Wahyu 5:1-14

  • Gulungan nganggo meterai pitu (1-5)

  • Anak domba njupuk gulungan kuwi (6-8)

  • Anak domba pantes mbukak meterai-meterainé (9-14)

5  Terus, aku ndelok Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ nyekel gulungan ing tangané tengen. Ing bagéan njaba lan njeroné gulungan kuwi ana tulisané, lan gulungan kuwi ditutup rapet nganggo meterai pitu.  Terus, aku ndelok ana malaékat sing kuwat, sing ngomong nganggo swara banter, ”Sapa sing pantes mbukak gulungan kuwi lan meterai-meterainé?”  Ning, ora ana sing isa mbukak gulungan kuwi lan ndelok isiné, termasuk sing ana ing swarga, ing bumi, utawa ing ngisoré bumi.  Aku nangis sesenggukan merga ora ana sing pantes mbukak gulungan kuwi lan ndelok isiné.  Ning, salah siji saka para pinituwa kuwi kandha, ”Kowé aja nangis manèh. Singa saka suku Yéhuda,+ saka keluargané*+ Daud,+ wis menang.+ Mula, dhèwèké pantes mbukak gulungan kuwi lan meterainé pitu.”  Terus, ing tengah-tengahé kerub papat lan para pinituwa kuwi,+ aku ndelok ana domba+ sing ngadeg ing cedhaké takhta. Anak domba kuwi kayané tau dibelèh+ lan nduwé sungu pitu lan mripat pitu. Mripat pitu kuwi nglambangké roh suci pitu+ sing wis diwènèhké ing bumi.  Terus, Anak Domba kuwi maju lan njupuk gulungan kuwi saka tangané tengen Gusti Allah sing lungguh ing takhta.+  Wektu Anak Domba mau njupuk gulungan kuwi, kerub papat lan pinituwa 24+ kuwi sujud ing ngarepé. Saben pinituwa nggawa harpa lan mangkok emas sing kebak dupa. (Dupa kuwi nglambangké donga-dongané para wong suci.)+  Terus, para pinituwa kuwi nyanyi lagu anyar,+ sing isiné, ”Njenengan pantes njupuk gulungan kuwi lan mbukak meterai-meterainé merga njenengan wis dikorbanké. Nganggo getihé njenengan, njenengan nuku wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa+ kanggo dadi duwèké Gusti Allah.+ 10  Njenengan ndadèkké wong-wong kuwi raja+ lan imam kanggo nglayani Gusti Allahé awaké dhéwé,+ lan wong-wong kuwi bakal dadi raja+ lan mréntah bumi.” 11  Terus, aku ndelok ana akèh banget malaékat ing sekitaré takhta lan kerub papat kuwi, lan ing sekitaré para pinituwa kuwi. Aku ya krungu swarané para malaékat kuwi. Jumlahé para malaékat kuwi ana puluhan èwu ping puluhan èwu lan éwonan ping éwonan.+ 12  Para malaékat kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Anak Domba sing wis tau dibelèh+ kuwi pantes nampa kuwasa, berkah, kawicaksanan,* kekuwatan, kehormatan, kemuliaan, lan pujian.”+ 13  Terus, aku krungu kabèh makhluk sing ana ing swarga, ing bumi, ing ngisoré bumi,+ lan ing laut, yaiku kabèh makhluk kuwi, kandha, ”Pujian, kehormatan,+ kemuliaan, lan kuwasa kanggo Gusti Allah sing lungguh ing takhta+ lan kanggo Anak Domba,+ kanggo saklawasé.”+ 14  Kerub papat kuwi kandha, ”Amin.” Terus, para pinituwa kuwi sujud lan nyembah Gusti Allah.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”akaré”.