Kolose 1:1-29

  • Salam (1, 2)

  • Ngucap syukur merga imané wong Kolose (3-8)

  • Ndonga bèn wong Kolose isa nyenengké Gusti Allah (9-12)

  • Sing ditindakké Kristus kuwi penting (13-23)

  • Paulus ngupaya tenanan kanggo jemaat (24-29)

1  Surat saka Paulus lan Timotius+ seduluré awaké dhéwé. Aku, Paulus, dipilih dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah.  Surat iki kanggo wong-wong suci sing ana ing Kolose, yaiku murid-muridé Kristus sing setya. Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.  Wektu ndongakké kowé, aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.  Kuwi merga aku krungu nèk kowé nduwé iman marang Kristus Yésus lan nresnani kabèh wong suci.  Kowé kaya ngono merga kowé ngentèni berkah sing wis disiapké kanggo kowé ing swarga.+ Wektu kowé krungu ajaran sing bener, yaiku kabar apik, kowé dadi ngerti soal berkah kuwi.  Kabar apik kuwi hasilé saya akèh lan nyebar ing kabèh panggonan ing bumi iki,+ termasuk ing antaramu kèt kowé krungu lan ngerti soal sifaté Gusti Allah sing apikan banget.  Kowé sinau soal kuwi saka Épafras,+ sedulur sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi wakilku sing setya ngabdi dadi budhaké Kristus.  Dhèwèké ya ngandhani aku soal katresnanmu sing dihasilké liwat roh suci.  Kuwi sebabé kèt aku krungu soal kuwi, aku ora mandheg ndongakké kowé+ bèn kowé nduwé pengetahuan sing bener soal karepé Gusti Allah,+ nduwé kawicaksanan,* lan nampa pemahaman saka roh suci.+ 10  Aku ndonga bèn tumindakmu apik kaya sing kuduné ditindakké karo wong sing ngabdi marang Yéhuwah.* Dadi, kowé isa bener-bener nyenengké Dhèwèké, merga kowé nindakké apa sing apik lan nduwé saya akèh pengetahuan sing bener soal Gusti Allah.+ 11  Aku ya ndonga bèn Gusti Allah nggunakké kekuwatané sing mulya kanggo nguwatké kowé.+ Dadi, kowé isa terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé. 12  Kowé kudu ngucap syukur marang Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, merga Dhèwèké wis nyiapké kowé bèn isa nampa warisan sing wis dijanjèkké marang wong-wong suci+ sing ana ing panggonan sing padhang. 13  Dhèwèké wis nggawa awaké dhéwé saka panggonan sing peteng+ lan nuntun awaké dhéwé menyang kerajaané Anaké sing ditresnani. 14  Anaké kuwi wis mbébaské awaké dhéwé nganggo tebusan. Kuwi berarti dosané awaké dhéwé wis diapura.+ 15  Dhèwèké nduwé sifat-sifat sing padha karo Gusti Allah sing ora kétok,+ lan dhèwèké kuwi ciptaan sing pertama.*+ 16  Kabèh diciptakké liwat dhèwèké, embuh kuwi sing ana ing swarga lan ing bumi, sing kétok lan sing ora kétok,+ raja, pemimpin, pamréntah, lan penguasa. Kabèh diciptakké liwat dhèwèké+ lan kanggo dhèwèké. 17  Dhèwèké wis ana sakdurungé sing liyané ana,+ lan liwat dhèwèké kabèh dadi ana. 18  Dhèwèké kuwi kepalané badan, yaiku jemaat.+ Dhèwèké kuwi sing dadi permulaan lan sing pertama kali diuripké manèh saka antarané wong mati.+ Dhèwèké mesthi dadi sing pertama. 19  Gusti Allah péngin dhèwèké nduwé kabèh sifaté Gusti Allah.+ 20  Sakliyané kuwi, Gusti Allah péngin bèn kabèh sing ana ing bumi lan ing swarga+ dadi rukun manèh karo Dhèwèké merga getihé Kristus+ sing wis diecurké ing cagak hukuman.* 21  Mbiyèn, kowé adoh saka Gusti Allah lan dadi mungsuhé, merga kowé mikirké apa sing jahat. 22  Ning, saiki kowé wis dirukunké liwat kematiané Anaké sing wis ngorbanké badané. Dadi, Gusti Allah bakal nganggep kowé suci, ora salah, lan bébas saka tudhuhan.+ 23  Ning, kowé kudu tetep nduwé iman,+ tetep kuwat+ ing ndhuwuré pondhasi,+ lan tetep fokus karo harapan saka kabar apik sing wis mbok rungokké. Kabar apik kuwi wis diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit.+ Aku, Paulus, dadi abdi sing martakké kabar apik kuwi.+ 24  Aku bahagia senajan aku ngalami kesengsaraan demi kowé kabèh.+ Merga aku anggota badané Kristus, aku ngrasa nèk aku isih kudu terus ngalami kesengsaraan. Badané Kristus, yaiku jemaat,+ bakal éntuk manfaat merga kesengsaraanku iki.+ 25  Aku dadi abdi kanggo jemaat iki sesuai karo tugas sing diwènèhké+ Gusti Allah marang aku demi kepentinganmu. Aku saktulusé ati martakké omongané Gusti Allah, 26  yaiku rahasia suci saka Gusti Allah.+ Donya iki lan wong sing urip ing jaman* mbiyèn+ ora ngerti soal rahasia iki. Ning saiki, rahasia kuwi wis diduduhké marang wong-wong suci.+ 27  Gusti Allah seneng nduduhké rahasia suci sing luar biasa+ kuwi marang wong-wong suci saka antarané bangsa-bangsa. Rahasia suci kuwi yaiku Kristus bersatu karo kowé, lan kuwi artiné kowé nduwé harapan kanggo dimulyakké bareng dhèwèké.+ 28  Awaké dhéwé martakké soal dhèwèké. Awaké dhéwé ngélikké lan mulang saben wong nganggo kawicaksanan sing gedhé bèn awaké dhéwé isa nggawé saben wong sing bersatu karo Kristus dadi wong sing imané kuwat*+ ing ngarepé Gusti Allah. 29  Merga tujuan kuwi, aku nyambut gawé tenanan. Aku ngupaya tenanan nggunakké kekuwatan sing diwènèhké Gusti Allah marang aku.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”anak pertama saka kabèh ciptaan”.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sing déwasa”.