang kabar apik sing mbok rungokké?+  Apa kowé ora paham? Awalé, kowé ngendelké tuntunané roh suci, ning ngapa kok saiki kowé manut karo pikirané manungsa?+  Apa ora ana gunané kowé ngalami akèh kesusahan? Aku yakin ora kaya ngono.  Ana wong sing mènèhi kowé roh suci lan nindakké akèh mukjijat ing antaramu.+ Sakjané, apa alesané dhèwèké nindakké kabèh kuwi? Merga kowé nindakké hukum utawa merga kowé nduwé iman marang kabar apik sing mbok rungokké?  Coba pikirna soal Abraham. Dhèwèké ”nduwé iman marang Yéhuwah,* kuwi sebabé Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener”.+  Kowé mesthi ngerti nèk wong-wong sing nduwé iman kuwi anak-anaké Abraham.+  Mbiyèn, ana ayat sing kandha nèk wong-wong saka bangsa liya bakal dianggep bener karo Gusti Allah merga wong-wong kuwi nduwé iman. Kuwi sebabé kabar apik diwartakké sik marang Abraham. Kabar apiké yaiku, ”Kabèh bangsa bakal éntuk berkah liwat kowé.”+  Mula, kabèh wong sing nduwé iman diberkahi kaya Abraham sing nduwé iman.+ 10  Kabèh wong sing mung ngendelké hukum kuwi dikutuk, merga ana ayat sing kandha, ”Saben wong sing ora terus manut karo kabèh sing ditulis ing gulungan Hukum Musa kuwi dikutuk.”+ 11  Apa manèh, jelas banget nèk ora ana wong sing dianggep bener karo Gusti Allah+ merga nindakké hukum, merga ana ayat sing kandha, ”Wong sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman.”+ 12  Sakliyané kuwi, Hukum Musa dhasaré dudu iman. Ana ayat sing kandha, ”Sapa waé sing nindakké iki bakal tetep urip.”+ 13  Awaké dhéwé wis dituku Kristus.+ Dhèwèké wis mbébaské awaké dhéwé+ saka kutukané Hukum Musa. Dhèwèké nggantèni awaké dhéwé dadi wong sing dikutuk, merga ana ayat sing kandha, ”Wong sing dipaku* ing cagak kuwi dikutuk.”+ 14  Dadi, liwat Kristus Yésus,+ kabèh bangsa nampa berkah sing wis dijanjèkké marang Abraham, lan awaké dhéwé isa nampa roh suci sing wis dijanjèkké+ merga awaké dhéwé nduwé iman. 15  Sedulur-sedulur, aku arep nggunakké perumpamaan saka urip saben dina: Nèk perjanjian wis disahké, ora ana sing éntuk mbatalké utawa nambahi apa-apa, senajan perjanjian kuwi mung disahké karo manungsa. 16  Janji-janjiné Gusti Allah digawé kanggo Abraham lan keturunané.*+ Ayaté ora kandha ”kanggo keturunan-keturunanmu”,* kaya-kaya kanggo akèh wong. Ning, ayaté kandha ”kanggo keturunanmu”,* maksudé mung kanggo wong siji, yaiku Kristus.+ 17  Aku ya arep ngomong iki: Hukum Musa, sing diwènèhké 430 taun bar kuwi,+ ora mbatalké perjanjian sing wis digawé Gusti Allah sakdurungé kuwi. Janji kuwi ya ora berakhir merga Hukum Musa. 18  Nèk warisan kuwi diwènèhké merga Hukum Musa, kuwi artiné warisan kuwi ora diwènèhké merga janji. Tapi nyatané Gusti Allah wis apikan mènèhi Abraham warisan merga janji.+ 19  Dadi, Hukum Musa kuwi kanggo apa? Hukum kuwi akhiré diwènèhké marang awaké dhéwé kanggo nduduhké nèk ana pelanggaran.+ Hukum kuwi digunakké nganti keturunan* sing nampa janji kuwi teka.+ Hukum kuwi diwènèhké liwat para malaékat,+ sing ngumumké kuwi liwat perantara.+ 20  Perantara mung dibutuhké nèk ana loro pihak ing perjanjian kuwi. Tapi ing perjanjian kuwi, mung ana siji pihak, yaiku Gusti Allah. 21  Dadi, apa Hukum Musa kuwi nglawan janji-janjiné Gusti Allah? Ora babar blas. Nèk misalé hukum sing diwènèhké kuwi isa marahi urip, wong bakal dianggep bener nèk nindakké hukum kuwi. 22  Ning, Kitab Suci nggawé kabèh wong dikuwasani dosa bèn janji-janji sing dihasilké merga nduwé iman marang Yésus Kristus isa ditampa karo wong-wong sing nduwé iman. 23  Wektu iman* kuwi durung teka, hukum njaga awaké dhéwé lan awaké dhéwé dikuwasani hukum kuwi. Awaké dhéwé ya ngentèni iman sing bakal diduduhké kuwi.+ 24  Mula, Hukum Musa dadi sing nuntun* awaké dhéwé marang Kristus+ bèn awaké dhéwé isa dianggep bener merga nduwé iman.+ 25  Ning saiki, sakwisé iman kuwi teka,+ ora perlu ana sing nuntun*+ awaké dhéwé. 26  Kowé sakjané anak-anaké Gusti Allah+ merga kowé nduwé iman marang Kristus Yésus.+ 27  Kowé, sing wis dibaptis lan saiki dadi muridé Kristus, wis dadi kaya Kristus.+ 28  Saiki, ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani,+ antarané budhak lan wong sing bébas,+ lan antarané wong lanang lan wong wédok.+ Merga kowé muridé Kristus Yésus, kowé kabèh dadi siji.+ 29  Apa manèh, nèk kowé duwèké Kristus, kowé bener-bener keturunané*+ Abraham lan kowé isa nampa warisan sing wis dijanjèkké.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”digantung”.
Lit.: ”benihmu”.
Lit.: ”benih-benihmu”.
Lit.: ”benihé”.
Lit.: ”benih”.
Mungkin maksudé iman Kristen.
Maksudé, wong sing njaga lan momong bocah-bocah.
Maksudé, wong sing njaga lan momong bocah-bocah.
Lit.: ”benihé”.