Ayub 1:1-22

  • Ayub setya lan sugih (1-5)

  • Sétan nganggep nèk Ayub ora tulus (6-12)

  • Ayub kélangan harta lan anak-anaké (13-19)

  • Ayub ora nyalahké Gusti Allah (20-22)

1  Ana wong lanang sing manggon ing tanah Uz, jenengé Ayub.*+ Dhèwèké kuwi wong bener lan setya.*+ Dhèwèké wedi karo Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat.+  Dhèwèké nduwé anak lanang pitu lan anak wédok telu.  Dhèwèké nduwé domba 7.000, unta 3.000, sapi 1.000,* lan keledai* 500. Dhèwèké ya nduwé pembantu akèh banget. Dhèwèké dadi wong sing paling sugih ing antarané wong sing manggon ing dhaérah Wétan.  Saben anaké lanang Ayub giliran nggawé acara mangan bareng ing omahé dhéwé-dhéwé. Adhiné wédok* telu ya diundang bèn isa mangan lan ngombé bareng.  Sakwisé kabèh éntuk giliran, Ayub ngumpulké anak-anaké lan ngresiki anak-anaké. Biasané dhèwèké tangi ésuk-ésuk lan mènèhké korban bakaran+ marang Gusti Allah sesuai karo jumlah anaké. Ayub mikir, ’Mungkin anak-anakku wis dosa lan nyumpahi Gusti Allah ing njero atiné.’ Kuwi sing biasané ditindakké Ayub.+  Kaya biasané, para malaékat*+ padha ngadhep Yéhuwah,+ lan Sétan+ ya teka ing kono.+  Yéhuwah takon karo Sétan, ”Kowé saka ngendi?” Sétan njawab Yéhuwah, ”Aku bar mlaku-mlaku lan ngubengi bumi.”+  Yéhuwah kandha karo Sétan, ”Apa kowé nggatèkké Ayub abdi-Ku? Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi. Dhèwèké bener lan setya.*+ Dhèwèké wedi marang* Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat.”  Sétan njawab Yéhuwah, ”Nèk Ayub ora éntuk apa-apa, apa dhèwèké bakal tetep wedi marang* Gusti Allah?+ 10  Njenengan kan terus nglindhungi* dhèwèké,+ keluargané, lan kabèh duwèké, ta? Njenengan ya wis mberkahi kerja kerasé+ lan nggawé ternaké dadi akèh. 11  Ning, coba waé nèk Njenengan nggunakké kekuwatan-Mu lan njupuk kabèh duwèké, mesthi dhèwèké bakal langsung nyumpahi Njenengan ing ngarepé Njenengan.” 12  Yéhuwah ngomong karo Sétan, ”Kabèh duwèké arep mbok apakké sak karepmu. Ning, Ayub aja mbok apak-apakké.” Sakwisé kuwi, Sétan lunga saka ngarepé* Yéhuwah.+ 13  Wektu anak-anaké Ayub mangan-mangan lan ngombé anggur ing omahé anaké lanang Ayub sing pertama,+ 14  ana wong sing marani Ayub lan kandha, ”Wektu sapi-sapi lagi mbajak lan keledai-keledai lagi mangan suket ing cedhaké, 15  wong Syéba nyerang lan njupuk kabèh kéwan kuwi. Wong-wong mau ya matèni pembantu-pembantuné njenengan nganggo pedhang. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.” 16  Wektu wong mau isih ngomong, ana wong liya sing teka lan kandha, ”Geni saka Gusti Allah* mudhun saka langit, terus nyamber lan ngobong domba-domba lan pembantu-pembantuné njenengan nganti ludhes. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.” 17  Wektu wong mau isih ngomong, ana wong liya sing teka lan kandha, ”Ana telung kelompok wong Khaldéa+ sing nyerang lan njupuk unta-untané njenengan. Wong-wong kuwi ya matèni pembantu-pembantuné njenengan nganggo pedhang. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.” 18  Wektu wong mau isih ngomong, ana wong liya manèh sing teka lan kandha, ”Wektu anak-anaké njenengan mangan-mangan lan ngombé anggur ing omahé anaké njenengan sing pertama, 19  ujug-ujug omah kuwi kena angin gedhé saka padhang belantara, terus omah kuwi ambruk lan ngambruki anak-anaké njenengan nganti mati. Mung aku dhéwé sing slamet, dadi aku isa ngandhani njenengan.” 20  Bar kuwi, Ayub ngadeg, nyuwèk klambiné, lan nyukur rambuté nganti gundhul. Terus Ayub sujud ing lemah 21  lan kandha,”Wektu lair, aku ora nggawa apa-apa,Wektu mati, aku ya ora nggawa apa-apa.*+ Yéhuwah sing mènèhi,+ lan Yéhuwah sing njupuk. Muga-muga jenengé Yéhuwah terus dimulyakké.” 22  Senajan ngalami kaya ngono, Ayub ora dosa lan ora nyalahké Gusti Allah.

Katrangan Tambahan

Utawa ”ora salah”.
Mungkin artiné ”Wong sing Disengiti”.
Lit.: ”sapi 500 pasang”.
Lit.: ”keledai wédok”.
Utawa ”Mbakyuné”. Kata Ibrani sing digunakké maksudé isa mbakyu utawa adhi.
Lit.: ”anak-anaké Gusti Allah”.
Utawa ”ora salah”.
Lit.: ”mageri”.
Lit.: ”wajahé”.
Utawa mungkin ”Bledhèg”.
Lit.: ”Aku wuda wektu aku metu saka wetengé ibuku, lan aku ya wuda wektu aku bali”.