Wulang Bebasan 20:1-30

  • Ngombé anggur marahi seneng ngécé (1)

  • Wong kesèd ora mbajak wektu musim dingin (4)

  • Pikirané manungsa kaya banyu sing jero (5)

  • Aja kesusu nggawé janji (25)

  • Sing dibanggakké cah enom kuwi kekuwatané (29)

20  Wong sing kakèhan ngombé anggur dadi seneng ngécé,+ lan wong sing kakèhan ngombé alkohol dadi tumindak sak karepé dhéwé.+ Wong sing tumindak salah merga ngombé kuwi mau ora wicaksana.+   Kaya singa* sing nggero-nggero, raja nggawé rakyaté dadi wedi banget.+ Wong sing nggawé raja nesu nyilakani dhèwèké dhéwé.+   Wong sing ora gelem kepancing padu kuwi pantes dihormati,+Tapi wong sing bodho gampang kepancing padu.+   Wektu musim dingin, wong sing kesèd ora gelem mbajak. Mula pas musim panèn, dhèwèké ngemis merga ora nduwé apa-apa.*+   Rancangan* sing ana ing atiné manungsa kuwi kaya banyu sing jero,Ning wong sing nduwé pemahaman isa nimba kuwi.   Akèh wong ngaku nèk nduwé katresnan,*Ning, angèl banget nemokké wong sing setya.   Wong sing bener kuwi tetep setya.+ Anak putuné bakal bahagia.+   Wektu raja lungguh ing takhtané kanggo ngadili wong,+Dhèwèké nliti tenanan bèn isa nyingkirké kabèh kejahatan.+   Sapa sing isa kandha, ”Aku wis ngresiki atiku.+ Aku ora dosa manèh.”+ 10  Yéhuwah sengit karo wong sing nggunakkéTimbangan lan takeran sing ukurané ora bener.+ 11  Saka tumindaké saben dina,Isa kétok apa kelakuané bocah sing isih cilik* kuwi bener lan murni.+ 12  Yéhuwah nyiptakké kuping kanggo ngrungokkéLan mripat kanggo ndelok.+ 13  Aja turu terus, bèn kowé ora dadi mlarat.+ Tangia bèn kowé nduwé akèh panganan.+ 14  Wong sing tuku kandha, ”Iki ora apik. Iki ora apik.” Tapi bar kuwi dhèwèké lunga lan nyombongké dhiri.+ 15  Ana emas lan akèh banget watu sing berharga saka laut,Ning wong sing omongané wicaksana luwih berharga saka kuwi.+ 16  Wong sing mènèhi jaminan kanggo wong sing ora dikenal kudu mbok jupuk klambiné.+ Rebuten jaminan sing diwènèhké marang wong wédok sing bejat.*+ 17  Roti hasil ngapusi kuwi énak rasané,Ning bar kuwi, cangkemé kebak krikil.+ 18  Rencana* bakal berhasil nèk dirembug dhisik,+Lan wektu perang, kowé kudu manut karo petunjuké wong sing trampil.*+ 19  Wong sing seneng mitnah mbongkar rahasiané wong liya.+ Aja bergaul karo wong sing seneng nggosip.* 20  Wong sing ngutuki bapak lan ibuné,Lampuné bakal dipatèni pas petengan.+ 21  Wong sing srakah awalé éntuk warisan,Tapi akhiré ora diberkahi.+ 22  Aja kandha, ”Aku bakal mbales kejahatan.”+ Kowé kudu berharap marang Yéhuwah,+ lan Dhèwèké bakal nulungi kowé.+ 23  Yéhuwah sengit karo wong sing nggunakké timbangan sing ukurané ora bener,*Lan timbangan sing ukurané ora pas kuwi ora apik. 24  Yéhuwah nuntun uripé manungsa.+ Apa manungsa isa ngerti sing kudu ditindakké?* 25  Nèk wong kesusu nggawé janji marang Gusti Allah,+Terus bar kuwi lagi mikirké janjiné mau, dhèwèké bakal cilaka.+ 26  Raja sing wicaksana bakal nyingkirké wong jahat,+Kaya nglindhes biji-bijian bèn pisah saka kulité.+ 27  Perasaané manungsa sing diomongké* kuwi kaya lampu saka Yéhuwah,Sing isa nduduhké apa sing ana ing njero atiné. 28  Raja sing setya lan nduduhké katresnan* bakal dilindhungi.+ Dhèwèké bakal terus dadi raja nèk nduwé katresnan.*+ 29  Sing dibanggakké cah enom kuwi kekuwatané,+Lan sing nggawé wong tuwa diajèni kuwi uwané.+ 30  Hukuman* nggawé awaké dhéwé ora nindakké sing jahat manèh,+Lan dhidhikan* nggawé atiné awaké dhéwé resik saka niat sing jahat.

Katrangan Tambahan

Utawa ”singa enom sing rambuté dawa”.
Utawa mungkin ”Pas musim panèn dhèwèké nggolèki tapi ora éntuk apa-apa”.
Utawa ”Niat”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”.
Utawa ”bocah lanang”.
Utawa ”asing”.
Utawa ”Rancangan”.
Utawa ”tuntunan sing wicaksana”.
Utawa ”sing ngojok-ojoki wong liya nganggo lambéné”.
Utawa ”loro bandhul timbangan sing béda”.
Utawa ”ngerti kudu lunga ing endi”.
Lit.: ”Napasé manungsa”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Memar lan luka”.
Lit.: ”gebugan”.