Mazmur 36:1-12

  • Rasa sayangé Gusti Allah kuwi berharga

    • Wong jahat ora wedi karo Gusti Allah (1)

    • Gusti Allah kuwi sing mènèhi urip (9)

    • ”Merga cahaya-Mu, aku isa ndelok cahaya” (9)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud, abdiné Yéhuwah. 36  Kejahatan sing ana ing njero atiné wong jahat nggawé wong kuwi nindakké sing jahat. Dhèwèké ora wedi karo Gusti Allah.+   Dhèwèké mikir nèk dhèwèké kuwi hébatNganti ora isa ngerti kesalahané lan ora rumangsa salah karo tumindaké.+   Omongané ngapusi lan nglarani ati. Dhèwèké ora ngerti carané nindakké apa sing bener.   Malah, ing panggonané turu, dhèwèké ya nggawé rencana jahat. Dhèwèké terus nindakké sing ora bener.* Dhèwèké ora ngedohi sing jahat.   Oh Yéhuwah, rasa sayang-Mu* nganti tekan langit,+Kesetiaan-Mu nganti tekan méga-méga.   Oh Yéhuwah, keadilan-Mu kuwi kaya gunung-gunung sing gedhé banget.*+ Sing mbok omongké wektu ngadili kuwi kaya banyu sing jero.+ Njenengan ngopèni* manungsa lan kéwan.+   Oh Gusti Allah, rasa sayang-Mu* kuwi berharga banget.+ Manungsa nggolèk perlindungan ing ngisoré sayap-Mu.+   Wong-wong kuwi mangan akèh panganan* ing omah-Mu nganti wareg.+ Wong-wong kuwi mbok wènèhi kabèh sing nyenengké, kaya ngombé saka kali sing deres.+   Njenengan sing mènèhi urip.+ Merga cahaya-Mu, aku isa ndelok cahaya.+ 10  Tulung Njenengan terus nresnani* wong-wong sing kenal Njenengan,+Lan tulung terus apikan marang wong-wong sing atiné tulus.+ 11  Aja nganti wong sing sombong nyerang aku,Lan aja nganti wong sing jahat ngusir aku. 12  Wong-wong sing jahat wis disingkirké. Wong-wong kuwi wis kalah lan ora isa tangi manèh.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”terus ana ing dalan sing ora bener”.
Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”gunung sing digawé Gusti Allah”.
Utawa ”nylametké”.
Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”gajih”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.