Injil Matius 28:1-20

  • Yésus diuripké manèh (1-10)

  • Prajurit dibayar kanggo ngapusi (11-15)

  • Préntah kanggo ndadèkké murid (16-20)

28  Sakwisé dina Sabat, ing dina pertama minggu kuwi, Maria Magdaléna lan Maria liyané mara ing kuburané Yésus pas isih ésuk banget.+  Sakdurungé, ana gempa gedhé merga malaékaté Yéhuwah* mudhun saka swarga lan teka ing kuburan kuwi. Malaékat kuwi ngglundhungké watu sing nutupi kuburan lan lungguh ing ndhuwuré watu kuwi.+  Malaékat kuwi bersinar kaya kilat lan klambiné putih kaya salju.+  Saking wediné, wong-wong sing njaga kuburané Yésus nganti ora isa obah.  Malaékat kuwi kandha karo wong-wong wédok mau, ”Aja wedi. Aku ngerti nèk kowé lagi nggolèki Yésus sing dipatèni ing cagak.+  Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh, kaya sing wis tau dhèwèké omongké.+ Mrénéa, deloken panggonan sing dienggo ndèlèhké mayaté.  Mula cepet lungaa, lan kandhanana murid-muridé nèk dhèwèké wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Saiki dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé menyang Galiléa.+ Kowé bakal ketemu karo dhèwèké ing kana. Élinga karo sing tak omongké iki.”+  Terus, wong-wong wédok kuwi cepet-cepet lunga saka kuburan kuwi karo ngrasa wedi campur seneng. Wong-wong wédok kuwi mlayu péngin ndang ngandhani murid-muridé Yésus.+  Ujug-ujug, Yésus nemoni wong-wong wédok kuwi lan ngucapké salam. Terus, wong-wong wédok kuwi nyedhak lan sujud ing sikilé Yésus. 10  Yésus ngomong karo wong-wong wédok kuwi, ”Aja wedi. Kana ndang kandhanana sedulur-sedulurku bèn lunga menyang Galiléa. Ing kana, wong-wong kuwi bakal ketemu aku.” 11  Pas wong-wong wédok kuwi isih ing perjalanan, ana penjaga+ sing mlebu kutha lan nglaporké kabèh mau marang para imam kepala. 12  Para imam kepala ngumpul lan rembugan karo para pemimpin.* Terus, wong-wong kuwi mènèhi dhuwit pérak sing akèh marang para prajurit. 13  Para prajurit kuwi dikandhani, ”Ngomonga ngéné karo wong-wong, ’Bengi-bengi pas aku lan kanca-kancaku lagi turu, murid-muridé teka lan nyolong mayaté.’+ 14  Kowé ora usah kuwatir nèk nganti gubernur krungu soal iki. Mengko aku sing ngomong karo dhèwèké.”* 15  Terus, para prajurit kuwi nampa dhuwit pérak mau lan nindakké préntahé para imam lan para pemimpin.* Mula, crita kuwi kesebar ing antarané wong Yahudi nganti saiki. 16  Wektu kuwi, muridé Yésus 11 arep ketemu+ karo Yésus ing Galiléa,+ ing gunung sing wis ditentokké Yésus. 17  Pas ndelok Yésus, murid-murid sujud. Ning, ana sing ragu-ragu. 18  Yésus nyedhak lan ngomong karo murid-muridé, ”Gusti Allah wis mènèhké kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi marang aku.+ 19  Mula lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.+ Baptisen wong-wong kuwi+ nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci. 20  Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé.+ Élinga nèk aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.”*+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”sing ngojok-ojoki dhèwèké”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.