Injil Yohanes 8:12-59

  • Bapak mènèhi kesaksian soal Yésus (12-30)

    • Yésus kuwi ”cahaya sing madhangi donya” (12)

  • Anak-anaké Abraham (31-41)

    • ”Apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé” (32)

  • Anak-anaké Iblis (42-47)

  • Yésus lan Abraham (48-59)

8  12  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi manèh, ”Aku iki cahaya sing madhangi donya.+ Sapa waé sing ngetutké aku ora bakal mlaku ing petengan, ning bakal nduwé cahaya+ sing isa nuntun ing urip.” 13  Wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Kowé kuwi mènèhi kesaksian soal kowé dhéwé. Kesaksianmu kuwi ora bener.” 14  Yésus njawab, ”Senajan aku mènèhi kesaksian soal aku dhéwé, kesaksianku kuwi bener merga aku ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga ing endi.+ Ning, kowé ora ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga ing endi. 15  Kowé ngadili wong mung manut apa sing kétok saka njabané waé.+ Ning, aku ora ngadili sapa-sapa. 16  Nèk misalé aku ngadili wong, aku bakal adil wektu ngadili. Aku ora ngadili dhéwé, ning bareng karo Bapak sing ngutus aku.+ 17  Apa manèh Taurat ya kandha, ’Kesaksian kuwi bener nèk ana wong loro sing mènèhi kesaksian.’+ 18  Sing mènèhi kesaksian soal aku kuwi ora mung aku thok, ning ya Bapak sing ngutus aku.”+ 19  Terus, wong-wong kuwi ngomong, ”Bapakmu ing endi?” Yésus njawab, ”Kowé ora kenal karo aku utawa Bapakku.+ Nèk kowé kenal karo aku, kowé ya mesthi kenal karo Bapakku.”+ 20  Yésus ngomongké kuwi pas dhèwèké mulang ing bait, ing cedhak kothak sumbangan.+ Ning, ora ana wong sing nangkep dhèwèké merga mémang durung wektuné.+ 21  Terus, Yésus ngomong manèh karo wong-wong kuwi, ”Aku arep lunga, lan kowé bakal nggolèki aku. Ning, dosamu bakal mbok gawa nganti kowé mati.+ Kowé ora bakal isa marani aku ing panggonan sing arep tak parani.”+ 22  Terus, wong Yahudi ngomong, ”Apa dhèwèké arep bunuh diri, kok dhèwèké kandha, ’Kowé ora bakal isa marani aku ing panggonan sing arep tak parani’?” 23  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé saka bumi, ning aku saka swarga.+ Kowé saka donya iki, ning aku dudu saka donya iki. 24  Kuwi sebabé aku ngandhani kowé nèk dosamu bakal mbok gawa nganti kowé mati. Kowé ora percaya nèk aku iki wong sing bakal teka, mula dosamu bakal mbok gawa nganti kowé mati.” 25  Terus, wong-wong kuwi nakoni Yésus, ”Kowé kuwi sapa?” Yésus njawab, ”Ngomong karo kowé kuwi pancèn ora ana gunané. 26  Ana akèh sing kudu tak omongké soal kowé, lan ana akèh perkara sing kudu tak adili. Saktenané, apa sing tak omongké kuwi asalé saka omongané Dhèwèké sing ngutus aku ing donya, lan omongané Dhèwèké kuwi mesthi bener.”+ 27  Wong-wong kuwi ora paham nèk Yésus lagi ngomongké soal Bapak. 28  Terus Yésus kandha, ”Sakwisé kowé ngangkat Anaké manungsa,+ kowé bakal ngerti nèk aku iki wongé.+ Kowé ya bakal ngerti nèk aku ora nindakké apa-apa nurut karepku dhéwé.+ Ning, sing tak omongké kuwi apa sing diwulangké Bapak marang aku. 29  Dhèwèké sing ngutus aku kuwi saklawasé karo aku. Dhèwèké ora tau ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké kabèh sing nggawé Dhèwèké seneng.”+ 30  Sakwisé Yésus ngomongké soal kuwi, akèh wong dadi percaya karo dhèwèké. 31  Terus, Yésus ngomong karo wong Yahudi sing wis percaya karo dhèwèké, ”Nèk kowé terus percaya karo wulanganku, kowé kuwi bener-bener muridku. 32  Kowé ya bakal ngerti apa sing bener,+ lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.”+ 33  Terus, ana wong-wong sing ngomong, ”Kok isa kowé ngomong nèk aku bakal dibébaské? Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa.” 34  Yésus njawab, ”Percayaa, saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa.+ 35  Sakliyané kuwi, budhak ora manggon saklawasé ing omahé majikané. Ning, sing tetep manggon saklawasé ing kono kuwi anaké majikané. 36  Dadi nèk Anaké Gusti Allah mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas. 37  Aku ngerti nèk kowé keturunané Abraham. Ning kowé péngin matèni aku, merga kowé ora nampa wulanganku. 38  Aku ngomongké perkara-perkara sing tak delok wektu aku bareng karo Bapakku,+ ning kowé nindakké perkara-perkara sing mbok rungokké saka bapakmu.” 39  Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku kuwi Abraham.” Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nèk kowé anak-anaké Abraham,+ kuduné tumindakmu padha karo tumindaké Abraham. 40  Aku wis ngandhani kowé apa sing bener sing tak rungokké saka Gusti Allah,+ ning kowé malah arep matèni aku. Abraham ora tau nindakké sing kaya ngono. 41  Kowé nindakké apa sing ditindakké bapakmu.” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku dudu anak sing lair merga hubungan sèks sing ora pantes.* Bapakku mung siji, yaiku Gusti Allah.” 42  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nèk Gusti Allah kuwi Bapakmu, kowé bakal nresnani aku.+ Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, ning merga Dhèwèké sing ngutus aku.+ 43  Kowé ora paham apa sing tak omongké iki, merga kowé ora gelem nampa wulanganku. 44  Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu.+ Dhèwèké kuwi tukang matèni kèt dhèwèké mulai mbrontak.+ Dhèwèké ya nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné. Nèk dhèwèké ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi.+ 45  Ning, aku ngandhani kowé apa sing bener, lan merga kuwi kowé ora percaya karo aku. 46  Sapa ing antaramu sing isa mbuktèkké nèk aku dosa? Nèk aku ngomongké apa sing bener, lha ngapa kok kowé ora percaya karo aku? 47  Anak-anaké Gusti Allah ngrungokké omongané Gusti Allah.+ Ning kowé ora ngrungokké, merga kowé dudu anak-anaké Gusti Allah.”+ 48  Wong Yahudi njawab, ”Bener ta omonganku nèk kowé kuwi wong Samaria+ lan kesurupan roh jahat.”+ 49  Yésus njawab, ”Aku ora kesurupan. Aku ngluhurké Bapakku, ning kowé ngrèmèhké aku. 50  Aku ora nggolèk kemuliaan kanggo aku dhéwé.+ Ning Gusti Allah péngin bèn aku dimulyakké, lan Dhèwèké kuwi hakimé. 51  Percayaa, wong sing manut karo wulanganku ora bakal mati.”+ 52  Wong Yahudi kuwi ngomong karo Yésus, ”Saiki aku yakin nèk kowé kuwi bener-bener kesurupan. Abraham lan para nabi kan wis mati. Ning, kowé kandha, ’Wong sing manut karo wulanganku ora bakal mati.’ 53  Apa kowé kuwi luwih hébat timbang bapakku Abraham, sing wis mati? Para nabi ya wis mati. Rumangsamu kowé kuwi sapa?” 54  Yésus njawab, ”Nèk sing tak mulyakké kuwi aku dhéwé, kemuliaanku kuwi ora ana gunané. Ning, sing mulyakké aku kuwi Bapakku,+ yaiku sing mbok sebut Gusti Allahmu. 55  Kowé ora kenal Dhèwèké,+ ning aku kenal.+ Nèk aku ngomong ora kenal karo Dhèwèké, aku bakal dadi tukang ngapusi kaya kowé. Aku kenal tenan karo Dhèwèké lan manut karo omongané. 56  Bapakmu Abraham ngarep-arep dinané pas aku teka. Dhèwèké mbayangké* kuwi lan seneng banget.”+ 57  Wong Yahudi kandha marang Yésus, ”Umurmu waé durung nganti 50. Kok isa kowé ngaku-ngaku tau ndelok Abraham?” 58  Yésus njawab, ”Percayaa, sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.”+ 59  Mula, wong-wong kuwi njupuk watu kanggo mbandhemi* Yésus. Ning, Yésus ndhelik lan metu saka bait.

Katrangan Tambahan

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ndelok”.
Utawa ”mbalangi”.