Injil Lukas 3:1-38

  • Yohanes mulai nindakké tugasé (1, 2)

  • Yohanes martakké nèk wong-wong kudu dibaptis (3-20)

  • Yésus dibaptis (21, 22)

  • Silsilahé Yésus Kristus (23-38)

3  Ing taun ke-15 pamréntahané Kaisar Tibèrius, sing dadi gubernur Yudéa yaiku Pontius Pilatus, sing dadi penguasa wilayah* Galiléa yaiku Hérodès,*+ sing dadi penguasa wilayah Ituréa lan Trakhonitis yaiku Filipus kakangé Hérodès, sing dadi penguasa wilayah Abiléné yaiku Lisanias,  lan sing dadi imam kepala yaiku Hanas lan Kayafas.+ Wektu kuwi, Gusti Allah nyampèkké omongané marang Yohanes+ anaké Zakharia ing padhang belantara.+  Mula, Yohanes lunga ing kabèh dhaérah ing sekitaré Kali Yordan. Dhèwèké martakké nèk wong-wong kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat lan akhiré dosané isa diapura.+  Kuwi kelakon kaya sing ditulis ing kitab Nabi Yésaya, ”Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.+  Kabèh lembah kudu diurug, lan kabèh gunung lan bukit diratakké. Dalan sing ménggak-ménggok kudu diluruské, lan dalan sing nggronjal-nggronjal digawé rata.  Terus, kabèh wong bakal ndelok piyé Gusti Allah nylametké manungsa.’”+  Pas wong-wong sing arep dibaptis marani Yohanes, Yohanes ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi keturunané ula beracun. Mbok pikir apa kowé isa lolos saka hukumané Gusti Allah?+  Mula, duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat. Aja mbatin, ’Aku kan keturunané Abraham.’* Nèk gelem, Gusti Allah isa mènèhi Abraham keturunan saka watu-watu iki.  Kapak wis didèlèhké ing cedhak akaré wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong.”+ 10  Akèh wong takon marang Yohanes, ”Terus, aku kudu piyé?” 11  Yohanes njawab, ”Wong sing nduwé klambi loro kudu mènèhké klambiné sing siji marang wong sing ora nduwé klambi. Wong sing nduwé panganan ya kudu mbagi panganané marang wong sing ora nduwé panganan.”+ 12  Malah, para petugas pajeg ya teka merga péngin dibaptis.+ Wong-wong kuwi takon, ”Guru, aku kudu piyé?” 13  Yohanes njawab, ”Aja narik* pajeg ngluwihi saka sing wis ditentokké.”+ 14  Para prajurit ya takon, ”Aku kudu piyé?” Yohanes njawab, ”Aja meres* utawa nudhuh wong liya merga péngin éntuk untung.+ Kowé kudu puas karo upahmu.” 15  Wektu kuwi, wong-wong lagi ngarep-arep tekané Kristus. Mula, akèh sing mikir soal Yohanes, ”Apa dhèwèké kuwi Kristus ya?”+ 16  Yohanes ngandhani wong-wong kuwi, ”Aku mbaptis kowé nganggo banyu, ning wong sing arep teka bakal mbaptis kowé nganggo roh suci lan geni.+ Wong kuwi luwih kuwasa timbang aku. Malah, aku ora pantes nyopot tali sandhalé.+ 17  Dhèwèké nyekel sekop sing dienggo misahké gandum saka kulité lan ngresiki panggonan kanggo nggiles gandum, terus nglumpukké gandumé ing gudhang. Ning, kulit gandumé bakal diobong nganggo geni sing ora isa dipatèni.” 18  Isih ana akèh manèh sing diomongké Yohanes kanggo nguwatké wong-wong. Yohanes ya terus martakké kabar apik marang wong-wong. 19  Ning Yohanes ngélikké Hérodès, penguasa wilayah Galiléa, merga dhèwèké nikah karo Hérodias, padahal Hérodias kuwi bojoné kakangé. Yohanes ya ngomongké soal kabèh tumindaké Hérodès sing jahat. 20  Tapi, Hérodès malah nindakké kejahatan manèh, yaiku nglebokké Yohanes ing penjara.+ 21  Wektu kabèh wong kuwi dibaptis, Yésus ya dibaptis.+ Wektu Yésus ndonga, langit kebukak,+ 22  lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus. Terus, ana swara saka langit, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+ 23  Yésus+ umur 30 taun wektu mulai nginjil.+ Menurut pendapaté wong-wong, dhèwèké kuwianaké Yusuf,+anaké Hèli, 24  anaké Mattat,anaké Lèwi,anaké Mèlkhi,anaké Yannai,anaké Yusuf, 25  anaké Matatias,anaké Amos,anaké Nahum,anaké Èsli,anaké Nagai, 26  anaké Maat,anaké Matatias,anaké Sèmèin,anaké Yosèkh,anaké Yoda, 27  anaké Yoanan,anaké Résa,anaké Zérubabèl,+anaké Syéaltièl,+anaké Nèri, 28  anaké Mèlkhi,anaké Adi,anaké Kosam,anaké Èlmadam,anaké Èr, 29  anaké Yésus,anaké Èlièzèr,anaké Yorim,anaké Mattat,anaké Lèwi, 30  anaké Siméon,anaké Yudas,anaké Yusuf,anaké Yonam,anaké Èliakim, 31  anaké Méléa,anaké Ména,anaké Matata,anaké Natan,+anaké Daud,+ 32  anaké Isai,+anaké Obèd,+anaké Boaz,+anaké Salmon,+anaké Nahsyon,+ 33  anaké Aminadab,anaké Arni,anaké Hézron,anaké Pèrèz,+anaké Yéhuda,+ 34  anaké Yakub,+anaké Ishak,+anaké Abraham,+anaké Térah,+anaké Nahor,+ 35  anaké Sérug,+anaké Réu,+anaké Pèlèg,+anaké Èbèr,+anaké Syéla,+ 36  anaké Kainan,anaké Arpakhsyad,+anaké Sèm,+anaké Nuh,+anaké Lamèkh,+ 37  anaké Métusélah,+anaké Hénokh,anaké Yarèd,+anaké Mahalaléèl,+anaké Kainan,+ 38  anaké Énos,+anaké Sèt,+anaké Adam,+anaké Gusti Allah.

Katrangan Tambahan

Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tetrark”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”Bapakku kan Abraham”.
Utawa ”njaluk”.
Utawa ”meksa wong liya bèn mènèhi dhuwit”.