Injil Matius 2:1-23

  • Ditekani para ahli ilmu bintang (1-12)

  • Lunga menyang Mesir (13-15)

  • Hérodès matèni bocah-bocah lanang (16-18)

  • Bali menyang Nazarèt (19-23)

2  Yésus lair ing Bètlehèm+ ing Yudéa wektu Hérodès*+ dadi raja. Terus, ana para ahli ilmu bintang saka Wétan teka ing Yérusalèm.  Wong-wong kuwi takon, ”Ing endi bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi?+ Pas isih ana ing Wétan, aku ndelok bintangé. Saiki, aku mréné arep sujud marang dhèwèké.”  Wektu krungu soal iki, Raja Hérodès lan kabèh wong ing Yérusalèm dadi kuwatir banget.  Bar kuwi, Raja Hérodès ngumpulké para imam kepala lan para ahli Taurat, terus takon ing endi Kristus* bakal lair.  Para imam kepala lan para ahli Taurat kuwi njawab, ”Ing Bètlehèm+ ing Yudéa, merga ana nabi sing nulis,  ’Bètlehèm ing Yéhuda, kowé kuwi dudu kutha sing ora penting kanggoné para penguasa Yéhuda, merga saka kowé bakal ana wong sing dadi penguasa sing bakal angon umat-Ku Israèl.’”+  Terus, Hérodès meneng-meneng ngundang* para ahli ilmu bintang kuwi lan takon kapan persisé bintang kuwi metu.  Wektu ngongkon wong-wong kuwi lunga ing Bètlehèm, Hérodès kandha, ”Golèkana bocah kuwi nganti ketemu. Nèk wis ketemu, kandhanana aku bèn aku isa mrana lan sujud marang dhèwèké.”  Sakwisé krungu préntahé Raja, wong-wong kuwi mangkat. Bintang sing didelok wong-wong kuwi pas ing Wétan+ saiki ndhisiki lan mandheg ing ndhuwur panggonané bocah kuwi. 10  Wong-wong kuwi seneng banget pas weruh bintang kuwi mandheg. 11  Wektu mlebu ing omah kuwi, para ahli ilmu bintang ndelok bocah cilik kuwi karo ibuné, yaiku Maria. Bar kuwi, wong-wong kuwi mbungkuk lan sujud, terus mbukak kothak hartané lan mènèhi Yésus hadiah-hadiah, yaiku emas, menyan, lan mur.* 12  Ning, Gusti Allah mènèhi tuntunan liwat mimpi+ bèn wong-wong kuwi ora nemoni Hérodès manèh. Mula, wong-wong kuwi mulih ing negarané liwat dalan liya. 13  Sakwisé wong-wong kuwi lunga, malaékaté Yéhuwah* nemoni Yusuf liwat mimpi+ lan kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné, terus lungaa ing Mesir. Manggona ing kana nganti aku ngongkon kowé bali, merga Hérodès bakal nggolèki bocah kuwi bèn bocah kuwi isa dipatèni.” 14  Mula bengi kuwi, Yusuf langsung tangi, terus nggawa bocah kuwi lan ibuné lunga ing Mesir. 15  Dhèwèké manggon ing Mesir nganti Hérodès mati. Mula, omongané Yéhuwah* sing disampèkké liwat nabiné kelakon, yaiku, ”Saka Mesir Aku ngundang* anak-Ku.”+ 16  Terus, wektu Hérodès ngerti nèk wis diapusi karo para ahli ilmu bintang mau, dhèwèké dadi nesu banget. Bar kuwi, dhèwèké ngongkon supaya kabèh bocah lanang ing Bètlehèm lan ing dhaérah sakiwa-tengené dipatèni, yaiku sing umuré rong taun mengisor. Kuwi ditindakké sesuai karo keterangan saka para ahli ilmu bintang soal kapan bintang kuwi metu.+ 17  Mula, apa sing wis diomongké liwat Nabi Yérémia kelakon, yaiku, 18  ”Ing Rama, ana swara ratapan lan tangisan. Rakhèl+ nangisi anak-anaké, lan dhèwèké ora gelem dihibur merga anak-anaké wis ora ana.”+ 19  Sakwisé Hérodès mati, malaékaté Yéhuwah* ngandhani Yusuf liwat mimpi.+ Wektu kuwi, Yusuf ana ing Mesir. 20  Malaékat kuwi kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné ing Israèl, merga wong-wong sing arep matèni bocah kuwi wis mati.” 21  Yusuf tangi, terus dhèwèké nggawa bocah kuwi lan ibuné ing Israèl. 22  Arkhélaus mréntah dadi raja ing Yudéa nggantèni Hérodès bapaké. Mula, Yusuf wedi mrana. Apa manèh, Gusti Allah wis ngandhani Yusuf liwat mimpi+ supaya aja mrana, mula dhèwèké lunga ing dhaérah Galiléa.+ 23  Akhiré, Yusuf tekan ing kutha sing jenengé Nazarèt+ lan manggon ing kono supaya apa sing wis diomongké liwat para nabi kelakon, yaiku, ”Dhèwèké bakal disebut wong Nazarèt.”*+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Mésias; Sing Dipilih”.
Utawa ”nyeluk”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. A5.
Kata sing diterjemahké dadi ”wong Nazarèt” mungkin asalé saka kata Ibrani ”tunas”.